Modul pembelajaran Bahasa Jawa SMK klas X semester 1 (dhonlud)
Selengkapnya - dhonlud
Minggu, 19 April 2009Sabtu, 18 April 2009Pak ReboJenenge Pak Rebo, uripe ana ing desa, pegawean saben dinane nggarap sawah lan pategalan. Dheweke pancen rada aneh, yaiku yen weruh uler wedine ora mekakat, ngungkuli weruh gendruwo, patuta ngono nganti semaput.
Selengkapnya - Pak Rebo
Sore iku Pak Rebo lagi leyeh-leyeh ana lincak karo udud lintingan klepas-klepus, ngiras nglerenake awake sawise sedina muput macul ing sawah. Tanggane sing omahe wetan kali mara lan undang-undang akon mara mengko bengi saperlu kenduren nylameti selapanan anake. Temenan, bubar isak Pak Rebo budhal nekani undhangane tanggane. Tekan ngenggon wis akeh tangga-tangga sing padha ngepung ambengan. Sawise Pak Modin rampung olehe ngujubake banjur padha didumi godhong kanggo wadhah sega salawuhe. Pak Rebo agahan tandang cak-cek njerengi godhong tanpa nganggo ewuh pakewuh. Dumadakan Pak Rebo weruh ing godhong ana ulere nglenggirik mulat-mulet. Marga saka gila lan wedine, Pak Rebo agahan menyat karo mbuwang godhong sing ana tangane. Banjur lumayu sipat kuping tanpa eling nrajang metu tengah-tengah kepungan. Ambeng sarta lawuhe bubar ora karuan, pating bececer morak-marik, sikil loro gluprut sega. Tekan ngomah napase krenggosan, praupane pucet. Kanca-kancane sidane mulih nglenthung ora sida nggawa panganan. Padha nguman-uman tingkahe Pak Rebo mau, malah ana sing ngarani yen Pak Rebo iku duwe lara edan taunan. Nanging uga ana pawongan kang mudheng marang lagehane Pak Rebo, banjur aweh tutur yen Pak Rebo iku pancen keladuk gila yen weruh uler. Wong-wong banjur padha ngapura marang tingkahe Pak Rebo, nanging uga ana sing batine ngancam bakal males ukum. Let sawatara dina Pak Rebo dijaluki tulung tanggane dikon mrithili kacang brol, kalebu Pak Sura, wong kang duwe niyat ngancam ala marang Pak Rebo, amarga prakara kenduren wingenane. Pak Rebo sengkud olehe nyambutgawe, nyenengake sing njaluk tulung. Tandange cekat-ceket sarta ora wigah-wigih, prelune supaya enggal rampung gawehane. Mulane sadhela bae tenggok kang diadhep wus kebak. Pak Rebo nuli calathu, "Aku wis oleh satenggok," tangane karo ngacung nudingi kancane lunggoh, sing jenenge Pak Sura. Atine Pak Sura panas, isin, batine tansah ngontog-ontog, amarga nyambutgawene kalah karo Pak Rebo. Pak Sura anggone mrithili kacang karo lingak-linguk mbokmanawa ketemu uler, kewan kang banget diwedeni dening Pak Rebo. Dumadakan tangane Pak Sura andemek uler mak kenul, wusana mak ceg, uler agahan dicekel lan diuncalake menyang pangkone Pak Rebo. Pak Rebo anjumbul, kalawan ora emut tenggoke dijunjung lan dikabrukake sakayange ing sirahe Pak Sura. Pak Rebo nuli lumayu sipat kuping, anjumbul-jumbul, bengok-bengok ngundang sing wadon. "Hi, hi...kathok... kathokku...!" bola-bali mung mangkono iku kang diucapake. Mbok Rebo wis ngreti, enggal bae metu ngomah, ulere banjur jinupuk terus binuwang tiba adoh. Mbok Rebo amecucu, pleca-plecu alise nganti tepung, dene ana wong kang sembranane kepati-pati, ora tepa-tepa, gawe dolanan marang wong tuwa. Pak Rebo isih nyethuthuk, lambene biru kecu, rai katon pucet kaya wong mati, ambekane kempas-kempus, dene anake lanang weruh mung malompong. Genti critane Pak Sura. Sauwise sirahe dikabruk tenggok, dilus-elus amarga menyonyo karasa lara, isih katambah ditutuh lan disalahake dening wong akeh kang ana ing kono. Malah ana sing calathu, "Tujune sing digawa Pak Rebo mung tenggok, upama mau ngepasi nyekel arit, mesthi gundhulmu klakon adus getih, sida ana titir gobyog". Wis cuthel dongenge, coba bocah-bocah rasakena sajroning atimu, yen senengane ambebeda iku kadhangkala pungkasane ora becik, mula sing padha duwe duga prayoga. [R. Joko Lelono] Rêbutan PiandêlAna sawijining jago, awake katon gagah pidegsa, wulune gilap nyenengake sing nyawang, sikile pengkuh isih katambah jalu dawa-dawa nandhakake kasektene. Nanging jago mau duweni watak kang gumedhe, rumangsane wis kayadene kewan pinunjul sing ngerti samubarang rembug lan weruh sakehing pakewuh. Yen pinuju bangun esuk ajeg nyuwara beg beg beg kukuruyuk... beg beg beg kukuruyuk... duwe teges nggugah wong turu supaya padha enggal tangi, dipenging ngalepus turu, jeneng ora ilok, amarga wis wayahe wong tumandang nyambutgawe.
Selengkapnya - Rêbutan Piandêl
Anggepe jago mau, sapa bae ora kena nyundhul, rumasa yen dheweke iku sawijining kewan kang anggegirisi, kabeh kudu wedi menyang si jago. Watake kang kaya mangkono mau ndadekake kewan liyane padha mlorok, amarga ora seneng marang tingkah lan watake si jago. Kewan sing banget mesgul atine yakuwi si kucing. Awit ya si kucing kang saben dinane kumpul amarga padha-padha suwita dadi klangenaning bendara. Sajake si jago banget anggone anglelanangi, tingkahe tansah ngewak-ewakake dupeh lagi cinaket ing bendara. Kelakuwane si jago mau andadekake atine si kucing nepsu banget, ing njero batine tansah ngigit-igit marang si jago. Nuju ing wayah esuk kebeneran si kucing kepethuk si jago pinuju ana latar nalika lagi ngaring-aring awake. Kucing agahan mara kethumuk-kethumuk karo saradan ambekos. Jago weruh patrape kucing kang kaya mangkono mau banjur anjingkat mundur karo calathu : "Kewan ora weruh ngedur, teka-teka kok nincingake kuping, mengko tak thothol endhasmu pisan sida sambat embok-embok!" Kucing alon mangsuli, "Aku ora maido karo ucapmu, dhasare kowe pancen kewan kang kementhus, yen kowe wani nothol aku wo.. sida takbekuk gulumu klakon ceklek mangsa anjaluka banyu, iwakmu mopol digodhog." Kucing mbacutake rembuge, "Nanging jago, karepku gonku mrene kiyi ora niyat ngajak padu, mung yen dhangan atimu aku arep takon sathithik, genea kowe gumendhung, tur padha-padha dadi ingoning bendara." Jago mung manthuk-manthuk, diselani ngablakake swiwine lan kaluruk, wusana mangsuli, nanging ucape banget ngewakake ati: "Kowe kuwi kewan kang busuk dhapurmu, bisamu mung ngeyang-ngeyong, kowe rak iya weruh dhewe, gaweyanku beda karu buruh, rina wengi awakku mung dilelinthing bendara prelune arep diedu, nganggo toh kang ora sathithik, amarga kekuwatanku sepisan bae durung tau nguciwakake bendara, yen diedu mesthi menange. Dene yen bengi aku tungguk, ora kendhat aku tansah kluruk, kang ateges melek anyabawa bengi, tur saben wayah esuk aku mesthi anggugah wong turu banjur mubeng nganglangi kebon." Kucing ambekis seru," Calathumu mau mung supaya digugu, diarani kewan kang pinunjul, nanging lugune ucapmu mau kliru banget. Ngertia jago, uripmu iku mung dadi lakon, rugokna tak tutur supaya kowe aja kaduk olehe nglantur. Mungguhe kowe kuwi, dadi jago rumasa digegedhug lan dibotohi dening uwong, o, aku malah banget welas mesakake, kok cubluk lan bodho banget watekanmu kuwi, dadi kewan gampang diengkuk-engkuk, dikon tarung karo kerabatmu dhewe bangsa jago, menanga mung digeguyu tur labuhmu ora bakal katon. Bok ya nyawang wulumu nganti entek brundhul pating kalencir, brutumu nganti menthungul nglenga ketok meling-meling. Lelakonmu ngono mau, apa yen jeneng watak labuh awak dhewe nganti kaya gombal pating sranthil. Iku isih durung yen wis nemoni pantoging lelakon, titenana yen awakmu uwis ora kukuh, ora wurung dipasrahke pak kaum supaya ndongani gulumu, sreh gurih tur anyir mopol dagingmu... wong-wong banjur lap-lep kari ngemplok. Beda karo uripku, mung narima satibaning pandum, mula uwong menyang aku bange asih, tur aku bisa anjaga tikus sing dadi satruning uwong." Krungu ucape kucing, jago banget serik atine, banjur nyauri, "Jenenganmu bae kucing, yen kelimpe bendara mesthi metu watakmu sing tansah calimut. wirang isin rada adoh, mulane drajatmu tansah endhek trima ngambus-ambus. Urip kok mung trima dipyur-pyuri, mula atimu ora seneng weruh uripku kang katon mopyor kepenak." Kucing mangsuli. "Embuh, durung mesthi kowe apa aku sing uripe mung trima nenempil." Jago saya nepsu, kucing banjur dikabruk sakayange, kucing mbengok ngeoong... banjur mlayu Ananging rembug mau suwe-suwe dadi kasunyatan. Yakuwi bareng si jago umure tuwa, wulune brindhil, lan ora kuwat diedu. Sidane si jago dicekel lan digawa menyang omahe pak kaum, gulune dikon nyembeleh saperlu dinggo lawuh, awit wis ora ana gunane maneh yen diingu, tiwas ngentekake pakan. Kucing rumangsa unggul, pambadhene biyen klakon numusi temenan, nyata banget yen janma manungsa kuwi tegele ngluwihi, kucing kawetu unine, "pancen angel ngawula manungsa." Si kucing tansah nyekukruk, polatane katon ngantuk, mung irunge tansah mambu slenthang-slenthing, yaiku ambune ingkung jago sing iwake wis mopol. Ingkung ketok diusung lan diseleh ana dhuwur meja. Amarga wetenge ngelih, sanalika kucing banjur liru pikir, bareng kelimpe banjur mak clurut... cewel, ingkunge sida digondhol mlayu. Dilalah ana sing weruh, banjur ambengok," Ingkunge digondhol kucing...!" Si kucing banjur diuber-uber bendarane nganti dhengkelen, amarga saking anyele wusana si kucing dibedhil dhoor..., sanalika kucing amrekungkung gumlethak mati ngenggon. Wosing dongeng mau mangkene, mungguhing wong sing ngawula iku kadhangkala rebutan sih saka bendarane, nanging durung mesthi yen tulus, tinemune malah bisa kosok-balen, padha-padha nemu bilahi. [R. Joko Lelono] Jumat, 17 April 2009Kenya Rok BiruWis ana rong dina iki aku ana ing kutha Ngayojakarta, perlu jagong manten. Mantene mitraku tunggal jawatan, Raden Suparta, inspektur pulisi saka Muntilan, oleh Rara Tisnawati, putrane Raden Penewu Ranusuganda, ing kampung Tegalpanggung.
Selengkapnya - Kenya Rok Biru
Ketemuning manten diramekake nganggo nanggap wayang kulit. Tamune akeh, nganti tarube meh ora kamot. Apa maneh sing padha nonton, wah akehe ora karu-karuwan, nganti padhet, mblabar tekan dalan gedhe. Dhasar dhalange pancen wis kondhang apike, mula ora anggumunake banget yen nganti semono akehe sing padha nonton. Aku dhewe ya nganti ngebyar. Lungguhku ana sakburine kelir, dadi cetha menyang critane. Lakone Bagawan Mintaraga.Bareng wayang wis bubar aku nembe krasa ngantuk lan kesel, mulane aku banjur mlebu ing kamar pasedhiyanku, turu kepati. Jam telu awan aku nembe tangi, ya rumangsa katog banget. Benere dina iku aku arep terus mulih menyang Magelang, nanging banjur dicandhet dening man¬tene sekaliyan supaya bali bareng sesuk-esuk. Aku nuruti. Tekade wong enggonku nyuwun pamit isih rong dina maneh, dadi isih ana tempoku. Sorene mas Suparta serimbit pada merlokake sowan menyang daleme para pamiline sing putri, perlu pamitan, nanging aku ora melu, sengadi arep ana perlu liya lan arep nyatakake bengine Malioboro, kang jarene wis kondhang tekan endi-endi. Mula bareng mas Suparta sekaliyan wis tindak aku banjur dandan, terus lunga menyang Malioboro, ngiras-ngirus karo tuku bonekah kanggo ngoleh-olehi adhiku sing isih cilik dhewe, putrane pak cilik sing dak-pondhoki. Bareng wis oleh aku mbanjurake mlaku-mlaku, karo nyawang pasawangan kang rame. Mula nyata, Malioboro pancen rame banget, ing sadalan-dalan tansah kebak wong. Mengkono uga untabing tetunggangan, ora ana pedhote, ngalor-ngidul pating sliri pirang-pirang, motor, andhong, becak lan sepedha, wis ora kena dietung. Tujune peraturan lalu-lintas wis becik, mula arang ana kacilakan. Toko-toko padha katon padhet kebak wong sing lagi padha blanja, nganti ora kena dipiyak. Mangka ing wektu iku wis tanggal 13, teka ramene isih nganti kaya ngono, mendah yen pinuju tanggal nom, mangsane para kaum buruh padha gajihan, kaya ngapa ramene. Aku dhewe mung tansah sumlengeren weruh untabing wong sing kaya ngono mau. Sarehning niyatku mung butuh mlaku-mlaku, mula aku terus ngalor. Tekan tetegan sepur Tugu aku mandheg, awit kebener lagi ana sepur teka. Mengkono uga tetunggangan pada mandheg kabeh, dawane nganti ana 1 km. dhewe. Bareng teteg sepur wis dibukak aku nerusake lakuku ngalor terus. Niyatku arep tekan tugu, banjur bali, mampir Kedaulatan Rakyat arep nemoni mitraku mas Teguh sing dadi wartawan ana kono, yen ketemu. Nanging bareng lakuku tekan sangareping gedhong biyoskup ‘Ratih’ aku mandheg, awit aku gumun weruh untabing wong sing arep padha nonton biyoskup nganti semono akehe. Sangareping gedhong kebak, jejel riyel, apa maneh sangareping loket, sing unit karcis nganti dawa banget, banjur menggok bali maneh, nganti mujudake leter S. Ing bengi kuwi sing diputer film ‘Niagara’, sawijining karakter film role Joseph Cotten lan Marilyn Monroe, kang aksine pancen bisa gawe kepencuting sing nonton. Mula ora nggumunake yen untabing wong nganti semono akehe. Apa maneh bareng weruh gambar reklamene sing dipasang ana sanga¬reping lawang, mesthi akeh sing padha kepencut, awit gambare pancen rada ‘luar biasa’, mung kena kanggo umur 17 taun sapandhuwur. Aku dhewe, sing niyate mung arep mlaku-mlaku, bareng weruh kaya mengkono atiku teka banjur melu kesengsem, kepengin nonton. Mulane aku banjur menggok, arep golek karcis. Nanging kepriye enggonku bakal bisa oleh karcis, awit sing urut wis dawa banget. Mula niyatku yen ora oleh karcis ya arep trima nglenthung mulih, katimbang tuku karcis ana cathutan, kang regane wis tikel tekuk, tur nglanggar larangan pisan. Pancen ing wektu iku tukang cathut karcis akeh banget, pating sliwer ngalor-ngidul, ngetan-ngulon, karo nawakake karcise kanthi dhedhelikan kuwatir konangan pulisi. Ewadene meksa isih akeh sing gelem tuku, nganti tukang cathut karcis mau katon kendel, lan enggone ngundgakake regane sakepenake dgewe bae, ora trima mung mundgak, nanging malah tikel loro utawa telu saka reganing karcis sing resmi. Sarehning sesak lan ora ana pangarep-arepe enggonku bisa nonton, aku banjur ndeleng gambar reklamene kang dumunung ana etalage. Lagi enak-enak enggonku ndeleng, dumadakan pundhakku ana sing njawil. Bareng dak-toleh jebule mitraku lawas, mas Ngubaeni, kanca sekolah pulisi nalika ana Sukabumi, kang saiki wis dadi inspektur pulisi kaya aku, dheweke ana Bantul, aku ana Magelang. ‘Suwe ra jejamu, jamu maneh ngombe setrup. Suwe ra ketemu, temu maneh ana ngarep biskup. Arep mriksani apa, dhik As?’ pitakone mitraku karo ngepuk-ngepuk gegerku. ‘O … tibane mas Ngub. Sugeng, Mas?’ wangsulanku karo gumuyu. ‘Kuru-kuru, Dhik.’ ‘Kuru-kuru? Kurugan daging, ya?’ ‘Iya, dhik. Arep nonton apa piye?’ ‘He … eh niyate, yen oleh karcis.’ ‘E, yen ngono tiba begja kowe, dhik. Iki lho, aku duwe karcis.’ ‘Tenan apa piye, Mas? Apa karcise turah?’ ‘Yen turahe ngono ya ora, wong mung siji thil iki. Niyatku mau ya arep nonton, ning banjur dadakan ana susulan saka Bantul, aku dikon bali, awit ana perlu penting. Kebeneran banget aku bisa ketemu sliramu, Dhik.’ ‘O … ngono ta. Yen ngono begjaku.’ ‘Iya, dhik. Lha sliramu karo sapa?’ ‘Ijen bae kok, Mas.’ ‘Rak isih tetep ana Magelang ta, Dhik?’ ‘Isih, mas.’ ‘Yen ngono ayo mampir pisan, wong wis cedhak ngene, karo maneh mbakyumu ya wis kangen.’ ‘Matur nuwun, Mas, liya dina bae mengko dak-perlokake sowan mrana, wong iki mau aku mentas jagong manten je.’ ‘Sapa sing dadi manten, Dhik?’ ‘Mas Suparta, kanca inspektur saka Muntilan.’ ‘O, apa dhik Parta, bocah Kroya kae sing awake lemu ginuk-ginuk?’ ‘Iya bener, mas.’ ‘O ya sukur. Ya wis ya, dhik, aku selak kesusu. Galo wis dienteni jip ana dalan kae. Enya iki karcise.’ ‘Trima kasih, Mas. Enya iki ijole duwit karcis.’ ‘Wis ora susah, Dhik. Mung kaya ngono bae teka arep diganti, tur kaya karo sapa!’ ‘Ya matur kesuwun banget lho, Mas. Selamat berpisah, dan selamat bekerja.’ Mas Ngubaeni mung gumuyu, banjur terus lunga, marani jipe. Bareng aku wis nampani karcis, lan nomering kursi nomer 12, aku banjur mlebu ing gedhong biyoskup, kang wis kebak. Aku banjur milang-miling, nggoleki pernahing kursiku. Nanging sepira kagetku bareng weruh kursiku mau wis ana sing nglungguhi, lan kiwa-tengene wis kebak priyayi putri thok. Aku rada rikuh lan isin, awit mundhak dikira sing ora-ora. Ananging kepriye maneh, wong bab iki wis dadi aturane gedhong biyoskup kono: saben penonton oleh nomer kursi, perlune ora rebutan lan kanggo njaga tata-tentrem ing jero gedhong kono. Mulane aku banjur marani dununging kursiku mau, kang wis dilenggahi priyayi putri rada sepuh, kang saka pangiraku kleru enggone lenggah, awit sandhinge kursi nomer 13 kosong, lan kursi nomer 14 dilungguhi sawijining kenya rok biru kang rupane sulistya banget. Mak pyur panonku konang-konang bareng tempuk padha nyawange. Atiku trataban. Kanthi ngati-ati lan trapsila aku banjur pitakon karo priyayi putri mau mengkene: ‘Bu, mbokmenawi panjenengan klentu anggenipun lenggah, awit kursi punika, nomer 12, kursi kula.’ Priyayi putri mau rada kaget, banjur ngawasake aku. Kanti mesem banjur mangsuli mengkene: ‘O … inggih leres, Nak. Panjenengan boten klentu. Dados punika kursi panjenengan, ta? Yen ngaten keleresan. Tukar kemawon inggih, Nak, awit kula ajrih kaliyan nomering kursi kula punika, nomer 13. Rak kersa ta, Nak?’ ngendikane karo nudingi nomering kursi, nomer 13. Weruh kaya mengkono aku mesem. Geli atiku dene ana nomer bae teka diwedeni. ‘O … mekaten ta, Bu? Inggih kenging,’ wangsulanku karo sajak rikuh, awit weruh sing nglungguhi kursi nomer 14 mau putri, mula aku durung wani lungguh. Mbokmenawa priyayi mau ngerti batinku, tandhane banjur ngendika maneh: ‘Sampun rikah-rikuh, Nak. Lare estri punika anak kula piyambak. Mangga ta, enggal lenggah.’ Krungu wangsulan kang kaya mengkono aku saya gumun banget, awit ora ngira yen kenya rok biru mau putrane lan teka banjur tega temen, dene putrane mau kok ditegakake dikon lungguh jejer karo aku, wong sing durung nate diweruhi, mung jalaran merga saka wedi karo nomer 13 bae. Apa tumon? Atiku tambah saya ora kepenak, rikuh, ya dheg-dhegan, awit kenya rok biru mau banjur mbalang liring karo aku. Adhuh .. . eseme gawe kuwuring panonku, gawe tab-tabaning jiwaku. ‘Mangga ta, Nak, lenggah. Sampun nggalih pakewed,’ mengkono ngendi¬kane priyayi sepuh mau sepisan maneh bareng weruh aku isih ngadeg. ‘Inggih, Bu.’ Gelem ora gelem aku kepeksa banjur lungguh ing jejere kenya rok biru mau. Dadi enggonku lungguh mau diapit-apit ibu lan putrine. Lungguhku tansah ora bisa jenjem. Atiku tansah goreh bae, awit jiwaku tansah kagodha dening kasulistyane kenya rok biru mau, kang ayune pancen tanpa tandhing. Apa maneh bareng aku ketaman eseme kenya mau kang diincrit-incrit, adhuh … mati awakku. Awakku krasa lemes bules, dhadhaku geter terus, karo tumungkul. Ing sajroning aku tumungkul mripatku tansah nglirik, nyawang kenya mau, mula aku banjur ngerti cetha wela-wela menyang citrane kenya mau, kang ayune nyata mulus temenan, ora ana cacade. Dedeg-piadege pideksa, pawakane gilig wutuh, rada ramping tur singset. Pakulitane kuning nemu giring, rai bunder, ati-atine ngudhup turi, nylekenthik, alis njlirit ireng menges-menges. Mripate gilar-gilar, lindri-lindri, irung ngrungih amerit, lambe tipis ciyut angembang blimbing, maya-maya abang, kaya gambaran pinulas. Andheng-andhenge gedhe samrica, dumunung ana sacedhaking irung sisih kiwa, muwuhi pantese lan manise. Saya maneh yen pinuju mesem, bisa gawe gemes, sajak kaya nantang menyang sing lagi nyawang. Apa maneh bareng aku nglirik rerengganing dhadhane, kang ana gununge sakembaran, atiku saya gonjing miring, angles, imanku kaya ora kuwat. Adhuh … ! Kenya rok biru mau umur-umurane bangsaning 22 taunan. Kasulistyane kenya mau nyata gawe gonjinging jiwaku, dhadhaku tansah sirsiran ora leren-leren. Salawase aku urip, ya nembe sepisan ji iki, atiku ketaman ing rasa kang kaya mengkono mau. Atiku nandhang wuyung, nandhang brangta asmara. ‘Ah, apa iki dayaning nomer 13 kang nyata gawe apes, kaya pangandikane priyayi putri mau? Mula teka bener, akeh wong sing wedi karo nomer 13, awit jarene nomer sing siyal, sing apes. Apa aku iki ya bakal nemoni siyal? Kiraku teka bener, buktine aku banjur nandhang kasmaran kaya ngene iki. Gek omahe ngendi kenya iki, ya?’ mengkono gagasanku karo tumungkul. Mbokmenawa ora mung aku dhewe kang ketaman rasa kaya mengkono mau. Kenya rok biru sandhingku ya semono uga ayake, awit lungguhe uga banjur ora bisa jenjem lan sedhela-sedhela tansah katon ambekane kang munggah medhun, karo tansah nglirik aku, banjur tumungkul, sajak isin. Tujune bab iki ora ana sing weruh. Lan ora suwe biyoskup wiwit main. Ing jero gedhong malih dadi peteng. Sing katon mung soroting gambar kang tumuju menyang kelir. Wosing crita biyoskup mau anggambarake lelakone sawijining wong jejodhoan. Sing lanang banget tresnane karo sing wadon, kosok-baline sing wadon tresnane mung lamisan, dhemen laku sedheng karo wong liya. Kawusanane nuwuhake lelakon kang nyedhihake banget. Sing wadon nganti diprajaya dening sing lanang, lan sing lanang dhewe uga banjur mati nunggang prau, praune rusak, wusana banjur kagawa dening ilining banyu kang tekan grojogan Niagara kang jero banget. Nonah Marilyn Monroe sing dadi rol nyonyah Roos, bojone tuwan Loomis (Joseph Gotten), aksine pancen ‘boleh’ banget. Satindak-tanduke tansah digawe aksi, ya lakune, ya ‘tingkahe. Mula nganti akeh para penonton sing pada marem lan melu kesengsem. Nanging kosok-baline kenya rok biru sandhingku lungguh mau ora mengkono. Nalikane weruh aksine Marilyn Monroe mau malah banjur ora gelem ndelengake, sajak malah isin lan ewa, mratandhani yen kenya rok biru mau wanita sing luhur bebudene. Nalika weruh nyonyah Roos arep diprajaya sing lanang ana puncaking menara kang dhuwur banget cedhak grojogan Niagara, kenya rok biru mau ya ora mentala atine, ora tahan ndeleng lelakon kang gawe ngeresing ati. Saking wedi lan sedhihe nganti dheweke lali. Bareng-bareng karo gumlethaking awake nyonyah Roos sing wis mati jalaran diprajaya sing lanang dheweke terus nyekeli tanganku kenceng, sajak wedi, tangane krasa gumeter. Aku kaget weruh tanganku dicekeli kenceng. Mbok-menawa kagetku gawe elinge kenya iku, tandhane banjur uwal panyekele lan sajak isin, tumungkul. Lumering tangane kenya rok biru mau tansah nggrantes ing atiku, krasa alus, gawe getering awakku sekojur. Kedhering tangane krasa gumrining temenan, mahanani brangtaning jiwaku. Adhuh, kaniaya temen! Bareng jam sanga kliwat seprapat biyoskup wis bubar. Aku weruh cetha wela-wela yen rupane kenya rok biru mau dadi pucet banget, kaya wong mentas nandhang lara bae. Dheweke bola-bali tansah mandeng aku kang ana burine. Sarehning sing nonton akeh mula metune ya rekasa. Kanggone aku malah kebeneran banget, bisa nyawang saka buri kanthi mat banget. Apa maneh bareng metune ngrekasa aku jejer rapet karo dheweke, rasaning atiku saya les-lesan banget. Sinome mobat-mabit kena angin kitiran, rumangsaku kaya lagi awe-awe menyang jiwaku. Eman banget dene aku durung tepung. Rekane mono ya arep nepungake, nanging atiku sing ora wani, cangkem kaya kinunci. Satemah aku mung meneng bae, karo ngelus dhadhaku. Potonganing awake kang gilig ramping lan singset mau saya gawe kepencuting atiku. Adhuh … ana bocah ayu teka kaya ngono! Bareng tekan njaba wong loro mau terus mlaku bae. Batinku, tiwas kebeneran, awit nedya arep dak-etutake nganti tekan omahe. Mulane lakuku ya dak-rindhikake, kira-kira mung let limang meteran ngono. Kenya mau wangune ya ngerti yen lakune tansah dak-etutake, tandhane bola-bali banjur noleh, kang saya gawe kumepyuring jiwaku. Lakune wong loro mau terus ngidul. Bareng tekan sangareping hotel Garuda wong loro mau terus mlebu mrono. Mak jegagik aku mandheg, ora wani ngetutake maneh, kuwatir yen dikira arep nyembranani. Saiki aku nembe ngerti cetha yen kenya rok biru mau dudu wong Ngayoja. Genah wong saka manca, saka ngendi aku ora ngerti. Mung bae aku duwe pangira-ira yen wong mau wong Banyumas, awit nalika padha guneman tansah dak-rungokake, dhialeke cara Banyumasan. Nganti rada suwe enggonku ngadeg ana sangareping hotel kono. Atiku mandheg-mangu lan kuwur, awit jiwaku kaya-kaya tansah ngetutake lakune kenya rok biru kang mlebu menyang hotel. Benere aku arep ndeleng buku tamu, nanging bareng dak-rasa tindakku kurang patut, mula aku banjur trima mulih nglenthung, karo semplah atiku. Tekan Tegalpanggung aku terus mapan turu. Kebeneran mas Parta sekaliyan durung kondur. Bengi iku aku ditari mangan dening ibune Rara Tisnawati, nanging aku ora gelem, sengadi yen mentas disuguh kanca, mulane aku terus tutup kamar. Nganti bengi aku ora bisa turu. Atiku tansah merem-melek bae, awit tansah isih ton-tonen kenya rok biru bae kang tansah gawe gandrunging jiwaku. Dilali-lali tansah saya ngranuhi, saya gawe tambahing brangtaku. Wewayangane tansah cumithak ing panonku ora bisa ilang. Adhuh … jiwaku sambat-sambat, nganti ora rinasa aku banjur ura-ura lirih, tembange pangkur, wewarahe ibu cilikku: Wonten candraning wanita, kang susila anor-raga ing krami, sedheng dedegipun, renyah wicaranira, rikma wenes amemak angembang bakung, wimba ananggal sepisan, netra njahit Hyep alindri. Iku prayoga ginarwa, bekti laki mbangun turut sakapti, aran ‘Sendhang-Sanga’ yeku, pantes kinarya garwa, gung sihira lan gung rejekinipun, awetan wanita ika, tentrem lan ayeman ati. Adhuh, apa iya bener temenan tegese tembang iku? Mangka yen ndulu menyang candrane kenya rok biru mau teka ngepleki temen karo tembang mau, geseha ya mung sethithik banget. Yen nyata bener kaya mengkono mesti bakal begja kemayangan banget sing bakal mengku kenya mau. Adhuh … awak, awak! Apa aku bisa kelakon mengku kenya rok biru iku? Mangka kenal bae durung, mengkono uga ora ngerti omahe pisan. Ah teka nglengkara temen pikirku iki, anggandrungi wong sing durung diweruhi ing sakabehane. Tiwas-tuwas temen! [Any Asmara, Grombolan Nomer 13, Surabaya, 1956] Nyuwun Pamit KyaiLakune disengkakake, daya-daya enggala tekan ngomah. Merga, kejaba wektune wis mburu, lire sedhela engkas wis meh manjing Magrib, uga ana warta sing kudu ditekakake marang Kyai. Warta iki yektine dudu kabar anyar tumrap Kyai Idris. Wong kabar sepisanan bab sing gegayutan karo iki dheweke krungu uga saka Kyai Idris mau. Ming bae, dhek semana isih capet-capet, durung jablas temenan. Dhawuhe Kyai Idris marang para murid-muride: “Anu lo, le, ing samengko Pamarentah wus ngidinake marang aku kabeh, para umat Islam, yasa barisan mirunggan, jenenge “Hizbu”llah”, tegese “Prajuriting Pangeran” . ..” Dhek semana Iskak ya melu ngrungokake. Wong dheweke kapinujon ana kono. Ming bae nalika kuwi dheweke durung ngreti temenan, apa prelune lan apa paedahe Barisan Hizbu”llah kuwi. Mula bareng Kyai Idris ndangu, sapa ing antarane para santrine sing kepengin ngleboni Barisan Hizbu”llah, dheweke ora ngacungake utawa ora mangsuli.
Selengkapnya - Nyuwun Pamit Kyai
Lha iki mau dheweke mentas Jumuwahan saka mesjid. Adat sabene yen sembahyang Jumuwah ya neng langgare Kyai Idris kono, bebarengan karo santri pirang-pirang, kancane nunggal sapasuwitan. Mung bae iki mau diutus Kyai rnenyang kutha, tetuku bab kapreluane pesantren kono karo ana urusan uga sing gegayutan karo kantor Si babagan Sumuka (agama). Mula dheweke sing kapiji dening Kyai dadi duta, kuwi kejaba Iskak pancen bocah sing mrojol dhewe mungguh ing kapinteran sarta kalantipane ing antarane para santri-santrine Kyai Idris, dheweke kuwi uga kena diarani sing pinter sesrawungan dhewe. Nyang sapa-sapa bisa ngladeni. Pinter momong atine liyan. Watake tatag teteg. Nyang panggedhe ora kidang ora kidung, nanging isih netepi tata-kramane. Iya merga saka watake kang kaya mengkono mau, Kyai Idris dalah kanca-kancane padha asih marang dheweke. Malah-malah, saka kepengine Kyai Idris nuduhake sihe, Iskak katari, apa sekira gelem dadi kakange Mujayanah, putrane Kyai Idris sing wuragil. Iskak sumanggem. Lha banjur kelakon Iskak bakal dadi putra mantune Kyai. Kyai saya wuwuh tresnane. Yen ngelingi anggone bakal dadi penganten, Iskak gojag-gajeg arep medharake isining atine marang Kyai Idris. Apa sakira rila yen dheweke lunga saka kono, ninggal pesantren, prelu … Iskak isih kelingan cetha apa sing dikutbahake dening mas ketib aneng mesjid mau. Tetembungane mas ketib sing cetha wela-wela, ngegla, tansah cumithak ana ing angen-angen. Wong anggone ngrungokake Iskak ya nganti njinggleng temenan. Dheweke rumangsa begja banget Jumuwahan ing mesjid mau. Sarampunge urusane ana kantor Si, ndadak wis awan. Upama terus mulih. wis mesthi kasepe yen arep sembahyang Jumuwah. Hya wis Jumuwahan neng kutha bae. Ngono pamikire. Kutbahe mas ketib iki mau gegayutan karo anane Barisan Hizbu”llah kuwi. Kanthi gamblang dicethak-cethakake, apa ta gunane Barisan Hizbu¬“llah kuwi, lan kepriye carane sarta sapa sing bisa ketampa mlebu dadi warganing Barisan Prajuriting Pangeran mau. Tumrap para nomnoman Muslimin, sing ginadhuhan kekuwatan cukup utawa bisa nyukupi sarat-sarate wong dadi prajurit, diprayogakake nyathetake jenenge marang bebadan kang kapatah ngurus bab iki. Mas ketib dhawuh, iya ing wektu saiki kuwi mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktekake marang donya yen umate Nabi Muhammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur aneng mesjid karo mikir ngetungi tasbeh bae, nanging yen ana kapreluan sing mbutuhake awake, ora ming awake bae, dalasan jiwane pisan, uga ora eman nyorohake. Mas ketib banjur nyebut-nyebut asmane para satriya Islam dhek jamane Kangjeng Nabi biyen. Ana Anas bin Nadir, ana Sa”ad bin Mu”az, lan liya-liyane maneh. Malah ingkang paman Kangjeng Rasul, Sayidina Hamzah, kuwi uga prajurit peng-pengan jare. Yen wong Jawa ngarani Sayidina Hamzah mau, Raden Amir Ambyah, apa Raden Jayeng Palugon, apa Wong Agung Menak. Para sakabat-sakabat dalah pandhereke Kangjeng Nabi mau kanthi gumolonging ati lan rila legawa padha ngurbanake jiwa raga, bandha donya branane pisan kanggo kapreluane agamaning Pangeran, kanggo ngluhurake agama dalem Gusti Allah. Dhek jaman semana mungsuhe Islam para wong kapir saka golongan Kures lan wong-wong sing musyrik. Kabeh mau padha arep ngalang-alangi rancaging lakune agama Islam. Padha ngudi amrih agamane Pangeran mau cures, ilang saka bumi kene. Wong-wong Muslimin tansah dikuya-kuya, dingel-ngel anggone arep nindakake parentahing agamane. Mula, cobaning Pangeran marang umate Nabi Muhammad ora uwis-uwis. Ora biyen ora saiki! Tansah ana bae. Ora leren-leren. Mula wong Islam didadar temenan dening Gusti. Yen dhek biyen wong Islam ngadhepake kaum Kures lan golongane wong sing padha musyrik, ing samengko, iya jaman saiki iki, kaum Muslimin ayun-ayunan karo bangsa Amerika lan Inggris dalah sakancuhane pisan. Yen disatitekake temenan, tindake negara loro mau ana ing Asia, panggonan kita nglakoni ngibadah iki, presasat ngepleki tindake kaum sing arep ngalang-alangi ajuning agamane Pangeran dhek jaman Jahiliyah biyen. Karepe Amerika lan Inggris kuwi, arep dadi bendarane wong-wong Asia kene. Sawise kuwi, uga arep gawe ilange agama kaprecayane wong-wong kene kabeh. Mesthine ya ora terang-terangan. Saka sethithik, sarana tindak sing alus, sing remit banget. Pametuning bumi, bandhaning buwana Asia, arep diusung, digawa mulih menyang negarane dhewe kana. Kekuwataning rokhanine bangsa Asia uga arep dipeper. Dadi wose bae, wong-wong Asia kuwi njaba njero, lair batine arep digawe mati. Mati sajroning urip kae. Wah, isih akeh maneh kutbahe mas ketib. Dene minangka panutuping kandha, mas ketib mrayogakake supaya para nom-noman Musli¬min padha bebarengan ngayati pagawean iki, nyatetake jenenge kanggo barisan Hizbu”llah, dadi Prajuriting Pangeran, tukang njaga asmane Gusti Allah, aja nganti disawiyah dening wong kapir. Kutbahe mas ketib mau dening Iskak dilebokake ati temenan. Sajake dheweke kebuka atine. Iskak kepengin dadi Prajuriting Pangeran, mbelani agamane, niru tindake para sakabat-sakabat dhek jaman biyen. Iya warta iki sing arep ditekakake marang ngarsane Kyai Idris. Dhe¬weke arep nyuwun pamit karo nyuwun pangestu marang Kyai. Mulane anggone mlaku kesusu, daya-daya enggal tekan ngomah. Lakune wis tekan ngarep pamulangan S.G.L. Dadi ngidul sethithik, banjur menggok ngiwa, wis tekan desane, desa Kuningan, iya panggonane pesantren kuwi. Tanpa kajarag, Iskak ndeleng mengulon, tumenga menduwur. Srengengene wis meh angslup. Katon alon banget. Sajak ketara abot arep ninggal bumi. Ketara durung taneg anggone ndeleng kaendahaning jagat saisine kabeh. Katon anggone owel. Apa Iskak uga bakal owel ninggal papan padunungane? Apa Iskak krasa abot ninggal Kyai, kaya-dene pengrasane srengenge abot arep pepisahan karo bumi? Sawah ing kiwane dalan kapinujon kebak pari. Gagange tumiyung, sajak kabotan isi, kena siliring angin kresak-kresek kaya tangising kenya mingseg-mingseg marga tininggal dening jaka kekasihe … Apa Mujayanah mengko uga bakal mingseg-mingseg, nangis ngaru-hara yen dipamiti? Kabeh mau tansah dadi gagasane Iskak. Nanging bareng kelingan tembunge mas ketib: “Ya saiki iki, mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktekake marang donya yen umate Nabi Mu¬hammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur aneng mesjid karo dikir ngitungi tasbeh bae,” dheweke tetep arep ngugemi andemaning atine: arep mlebu Barisan Hizbu”llah. Arep njaga kasuciane agamane sarta kahurmataning tanah wutah getihe. Lakune disengkakake. Arep nyuwun pamit… [Soebagijo LN., Pandji Pustaka No. 6, Maret 1945] MELIK NGGENDHONG LALIToko mas “Kencana” didegake ana ing punthuk cilik. Ing sakiwa tengene ora ana wewangunan liyane kejaba omahe kang duwe toko. Kuwi bae mapan rada kapernah buri. Ing sakiwa tengene wangunan omah lan toko dientha petamanan kang endah. Wit-witan maneka warna ditandur kanggo ngrenggani taman. Ing kono uga diwangun balumbang kang diingoni iwak mas lan koi. Ing pojok balumbang diwangun grojogan kang banyune tansah mili. Lemah kang kanggo ngedegake wewangunan kuwi pancen amba banget.
Selengkapnya - MELIK NGGENDHONG LALI
Esuk mau, udakara jam pitu, nalika para pegawene lagi padha mbukak lawang toko, dumadakan saka perangan dhuwur toko kuwi ana kukus kumelun. Banjur ora antara suwe toko mas kuwi kobong. Geni ngalad-alad gedhe banget. Para pegawene padha age-age golek slamet dhewe-dhewe. Semono uga Sesupe lan Sangsangan, juragane toko mas “Kencana”. Para dagang kang lagi sengkut nata papan dagangane uga banjur ninggal pakaryane saperlu nyawang geni kang kaya ora sabaene. Jatisari geger. Sesupe dheleg-dheleg lungguh ana ngisor wit asem. Awake disendhekake ing wit kang dumunung ana ing sangarepe tokone kuwi. Geni kang ngalad-alad ngobong toko mas kuwi mung disawang. Sangsangan uga amung nyawang toko mas kang gedhe dhewe ing kuthane kang saya suwe saya ora wujud. Wong-wong pasar kang padha ninggal dagangane kang maune padha bakal aweh pitulungan nyirep geni, uga banjur melu-melu nyawang kridhane bathara agni. Ora ana kang ngerti apa kang ana ing njero pikire Sesupe. Yagene dheweke ora ngupaya nyirep geni kanggo nylametake bandhane. Toko mas kuwi diwangun nganggo bandha kang dikumpulake mbaka sethithik. Diwiwiti saka anggone Sesupe dol tinuku mas ing pinggir dalan ing wetan Pasar Klewer. Dheweke makarya kaya mangkono jalaran dheweke duwe panemu mangkene: mas-masan kuwi mujudake barang kang disenengi sadhengah wong, wiwit wong ora duwe nganti wong sugih, wiwit jaman kuna nganti jaman saiki. Dadi angger isih ana wong ateges isih ana pangan kanggone dheweke. Ganti dina, ganti minggu, ganti sasi, ganti taun. Rejekine tansah lumintu. Kaskayane saya wuwuh. Dhasar dheweke mujudake nom-noman kang gemi, nastiti, lan ngati-ati, mula rejeki kuwi mbaka sethithik dicelengi. Kejaba kuwi, dheweke ora tau cidra marang para pawongan kang padha dodolan marang dheweke. Mas apik dikandhakake apik, ala dikandahake ala. Anggone ngregani uga dijumbuhkane karo reregan mas kang lumaku wektu kuwi. Kanthi mangkono njalari sangsaya akeh pawongan kang padha dodolan marang Sesupe. Sesupe duwe gegadhangan, yakuwi sadurunge rabi kudu wis bisa tuku lemah lan mangun toko mas. Lan kanyatane dheweke klakon mujudake gegadhangane. Lemah kang mapan ing sangarepe pasar ing kutha kalairane, Jatisari, duweke anak turune Demang Jatisari, klakon dituku. Lan banjur didegi toko. Jatisari mujudake kutha cilik nanging reja. Bab kuwi bisa didelok saka rejane pasar Jatisari. Ing saben dina Pon lan Kliwon pasaran. Akeh para among dagang saka jaban kutha kang padha teka mrono. Pawongan desa ing wewengkon Jatisari padha teka saprelu dodolan ulu pametune tegal sawahe. Sesawangan ramene pasar Jatisari kang kaya mangkono kuwi kena dimesthekake ing saben dina pasaran. Toko mas “Kencana” duweke Sesupe ora kalah ramene. Mesthi uyel-uyelan dening pawongan kang padha dodolan utawa tetukon mas-masan. Nanging bedane, rejane ing toko mas “Kencana” ora ngemungake ing dina pasaran, ing saben dinane toko kuwi ora tau sepi wong. Pawongan desa ing wewengkon Jatisari padha duwe panemu manawa nyelengi luwih becik awujud mas-masan tinimbang awujud dhuwit. Kejaba bisa dianggo rerenggan ing awak kang bisa njalari gandhes kang padha nganggo, regane mas manut munggah mudhune reregan mas-masan ing donya. Saumpana dodolan kebener rega dhuwur, bisa oleh bathi. Dene yen ora, ya wis bathi nganggo. Ngono panemune. Apa maneh toko mas “Kencana” nyedhiyakake mas-masan kang regane maneka warna, wiwit mas kang murah dhewe nganti kang larang. Dadi saben pawongan bisa duwe penganggon mas-masan senajan mung nggawa dhuwit sethithik. Kejaba kuwi, saben dina mesthi bukak, senajan ta dina Minggu utawa dina prei liyane. Kanthi mangkono samangsa-mangsa butuh dhuwit kang kudu kanthi dodolan mas-masan mesthi klakon mulih nyekel dhuwit. Para pawongan padha kandha yen toko mas “Kencana”: kena dijagakake kanggo butuh. _*_*_*_ Dina Jemuwah Pon. Wancine wis jam 11 awan. Mesjid gedhe Jatisari wis ngumandhangake ayat suci Al Qur’an. Toko wis arep ditutup sawatara sajrone jemuwahan. Ing antarane pawongan kang padha arep dol tinuku mas-masan, ana sawenehing pawongan kang ndhesel-ndhesel saperlu bisa tekan ngarep mepet etalase. Wong-wong kang wegah didheseli padha celathu: “Mbok ora ndhesel-ndhesel ngono kuwi ta, Lik.” “Kabeh ki ya padha butuhe. Yen antri ngono geneya?” Dicelathoni mangkono, pawongan tuwa kuwi ora ngglape babar pisan. Dheweke tetep ngupaya bisane mepet etalase. Polahe wong-wong kang padha suk-sukan lan swarane wong padha grejegan kuwi narik kawigatene Sesupe kang ana ing meja kasir. Sesupe banjur menyat tumuju etalase. Dheweke kepengin ngerti apa sebabe wong-wong ing tokone kuwi padha udreg-udregan. Pawongan tuwa kuwi isih ngupaya bisane maju, nanging dening liyane dialang-alangi dalane. Malah ana sawenehing pawongan kang kasil diliwati, nyandhak klambine pawongan tuwa kuwi banjur nggeret bali mundur. Sing digeret tiba jekangkangan. Kanthi rekasa pawongan kuwi krengkang-krengkang tangi. “Mang paringi mergi. Kajenge majeng ngriki.” guneme Sesupe bareng mangerteni kedadeyan mangkono kuwi. Pawongan kuwi kasil tekan ngarep. Sesupe kaget, dheweke ora pangling marang pawongan kang rambute isih ireng senajan kulite wis padha kisut. “Njenengan rak mbah Kersa ta?” pitakone Sesupe ngyakinake marang pandulune. “Enggih.” wangsulane pawongan tuwa kuwi cekak. Sesupe banjur gupuh anggone mbagekake marang mbah Kersa. Mbah Kersa diajak menyang omah kang mapan ing saburine tokone. Mbah Kersa kuwi salah sijine anak turune Demang Jatisari kang saiki mapan ana ing desa Sindura ing perenge gunung Sindura, salore kutha Jatisari. Ing wektu iki kang isih manggon ing tanah leluhure mung kari turune mbah Kersa. Turune Demang Jatisari liyane wis padha lunga bara ing Jakarta lan uga ing Sumatra. “Kok kadingaren panjenengan rawuh ngriki. Enten napa, mbah?” pitakone Sesupe sawise bage-binage sawetara. Pitakon kuwi sabenere mung kanggo abang-abang lambe, jalaran dheweke wis ngerti kekarepane mbah Kersa yakuwi mesthi bakal dodolan barang warisane Demang Jatisari. Kaya ing wektu-wektu kepungkur, mbah Kersa uga dodolan pusaka kademangan kang awujud keris lan tumbak. “Ngene, lho, nak. Aku ki wingi disambati putuku sing ana nJakartah. Dheweke butuh dhuwit kanggo nambakke wong tuwane sing lara. Apa slirane bisa aweh pitulungan?” Sesupe ora kaget maneh klawan guneme mbah Kersa kaya mangkono. Ukara kasebut uga nate kawetu nalika dodolan pusaka kademangan. Mula kanthi sajak arep aweh pitulungan sarana nyilihi dhuwit, Sesupe wangsulan kanthi rasa sakepenake. “Ingggih, mbah, saged. Manawi badhe dipun ampil, nika kula gadhah simpenan boten ketang sekedhik.” “Ora, nak. Aku ora arep nyilih dhuwit. Apa maneh njaluk.” “Lha, lajeng, kajeng sampeyan pripun?” pitakone Sesupe ethok-ethok ora ngerti, senajan atine wiwit bungah jalaran pangirane bakal bener. “Iki aku nggawa barang. Apa slirane bisa ngregani?” Tenan. Pangirane Sesupe ora geseh. Mbah Kersa ngulungake epek satimange. Sesupe kaget weruh barang kuwi. Epek kuwi digawe saka bludru kang alus banget. Untu walang kang ngrenggani digawe saka benang mas. Timange uga saka mas, direnggangi inten gedhene sajempolan tangan cacah papat kang dipapanane ing ngisor, dhuwur, kiwa lan tengen banjur direnggani inten kang gedhene sadhele kang rentep ing sapinggire nganti ngebaki timang. Sesupe bungah banget weruh barang kuwi. Dheweke bakal seneng saupama bisa nduweni barang kuna tinggalane Demang Jatisari. Kanthi mangkono ateges apa kang diduweni Demang Jatisari kala samana saperangan gedhe bisa dadi duweke. Sesupe ngguya-ngguyu. Atine bungah banget. Barang kuwi kudu bisa dadi duweke kanthi rega sing murah banget, adoh saka rega samesthine. Dheweke naksir, lemah pekarangan satokone mas pisan ora cukup kanggo mbayar epek timang kuwi. “Piye, nak. Bisa aweh pambiyantu apa ora? Iki aku butuh temenan. Kanggo nututi nyawa nak. Tulungana ya, nak!” Sesupe ngulungkake barang kuwi marang mbah Kersa sinambi gedheg. “Putuku mbutuhake dhuwit satus yuta. Apa slirane bisa mbayar satus seket wae. Mengko sing seket daknggo jagan samangsa-mangsa yen ana butuh.” Sesupe gedheg senajan atine lunjak-lunjak jalaran saka bungahe krungu rega kang ditawakake mbah Kersa. “Lha, pira, nak? Mongsok, rega semono ra tekan?” “Saestu, mbah, dereng dugi.” wangsulane Sesupe. “Ya, wis bayaren satus ngono wae.” “Pitu gangsal yen pareng.” panganyange Sesupe sinambi menyat tumuju lemari brankas. Dhuwit atusan ewon satekem diwetokake saka njeron brankas. “Ya, aja semono, ta, nak. Yen ora satus, ora tak wenehke.” “Nggih, pun. Ngga, niki artane.” Mbah Kersa manthuk sinambi mesem kalegan. Dina kuwi, Jemuwah Pon. Sesupe klakon nduweni barang tinggalane Demang Jatisari sing pengajine padha karo pengajine kutha Jatisari. _*_*_*_ Sesupe isih dheleg-dheleg semendhe ing wit asem. Panyawange kosong. Rasa susah, getun, lan keduwung jalaran kelangan bandha sing dilumpukake mbaka sethithik sansaya nggandhuli atine. Kaya-kaya pengarep-arepe antek bareng karo enteke tokone. “Wong bagus, apa kowe nate nindakake pakaryan kang nerak angger-angger kabecikan?” pitakone sawenehing pawongan kang dumadakan ngadeg ana ing sisihe. Sesupe kaget krungu pitakonan kaya mangkono kuwi. Dheweke banjur nyawang marang pernahe kang takon. Sesupe sansaya kaget bareng weruh sapa kang ngadeg ing sisihe kuwi. Pawongan sepuh kang manganggo sarwa prasaja kuwi banjur dirangkul sukune kanthi kenceng sinambi nangis sesenggrukan. “Kyai ….” “Wis, wong bagus. Ora sah digetuni. Kabeh wis kelakon. Saiki wangsulana pitakonku mau. Apa bener kowe wis nindakake pakaryan kang nerak angger-angger kabecikan kaya kang nate dak tuturake marang kowe nalika samana.” guneme Kyai Zuhri sinambi ngelus-elus sirahe Sesupe. Sesupe durung wangsulan. Dheweke isih mbacutake anggone nangis. Sikile gurune isih dirangkul kanthi kenceng. Kaya-kaya ora bakal diculake. Sakehe pawongan kang ing wektu kuwi padha kamitenggengen nyawang urube geni kang wiwit cilik uga padha kaget mengerteni Sesupe kang dumadakan nangis sesenggrukan sinambi ngrangkul wit asem. Ing pamikire wong sapasar: Sesupe edan jalaran ora kuwat nampa kanyatan kaya mangkono. Sesupe banjur ngadeg, jumangkah ninggalake papan kuwi tumuju marang tokone kang mung kawi awu. Lakune gloyoran. Sangsangan lan uga wong sapasar mung padha nyawang apa kang ditindakake Sesupe. “Kyai, rumaos kula, kula boten nate nilar angger-angger. Ingkang wajib lan ingkang sunnah tansah kula tindakaken ing saben dintenipun. Rumaos kula boten wonten ingkang kula singkiri setunggal-setunggala.” Kyai Zuhri mung mesem. Pangrangkule marang muride kang kinasih saya dikencengi jalaran sikile Sesupe sansaya ora kuwat nyangga awake. “Kyai, punapa wonten ingkang dereng kula tindakaken?” “Ora, wong bagus. Kabeh wis kotindakake. Sing wajib lan sing sunnah. Kalebu uga kowe wis nindakake sing nerak angger-angger kabecikan.” “Kyai, kula nyuwun pangapunten. Kula nindakaken perkawis punapa?” “Kowe kelingan Pak Kersa? Dheweke tau dodolan apa marang kowe?” Sesupe ngendhegake lakune. Dheweke banjur ngrangkul Kyai Zuhri. Kenceng pangrukete. Dheweke bali nangis sesenggrukan, banjur matur: “Inggih, Kyai, piyambakipun nate sesadean epek satimangipun ingkang tinretes mas barleyan.” “Koregani kanthi samesthine rega apa ora?” Sesupe ora wangsulan. Anggone ngrangkul Kyai Zuhri sansaya kenceng. Tangise uga sansaya seru. Nanging tangise dumadakan meneng. Pangrukete uga sansaya kendho, banjur tiba nglumpruk ing satengahe ratan sangarepe pasar Jatisari. Sala, wanci subuh 11 Besar 1940 BIODATA PENGARANG Arih Numboro, lair ing Desa Wiroko, Kecamatan Tirtomoyo, Kabupaten Wonogiri, ing dina Kemis Kliwon, 13 Januari 1966. Makarya minangka guru basa Jawa ing SMP Negeri 2 Kismantoro Wonogiri wiwit taun 2005. Sadurunge kuwi nate dari guru ing saperangan SMP swasta ing Sala. Ora nate sekolah ing bangku TK. SD karampungake ing taun 1979, SMP ing taun 1982, lan SMA ing taun 1985. Nate ngrasakake kuliah ing IKIP Veteran Sukoharjo (saiki Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo) ing taun 1985/1986. Rumangsa salah jurusan jalaran ora kepengin dadi guru, ing taun 1986 mlebu ing UNS jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Lulus taun 1991. Sajrone limang taun nganggur jalaran ora ana pagawean kang cocog karo karepe. Ing taun 1996 “kepeksa” mulang ing salah sawijine SMP swasta ing Sala. Wiwit wektu kuwi dheweke ngrasakake nikmate dadi guru. Seneng maca basa Jawa kang awujud apa bae wiwit cilik, nanging miwiti nulis nalika ngancik bangku kuliah. Ora akeh tulisan kang diasilake, jalaran pancen dheweke ora produktif. Tulisan kang awujud rekan (fiksi) kabeh nggunakake basa Jawa, dene tulisan kang awujud artikel ditulis nganggo basa Indonesia lan basa Jawa. Nganti ing wektu iki durung bisa mujudake gegadhangane yakuwi gawe buku kumpulan cerkak, kumpulan dongeng, kumpulan geguritan lan bisa ndadekake salah sawijine muride dadi pengarang Jawa. Ing wektu iki karo sisihane, Suratmi; lan anake cacah loro lanang kabeh, Paksi Danurdara lan Narottama Tyas Samodra; mapan ing Kp. Gendingan Rt. 04/XIV, Jebres, Surakarta. [Dening Arih Numboro] Sesuk Wis RiyayaOlehe mancal sepedhah disepud. Daya-daya tekan omah cet ijo duweke kancane dhek ana ing SPMA biyen. Marga lintange sumunar, Kirja bisa dadi kepala LP3. Marga Supirah, dheweke ora bisa nerusake sekolah kaya Kirja. Dina-dina sekolah dianggo sir-siran bae. Nganti nunggak rong taun. Wong tuwane bosen ngragadi, banjur ora dikirimi dhuwit kanggo urip ana kutha. Dheweke metu saka sekolah jalaran rupa-rupa. Marga pancen aras-arasen ngadhep buku. Marga aras-arasen ninggal kalumrahan saben malem minggu. Marga ora bisa mbayar sekolah lan, sing wigati dhewe, marga durung nganti dheweke ngerti ambaning jagad, keselak kedhisikan Supirah ana isine. Kepeksa dheweke kudu ngadhepi pak Umar sing yen mendelik mripate sasat ngenciki idep lan yen mecucu nganti irunge ditalib lambene sing njeber.
Selengkapnya - Sesuk Wis Riyaya
‘Dadi wong lanang aja mung bisa gawe anak! Nyambut gawea! Dadi makelar karcis, dadi matrus! Dadi kuli setasiyun, apa luru utis! Kabeh kuwi pagawean. Sapa kuwat, yen saben dina kudu ngingoni anakmu, bojomu lan kowe dhewe! Ajaa kowe umuk yen arep dadi sinder, ora bakal Supirah. dak-wenehake kowe.’ Rembuge maratuwane sing pedhes kaya ngono kuwi wis bisa ditadhahi ing sadina-dinane, sarana direwangi mbudheg lan micak abandha ndableg wareg. Sing baku kanggone dheweke, Supirah isih tresna banget marang dheweke. Yen dirasa ora ana wanita bisa nandhingi Supirah. Sabar lan wicaksana. Nanging sajake sabare lan wicaksanane sisihane iku nganggo wates. Bareng anake wis telu, Supirah wiwit bosen meruhi kahanane sing lanang. Supirah wiwit krasa yen dheweke iku wong ayu sing siyal, wong ayu sing ora kasinungan pulung becik. Saupama dheweke ora entuk Wagianta, ayak bae dheweke bisa dadi ibu camat. Bisa dadi ibu direktur. Malah bisa uga, saupama dheweke ndherek paklike urip ing Jakarta, bisa uga dadi ibu menteri, ibu jendral, lsp. Banjur ing dina-dina candhake dheweke wiwit tiru-tiru bapakne. Bojone wiwit didoli ulat. Bareng disangat Wagianta wiwit ketara wedi, olehe adol ulat diimbuhi nganggo adol lambe pedhes: ‘Jare wong lanang iku pengayoman, mas. Nanging piye olehmu bisa dadi pengayoman yen kowe dhewe isih njaluk diayomi maratuwa? Pa ra isin ta, mas? Ingatase kowe kuwi wong lanang, nganti panganmu dijuju wong liya?’ Iya wiwit kahanane Supirah kaya ngono iku Wagianta banjur eling yen dheweke duwe sipat lanang kang kudu manggul tanggung jawab gedhe. Dheweke kepengin cekel gawe kang metoni misil. Nanging apa sing bisa ditindakake? Macul dheweke ora godhag. Ngejibake keahlian, dheweke mung bisa gawe layang katresnan tumrap kenya. Ngejibake ijazah, dhe¬weke mung ngantongi ijazah SMP swasta. Kantor ngendi sing bisa nampa dheweke sarana sangu ijazah saka sekolahan partikulir iku? Nalare Wagianta jibeg. Pepet. Luwih-luwih bareng dhek wingi sisihane nangis ana kamar, nangisi anake sing nomer loro, ‘Suk mben wis Riyaya. Apa kowe ra duwe utek?’ ngono wangsulane sisihane canthas bantas lan kejem. Pancen swara kaya ngono iku kejem banget tumrap Wagianta. Awit durung tau Wagianta nampani pisuhan kang kasar saka sisihane. ‘Sabar ta, bu! Sarehne awake dhewe isih kaya ngene …’ ‘Aku ora apa-apa. Jarit gantung-kepuh ya ben. Tapi anakmu iki piye? Coba gagasen! Kabeh bocah isine omah iki padha salin penganggo. Anake yu Pitri wis dicukupi bapakne, isih nampa maneh saka embahne.’ ‘Engko mbahne rak iya mikir?’ Wagianta ngrai gedheg. ‘Wingi bapak wis kandha, bocah-bocahe dhewe ora arep disandhangi. Bosen jarene. Saben dina kudu mikir pangane. Saben dina kudu mikir sekolahe. Kathik saben taun kudu mikir sandhangane. Mangka putune sing liya-liya durung tau dislikuri. Pancen sing kebangeten bapakne Mamat. Olehe ora idhep isin.’ Sepedhah iku dipancal terus, luwih cepet. Sajatine dheweke wis isin yen kudu teka maneh menyang omahe kancane iku. Awit wis kekerepen dheweke mrono. Lan saben mulih saka kono mesti disangoni. Nganti bojone Kirja tansah pasang ulat peteng janji weruh ketebange Wagianta. Malah wis tau Wagianta rumangsa diusir cara alus dening garwane kepala LP3 iku: ‘Nuwun sewu, dik. Menika jam ngaso kanggenipun mas Kir. Yen penjenengan rantos mengke kedangon. Langkung sae benjing-enjing kemawon wonten kantor. Yen badhe wonten kaperluan, saged dipunetang cara dines.’ Sawise kandha kaya ngono bojone Kirja iku mlebu omah terus ora bali-bali maneh. Banjur keprungu swarane sing canthas. Sanadyan swara iku kanggo abdine, nanging sajake ditujokake kanggo Wagianta: ‘Bola-bali kowe dak-tuturi ya, Dar. Yen medhayoh aja yah mene iki, wayahe wong madhang. Engko rnundhak dikira aku ra isa nyuguhi kowe. Aku ngerti kowe tuman krasan. Marga angger sowan pak Sindu balimu ajeg disangoni, rak iya ta? Dadi wong ki mbok aja seneng njagakake pawehe liyan.’ Oooh, yen kelingan kuwi kabeh. Wagianta kaya-kaya nibakake ipat-ipat ora bakal ngidak omahe Kirja. Nanging bareng dheweke kelingan nasibe anake sing telu iku? Mendah kepriye nalangsane yen sesuk kuwi usume kancane padha nyandhang nganggo apik, usume putune pak Umar padha teka kanthi manganggo sarwa gumebyar, banjur mung anake dhewe sing kepeksa singidan paturon jalaran sandhangane ora ganti. ‘Ing ngarepe Kirja mengko aku arep nangis. Aku arep njaluk gawean sakecandhake, waton baliku mengko disangoni sandhangan kanggo anakku,’ ngono batine Wagianta sadalan-dalan. Ora ketang mengko dheweke dikon ngangsu jedhing, dikon mbabadi suket ing petamanan, apa dikon nguras kakus, arep ditemah. Waton kanggo Riyaya sesuk iku anake bisa salin panganggo, bisa campur kancane lan bisa melu ngesemi dina Riyaya kang dadi pangarep-arepe umat Islam lan dadi pethingane kabeh bocah cilik. Nanging sanadyan tekade saka ngomah wis kepleng, arep nangisi kan¬cane sing becik bebudene iku, bareng dheweke wis manyuk ing ngarepe omah cet ijo iku atine grag-greg. Sumawang ing angen-angene rupa lan wujude wanita sing tau nglarani atine. Sumawang ing angen-angene polatane bu Kirja olehe precang-precing kaya wong kebelet ngising angger weruh tekane Wagianta. Sumriwing ing kupinge kepriye panyembire wa¬nita iku marang dheweke sewulan kepungkur. Rada sawetara menit Wagi¬anta mandheg ing ngarep gapurane omah cet ijo iku. Bareng wis ana keplenging tekad, kandeling karep, Wagianta banjur nuntun sepedhahe digawa mlebu menyang platarane omah cet ijo iku. Omah iku tutupan. Wagianta uluk salam. Nanging nganti lambene amba, lawang iku panggah tutupan. Kupinge dijereng, nanging babar pisan dheweke ora krungu mingseding sikil jumangkah apa lambe obah. ‘Madosi sinten, pak?’ ana pitakon saka iringan omah. ‘Pak Kirja menapa wonten?’ ‘Oh, pak kepala ingkang rumiyin? Kalih minggu kapengker pindhah dhateng Madiun.’ ‘Lajeng dalem menika?’ pitakone Wagianta nglokro lan kumrungsung. ‘Dipundalemi pak Kurmin, kepala enggal. Tiyang menika dalem dinas.’ ‘Becike aku dak sambat wong sing durung dak-tepungi iki. Kiraku luwih utama lan ora bakal ngadhepi wong nyembir-nyembir lan adol ulat peteng,’ ngono etungane Wagianta. Sarana etungan iku dheweke banjur kandha marang tukang kebone dalem iku: ‘Menapa kula saged pinanggih pak Kurmin?’ ‘Tindak Magelang,’ wangsulane wong lanang iku cepet. Kaya njerit-njerita Wagianta mikir lelakone dina iku. Tiwas adoh-adoh ditempuh sarana sepedhah. Tiwas dheweke ngadhepi ulat peteng saka maratuwane, jalaran nyilih sepedhah iki mau. Jebul bareng tekan panggonan sing dituju, ketemu suwung. Mendah kepriye unine maratuwane mengko yen lungane dina iki ora nemu asil apa-apa. Mangka wis kadhung disilihi alat kanggo mlaku adoh. Durung yen ngadhepi tangise anake sing takon panganggone. Awit dhek mangkat mau esuk, dheweke pamitan arep nggolekake sandhangane kanggo Riyaya sesuk. Bojone sing dhek mau ngiringake lungane kanthi kebak pengarep-arep: ‘Muga-muga usahamu asil, mas, ben ora banget-banget nalangsaku mikir bocah-bocah!’ pisan iki mengko mesthi bakal nangis lan ngudamana maneh yen tekane ora mondhong welingane anake, sandhangan telung pangadeg. Saka pepeting nalare, dhasar ing sadalan-dalan Wagianta ketemu wong ibut tata-tata ngadhepi tekane wulan suci iku, dheweke banjur ketemu nekade. Tinimbang ditangisi anake, pisan gawe ditekadi geger karo maratuwa. Toh upama dheweke bali wutuh, iya meksa digremengi. Aluwung mesisan sepedhah iku didol. Karuwan olehe arep ngadhepi. Diajara dening wong tuwane Supirah arep ditemah, waton anake ora kecuwan, waton sisihane ora kegelan. Nanging menyang endi olehe arep ngedol sepedhah iku? Sesuk wis dina Riyaya. Kathik saiki wis sore, pasar sepedhah mestine wis tutup. Didol menyang pedesan sapa sing arep nuku sepedhah ana sungapaning wulan Lebaran iki? Dhek mangkate mau sepedhah digenjot sakatoge. Bareng baline, olehe medhal ketara alon banget, jalaran uteke ora kanggo nyetir tenaga kanggo mancal sepedhah, nanging kanggo mikir menyang endi olehe arep ngedol sepedhah iku. Puputing pikiran ora ana dalan liya kejaba kudu urusan karo pak Itok, nyilih dhuwit anakan diwenehi kapercayan sepedhah. Bareng kelingan pak Itok, olehe medhal disepud. Dheweke kepengin tekan omahe pak Itok sadurunge asar. Dadi dheweke bisa bali maneh menyang kutha sing iki mengko bakal kliwatan perlu nukokake klambi anak-anake. Te¬kan omahe pak Itok wis meh surup. Ewa semono ditekadi bae. Dheweke mlebu terus bablas bae ketemu pak Itok. ‘Endi sepedhahe?’ pitakone wong bungkik iku kemaki karo nglirik sujana marang mantune pak Umar sing ora gableg pegawean maton iki. Wagianta ngeterake pak Itok menyang panggonan panyelehe sepedhah. Pak Itok rada gragapan bareng weruh sepedhah Simplex duweke pak Umar iku. Wis suwe dheweke ngesir sepedhah iku, nanging pak Umar wis tau blaka ora arep ngedol barang tinggalane sedulure sing wis ora ana kuwi. Ndadak saiki mantune mara arep utang duwit sarana paseksen sepedhah sing dipengini. Pak Itok yakin yen mantune pak Umar iki diutangi dhwit sepuluh ewu, mesthi ora bisa mbalekake. Lan sepedhah iki bakal klakon dadi duweke sarana rega murah. ‘Kowe butuh dhuwit pira, le?’ pitakone pak Itok ngaya. ‘Kalih dasa,’ wangsulane Wagianta kumendel. ‘Ayo mlebu ngomah sik. Ora pantes etung butuh ana latar.’ Wong loro iku runtung-runtung mlebu ngomah kaya patrape sedulur kang ketemben pethuk. ‘Aku jane welas karo kowe kuwi. Anak akeh ora nyambut gawe. Mangka sesuk wis ariyaya, mestine kowe butuh kanggo sandhangane anak-anakmu, rak iya ta?’ ‘Leres, mak-dhe.’ ‘Ning ya aja akeh-akeh lehmu njaluk dhuwit. Engko nek ora isa mbalekake kepiye? Rong puluh ewu ki jajanane sewu sedinane. Pa kowe kuwat?’ ‘Niku urusan kula, mak-dhe. Samang boten sisah tumut mikirake. Nek kula boten kiyat nyaur barange samang jabel, rampung ta.’ ‘Sepuluh wae ya?’ Wagianta ngerti glagate pak Itok sajake ngiler banget weruh sepedhahe maratuwane iku. Mula dheweke niyat ngentel. Pikirane, yen dheweke ora bisa mbalekake, ateges sepedhah iku ora sapira rugine, marga ing pasaran bisa payu telung puluh munggah. Pokoke kula nedhi kalih dasa, mak-dhe.’ ‘Wis ta, lima-las bae. Jajanane mengko diwenehi miring, satus seket sedina. Nanging nek seminggu kowe ora bisa mbalekake, ateges sepedhahmu ilang, piye?’ Wagianta wis meh mantuk nalika saka njaba ana wong uluk salam. Wong loro iku noleh. Wagianta kaget bareng dideleng jebul Isbandi, sedulure ipe karo mitra tanggane. ‘Byuh, sedina muput lehku nggoleki, dhik. Bul ketemu ing kene. Pama aku ora apil sepedhahe bapak mana, ayake durung isa ketemu,’ ngono Isbandi kandha karo mapan lungguh. ‘Kadingaren menus iki sumeh,’ ngono batine Wagianta. Banjur sing kawetu: ‘Ana apa, dhik?’ ‘Ana tamu saka Majakerta.’ Wagianta kaget banget bareng dikandhani yen ana tamu saka kutha kelairane. Mangka wiwit dheweke disuwak kirimane lan banjur lepas sekolahe nganti dheweke rabi lan duwe anak telu, niyate pancen wis emoh ngancik tanah kelairane. Dheweke rumangsa dikipatake dening kulawargane. Mula arepa dikaya ngapa dheweke emoh nggepok senggol wong atuwane. Nanging bareng saiki dheweke dhong kebuntel nalar kerepotan butuh, ana kabar yen ana tamu saka Majakerta. Kaya wong sekarat ditelkani malaekating panguripan, Wagianta ngadeg nyat mawa polatan sumunar. Tanpa kakehan tembung dheweke banjur mak kluyur metu terus bablas marani sepedhahe. ‘Lhoo … Iho … etunge piye, dhek?’ pitakone pak Itok ngaya ngemu rasa cuwa. ‘Pun boten enten etungan wangsulane Wagianta karo wiwit nyengklak sepedhah. Ngaya olehe mancal pedhal. Daya-daya kepengin enggal nemoni sapa tamune saka Majakerta iku. Nitik Isbandi ketara sumeh marang dheweke, tamune Wagianta iku mesthi akeh olehe nggawa oleh-oleh. Temenan. Lagi bae Wagianta mlebu pekarangane omah, ing ngarep lawang maratuwane wis mapag karo ngguya-ngguyu. Maratuwane wadon, sing ora pati sugih gunem, nanging yen kadhung muni-muni nglu¬wihi wong tengah pasar, uga melu-melu mapag. ‘Byuh, sedina muput masmu lan adhimu nggoleki kowe Iho, le. Pa ra ketemu Is?’ pitakone maratuwa lanang. ‘Tesih wonten wingking. Eh … sinten tamune, pak?’ ‘Bapakmu sekaliyan. Iki mau isih nggiring putu-putune menyang kutha. Bojomu sing ndherekake.’ Nganti ora bisa ngampet wetuning eluhe, Wagianta nampani kabungahan sing tanpa upama iku. Bungah jalaran maratuwane sing saben dina nganggep dheweke kaya dene kere munggah mbale, saiki ketara ngrengkuh dheweke ngluwihi anak bupati. Bungah, jalaran wong tuwane gelem ngurusi dheweke lan nglacak dheweke nganti tekan padesan ing pucuking gunung iki. Lan luwih saka iku bungahing atine, awit anak-anake sesuk mesthi sida melu riyayan. Kabungahane Wagianta ditekani wong tuwane, bisa nyirep pegeling atine marang wong tuwa loro iku. Luwih-luwih bareng dheweke klakon dirangkul lan ditangisi dening ibune. Banjur ndeleng ora mung anak-anake bae sing disandhangi dening wong tuwane. Bojone iya pamer yen dheweke ditukokake sandhangan lan giwang kalung. Kanggo dheweke dhewe ana bageyane sing ngluwihi etungan. Nganti Wagianta krasa kuwowogen nampani pawehe wong tuwa. ‘Aku krungu saka Kirja yen kowe urip kesrakat ana kene,’ ngono kandhane bapakne sawise kangen-kangenan. ‘Kirja?’ pitakone Wagianta kaget. ‘He-eh. Jarene dheweke kancamu sekolah. Saiki dadi sinder ana Madiun.’ ‘Apa dheweke menyang Majakerta?’ ‘He-eh. Aku disangoni dikon ngendhangi kowe. Karo kandha blaka suta yen kirimanku marang kowe saben wulan dhek isih padha sekolah kae disebrot dheweke. Malah tandha tanganmu dipalsu. Maune aku meh nesu lan arep daktuntut. Nanging bareng dheweke duwe kesanggupan bakal ngangkat kowe kareben bisa nyambut gawe, aku iya banjur mupus. Mbokmenawa lelakonmu pancen kudu kaya ngono. Malah Kirja banjur ngadhopsi aku diangkat dadi wong tuwane kanggo gantine wong tuwane sing wis swargi.’ ‘Layak dheweke tau njaluk tulung aku, nulisake layang kanggo wong tu¬wane lan kandha yen kiriman saka wong tuwa wis ditampa!’ wangsulane Wagianta karo angluh. ‘Dheweke meling supaya kowe teka menyang Madiun sawise Riyaya iki.’ Wagianta manthuk sumringah, kaya sumringahe dina sesuk bakal tekane Ariyadi. [Esmict, Mekar Sari No. 16, Oktober 1974] Pama KancakuIng pojok lor-kuloning desa Gedhanyung, dadi pinggir kali urute Ngasinan kang sisih dhuwur, cedhak karo kuburan kang kapager tembok mubeng, ana sawijining sumber, dudu sendhang, amarga iya mung prempal-prempul cilik-cilik banget. Pancena ngono banyune bening, nanging gandheng ora kapigunakake apa-apa malah katon reged kecemplungan ing godhong pring lan gayam amarga ing pinggire wetan ana wite gayam gedhe lemu ngrembuyung edhum peteng, njalari sepi singub angker wingit medeni, dhasar cedhak karo baronganing pring ori. Bludaganing banyu kang urut ing srewehan ing lemah padhas iku mili mengisor ngulon mbanjur kemricik tumetes marang ing kali kang pinggirane akeh gesong-gesongane lan gerong-gerongane kang katon jero-jero peteng.
Selengkapnya - Pama Kancaku
Pinggirane sumber kang jembare watara karo tengah meter pesagi iku ora gasik limit, nanging malah katon rungkud dening ledhung-ledhunging suket sarta piskucing kang padha thukul ana ing kono. Kabeh iku kapara anambahi singubing sesawangan kang mahanani yen panggonan mau arang banget kambah ing uwong. Ing jero sumber akeh bibise, wader cilik-cilik lan precile, ana sing isih wujud cebong kang padha langen sliwar-sliwer campur lan bibit wader-wader mau. Ya mung iku kang ngenggoni utawa nunggu ing sumber ngisor gayam iku. Miturut wartane wong-wong ing sacedhake kono sumber mau dienggoni ing lelembut, ya kuwi kang lumrahe diarani peri. Nanging aku ora percaya, jalaran yen saka rumangsaku durung tau aku meruhi marang peri kang jumedhul saka ing kono lan prekara iku angel banget anggonku arep mbuktekake ing kasunyatane. Mula sanadyan akeh lan werna-werna banget aku krungu cecritan bab lelembut utawa memedi, uga dhek aku isih bocah kae kerep aku didongengi dening wong tuwa-tuwa bab bocah digondhol wewe lan … ya isih akeh maneh liya-liyane sebangsane iku, nanging aku tetep ora percaya marang ananing lelembut, dhemit, setan, gendruwo, jim, peri, prayangan, thethekan, banaspati, thongthong-sot, kang sok padha nyrawung medeni marang manungsa ing alam donya kaya aku dhewe iki. Nanging … aran ndelalah, apa ya tembung ndaradasihi ngono kae, gandheng karo sumber gayam iki aku dicritani dening kancaku dhewe sing omahe ana kampung Jayengan sajroning kutha Sala, Supama jenenge, mengkene. Pama iku umur-umurane lagi jajahan sanga likuran taun, pancen barakan karo aku. Dheweke isih jaka, durung omah-omah, nanging wis nyambut gawe dadi tukang dodol karcis ing gedhong biyoskup Fajar, Purbayan. Anuju sawijining bengi, jam rolasan, sawise bubaran biyo¬skup, Pama ngetokake pite arep mulih. Dingaren wektu iku dheweke ora enggal-enggal nyengklak nunggang pit, nanging malah mung dituntun wae karo mlaku sakepenake. Bareng tekan sangareping Bank Negara Indonesia dheweke nglirik mengiwa lan weruh yen ing pinggir dalan ana sawijining putri kang manganggo cara Jawa, nganggo slendhang, nyekel tas plastik rada cilik, ngadeg ijen lingak-linguk sajak nggoleki utawa ngenteni rewange. Rehning jalaran Pama yen mulih kagolong keri dhewe, let watara setengah jam karo budhaling para penonton biyoskup lan sawise ngetung sarta nyetorake dhuwit pepayoning karcis marang kasire, lan saka rumangsane putri mau iya apik tenan rupane, sarwa prasaja pantes dedeg-piadege dalah sapanganggone, mula kanthi pikir: ‘Iya iki putri Sala sejati . . . wis wayah ngene teka isih ana keceran putri siji … bejaning awak, sapa ngerti, dheweke wiwit nyapa-aruh mengkene: ‘Ngentosi sinten ta, Mbak, Panjenengan?’ ‘Ngentosi sedherek kula, Ngadiyem,’ wangsulane. ‘Kala wau sanjang menawi ningali biyoskup ing Fajar ngriku.’ ‘Ing mangka ingkang sami ningali sampun telas punika, mangke gek ketlisiban . .. lha dalemipun pundi?’ ‘Tebih kok, Dhik, njawi kitha .. . ngGedanyung, salering kuburan umum Daksinalaya,’ karo mesem semu rikuh. ‘Menawi ngaten mangga kondur kemawon, kula dherekaken . . . kersa?’ karo nyedhaki mandheg nyedhekoni stanging pite. ‘mBoten! Kula ajrih!’ wangsulane cekak. ‘Ajrih . . . kadospundi ta?’ pandheseke Pama karo rada nyedhak maneh lan nyawang paraiane … ‘waduh, nyata ayooou banget tenan ing atase bocah ndesa, dhasar tanpa cacad .. . lugu, iya iki sing dakkarepake!’ ‘Ajrih kaliyan bapak … temtu dipundukani kula mangke, jalaran kala wau mangkatipun sangking griya sareng,’ karo katon rada suntrat polatane. ‘Menawi ngaten rehning tiyang ningali sajakipun inggih sampun telas saestu, pramila prayoginipun mangga kula dherekaken kondur kemawon, ngiras pantes, mbokmanawi mangke pinanggih utawi nglanggar sederek panjenengan punika lajeng kula aturi kondur sesarengan. Kula ugi badhe mantuk piyambak kemawon, katimbang nengga wonten ing riki piyambakan tur tanpa gina sajakipun,’ pangglembuke Pama. Tanpa wangsulan kenya kang sulistya ing warna mau banjur minger mengidul wiwit lumaku, tangan tengen nggered kenceng ningsetake klambine, tangan kiwa nggawa tas plastik kanggo lembehan, lendreg-lendreg rindhik semu mangu-mangu mudhun saka ing trotowar nugel dalan gedhe kang mengetan marang Pasar Gede, munggah maneh ing trotowar sakulon Bank Rakyat lan Kantor Kawat, mengidul parane. Pama njejeri … mbarengi lumaku karo nuntun pite ing sisih tengene miwiti guneman mengkene: ‘Dipuntepangaken kemawon, inggih Mbak, nami kula Supama.’ Mengo nyawang Pama sedhela kenya iku mangsuli: ‘Inggih … menawi kula Suminten,’ karo mesem bali tumungkul. Sajroning padha lumaku mau Pama karep mboncengake, kang supaya bisa rikat lakune lan mbokmenawa bisa enggal nututi utawa ketemu karo Ngadiyem, sedulure kang dikira wis ndhisiki mulih mau. Panari iku tansah katulak terus dening Minten, kang suwene-suwe nganti nimbulake gagasan-gagasan kang rupa-rupa lan kang ora-ora ing sajeroning atine si tukang karcis mau. Pama ngrogoh njupuk rokok Menara saler saka ing kantonging clana kang tengen, kaakep lan banjur mak jres … nge-rekake reke kanggo nyumed rokoke. Nalika nyumed ngempakake rokok mau mripate Pama nglirik ngawasake marang raine Minten kang kapadhangan ketaman ing sorote urube rek, jalaran . .. ‘engko gek dudu uwong tenan bocah iki,’ mengkene osiking atine. Bareng wis cetha yen kenya mau temen-temen arai ayu lan sawise rokok kang kaakep bisa tedhas panyumede, reke enggal-enggal dipateni, nanging ora tumuli dikan¬tongi malah diciglokake, marga ’sikile’ apa ya sikiling wong tenan ya … ngko gek sikil jaran?’ thukuling pikirane. Kanti rek kang mentas katibakake kang nuli dikantongi iku Pama weruh yen wanita mau uga mawa sikil lumrah bae. Ewa semono atine kancaku isih tetep kurang mareme. Wuwuh-wuwuh bareng lakune ngambah ing alun-alun lor lan saben meruhi regemeng njenggerenging wit ringin wanita mau mesti nelakake rada wedine sarana uni ‘hiii’ nyekeli tangane Pama sarta ndhepepel lakune, mula saka soroting lampu-lampu montor, becak lan sepedhah kang padha papagan utawa nglanggar, priya mudha mau bisa nglirik maspadakake marang peperangan bebadaning si wanita ayu iku kanti sakatoge: … endi kang kepadhangan ing sorot, iya ing kono paran tumibaning pandelenge . .. nganti cetha wijang kabeh marang gatra wewangunaning saranduning awak kang mbeneri mepeg weweg ndemenakake mau … satuhu cingak rena sarta lamlaming paningal. Sakliwating alun-alun, karana isih tetep ing rasa sanggarunggi, saben lakune ngambah dalan kang rada kurang padhang lan sepi saka wis wektu tengah bengi iku, sarta sebab saka anggone kerep dhedhepelan mau, Pama dadi bisa grayangan kanti tangane kang kiwa marang lempeng bangkekan dalah gegere Suminten. Timbuling tindak-tanduk kang kaya mengkene iki sebab dayaning pikir kang ngira yen Minten dudu manungsa, nanging … peri bangsaning badan alusan. Bareng panitipriksane, iya sing sarana pandeleng uga sing sarana cekel demek grayanging tangan, wus ora bisa nemokake bukti apa-apa si nomnoman kancaku iku lagi gelem percaya yen Minten, wanita kang sulistya ing warna manganggo cara Jawa lan kang dadi kancane bareng lumaku rindhik-rindhikan mau, temen manungsa, uwong, dudu peri bang¬saning lelembut … cekake wis ilang babar-pisan tidha-tidha rangu-ranguning pikir … sirna resik satabet-tabeting sanubarine. Nalika iku lakune tekan kreteg tanggul sakidul kampung Dawung. Tekan sakidul desa Tanjunganom lakune rada suda rikate, marga dalane dadi mudhun, saya sepi lan petenge, saka wis kemput enteking listrik diyaning dalan. Pama, kang dhasare jejaka ndregil nakal lan kekendelane kang nganti ngilangake rasa duga-prayoga sarta kaprayitnaning dhiri, banjur wiwit nyekel tangan tengening Minten, wani nganti . . . lan rada keladuken . . . ngrangkul pundak barang! Nanging lagi bae mak plek tangan tumempel ing pundhak kiwa, dening tembunge si kenya ‘mBok nggih ampun ngoten ta, wong enten margi ngeten, kok!’ karo nggiwar mengiwa sawetara nggonggang lakune, banjur kaeculake maneh, wurung pangrangkule. ‘Teka rada galak lan nyengit temen ya kenya iki,’ mengkono ciptane Pama rada rengu atine. Embuh saka apa, bareng wis watara jam rolas luwih sethithik, lakune tekan ing kreteg Munyung, atine Pama wiwit kethukulan ing rasa dheg-dhegan wedi maneh, nuli pitakon: ‘Taksih tebih ta, Mbak, griyane saking ngriki?’ ‘mBoten, empun celak, kidul niku napa!’ wangsulane. ‘Nika ta, nggen diyan sing ketingal nika menggok ngilen sekedhik,’ karo nudingi sawijining diyan ting ing sisih kidul kang katon saka kono. Gandheng pangertine yen dalan gedhe mengidul banjur mengulon sethithik iku tekan ing kuburan Daksinalaya Gedanyung, atine kancaku dadi wuwuh wedine, mula banjur mogok lan muni mengkene: ‘Waaah inggih nyadhong sakathahing deduka lan nyuwun gunging pangapunten, Mbak, kula kepeksa mboten saged nglajengaken anggen kula ndherekaken tindakipun, kabekta kula sampun kesel sanget. Pramila badhe wangsul mantuk ngriki kemawon, nggih Mbak,’ karo mandheg ana ing satengah-tengahing kreteg. ‘Wah lo dospundi? Rak temtu dipundukani bapak kula mangke. Wong mung kantun celak kemawon kok,’ pandheseke nganti mara ngadeg nyedhak arep-arepan. ‘Nggih .. . ! Napa mboten mesakake kula ta sampeyan? Ingatase cah wedok kok ajeng mang culake ijen ing wanci tengah dalu tur petengan pisan. Ngga ta, lha pripun?’ Estu kok, Mbak, kula nyuwun pamit.’ ‘Wong wis kersa ngeterake we . .. kok ora sisan tekan ngomah! Rak ya piye … !’ ketara rada nesu. ‘Nggih mang ngendikakake napa mawon mpun sakersane, nanging kula tetep trimah wangsul ngriki mawon kok, mbak,’ karo nginger mbalik pite dadi ngalor. ‘Wong mung kantun celak men kok mboten gelem tenan ngeterake!’ entek kasabarane wuwuh muringe. ‘Kebangeten ‘tenan sampeyan niku! Ambak wong kok .. . !’ karo ndudut kacu putih saka ing slempitan setagen kang pener weteng sisih rada kiwa nduwur lan banjur kasabetake sendhal-pancing marang raine Pama. Kanggo nangkis sabetan kacu iku jejaka kancaku iki cukup ngeremake mripate karo pisan sedhela bae . . . dadi sakedhepan. Nanging bareng wis byar .. . melek maneh … dadi abang dluwang cahyane, awake gemeter welwelan ngoplok, atine dheg-dhegan miris banget, jalaran Minten si kenya ayu mau bisa ilang ora katon ing sakala iku uga. Cepet Pama mancalake sikile kang kiwa marang pedhale pite kang wis kebeneran mengalor sediya enggal-enggal oncat saka ing kono, nanging pamancading pedhal amung tansah luput-luput bae, nganti genep kaping telu, malah bareng kaping pate mak grobyag . . . tiba. Tanpa nggagas liya-liya maneh banjur age-age krekelan tangi ngedegake pite maneh, nuli cepet kasurung karo mlayu sawetara bae dhisik, pamrihe enggala oncat linggar saka ing papan kono mau … tenan, karepe kelakon! Bareng wis sawetara sepuluhan meter dohe, dhegdheganing ati, gumetering awak, rasa miris wedine wis rada suda, ewadene isih mawa kesusu, sikil kiwa wis pener mancad pedhal lan mak cengklak . . . tanpa noleh memburi terus mbandhang mengalor arep mulih menyang Jayengan. Tekan semene wis entek critane Pama mau. Ewa semono aku iya isih tetep ora percaya, jalaran pikirku durung bisa nemokake keterangan lan … malah terus terang bae, pangerti utawa kawruhe prakara iku aku sethithik bae isih durung utawa ora duwe babar pisan. Dadi isih suwung kothong blong! Lha wong mung lagi kandhane bae kok, kudu wis kon percaya! Ora sudi … gemang … wegah aku! Kejaba ta yen wis tau nglakoni dhewe …!!! [M.T. Suphardi, Putri Sumber Gayam, Sala, 1966] RajapatiAdam ora ngreti pira suwene ngadeg njegreg mengkono iku, nanging ora suwe uwong-uwong tamu hotel liyane uga nusul munggah loteng. Sing sepisan uwong setengah tuwa, manganggo piyama biru wis lawas. Banjur nom-noman loro lanang wadon. Nitik praupane sajak sedulur, sing tuwa wadon, kenya umur-umuran rolikur ngono; sing enom isih katon bocah, apa maneh manganggo kathok cekak. Tamu sing nusul keri dhewe pemudha nom-noman, bregas rupane lan ora gugupan, malah kepara seneng sembranan, ndugal. Iki mau kabeh tamu-tamu sing nginep hotel Suralaya kono bengi kuwi.
Selengkapnya - Rajapati
‘Weh, rajapejah punika,’ celathune wong sing nganggo piyama biru. ‘Ngatos-atos tindak-tanduk kita, sampun grusa-grusu. Langkung sae kita ngentosi pulisi rumiyin, sampun nindakaken punapa-punapa. Segawonipun sinten punika?’ Wong sing bisa guneman lancar sajake mung piyayi piyama biru kuwi. Liya-liyane bareng weruh kaanane wong mati kang gumlethak ngisor kursi kuwi padha cep meneng kabeh. Kenya kang kasebut mau nutupi raine lan njaluk sendhen adhine. Dene adhine, pemudha sing kathokan cekak kuwi, mung bisa kethap-kethip lan bolak-balik ngulu idu, ngilangi girise. Pemudha bregas sijine, sanadyan uga ketara melu kaget weruh mayit gumlethak iku, sajake ora patia maelu. Kanggone pemudha kuwi luwih gati ngawasake solahe kenya mau tinimbang liyane. Dheweke uga ora bisa kumecap apa-apa. ‘Segawon kula,’ wangsulane Adam kanthi rekasa. ‘Langkung sae dipunsingkiraken saking ngriku.’ Sarana ngati-ati Adam narik taline Mopi sing kleweran. Mopi ginjal-ginjal, karepe emoh ditarik ngadoh, nanging kepeksa nurut, marga Adam ngukuhi panarike. Ora watara suwe ana pulisi loro teka, uga sanalika munggah loteng lan mlenggong sedhela weruh sikil ngececeng cedhak kursi iku. Nanging pulisi sijine enggal eling kuwajibane, mula enggal celathu marang kancane: ‘Kang Daliman! Tilpunen inspektur Surya, kang.’ ‘Kowe wae, Ji. Aku tak njaga kene,’ wangsulane pulisi Daliman. Pulisi Taji mudhun nggoleki tilpun. ‘Ki sanak kabeh aja padha ngowahi barang-barang kang sumeleh ana kene,’ celathune Daliman kang satemene wis ora perlu maneh, marga tamu-tamu hotel kuwi wis padha ngreti patrape dhewe-dhewe. Ing ngisor pulisi Taji tilpun: ‘Hallo, pak Surya? Ami, Pak, agen pulisi Taji lapur. Wonten rajapejah. Inggih. Wonten hotel Sura … Suradira, eh … Suralaya, Ngapeman. Inggih, tiyang jaler, Pak. Kirang terang punika, Pak. Kita namung manggihi mayitipun. Punapa? Inggih. Inggih, dereng ewah kinten kula. O, inggih, inggih, mangke kula prentahaken mekaten. Sinten, pak? Handaka? O, dhetektip Handaka? Dereng, Pak. Inggih. Dados Panjenengan tilpun piyambak? Sinten, Pak? Dokter? Griya sakit inggih, Pak? O, inggih, inggih. Mangke kula padosanipun nomer tilpunipun.’ Sawise kuwi Taji banjur ngolak-alik buku notese, nuli tilpun maneh, nerangake marang dokter Murtihusada, dokter bagian prekara kriminil, larah-larahe kaanan hotel. Pulisi Taji banjur munggah maneh. ‘Piye, Ji? pitakone Daliman. ‘Dikon ngenteni sedhela. Pak Surya ndang rawuh karo komplote.’ ‘Sapa ta?’ ‘Detektip Handaka. Sajrone ngenteni kene dikon ngawas-awasi. Guneman karo wong-wong-wae ora pareng.’ ‘Percaya aku, Pak Surya pancen bangsa ora gelem keter lan emoh ketrucut yen nandangi prekara kaya ngene,’ wangsulane Daliman. Inspektur Surya teka, nggawa bala. Kejaba pulisi-pulisi kang pinatah njaga sakiwa-tengene hotel, diangkah aja ngetarani, uga dikancani piyayi nom-noman kuru, ora merbawani, nanging ngawaki. Inspektur Surya dhewe wis suwe ngasta ing kepulisian babagan kriminil. Uga yuswane wis ngemping pensiyun, nanging asmane taun kepungkur dadi kalok marga mbongkar prekara kecu ing Lawean. Dene piyayi kuru sing ngancani kuwi wong sing kerep urun pikir marang pulisi bab miyak wadine kadurjanan. Kanggone tlatah Jawa Tengah asmane wis dudu wong liya maneh, yaiku kang karan detektip Handaka. ‘Ora ana sing owah iki, ya?’ ngendikane pak Surya wiwit mriksa. Kabeh padha ngiyani. ‘Pripun? Sinten sing meruhi dhisik?’ pitakone pak Surya nganggo basa krama andhap. Sawise padha plingukan sedhela, Adam enggal ngacung kaya patrape bocah sekolah. ‘Anu, pak. Babu hotel, eh abdi hotel, ingkang ngonangi rumiyin. Piyambakipun jelih-jelih lajeng mandhap, semaput. Saged ugi dipunupakara tukang kebon wonten ngandhap …’ ‘Lha sing minggah mriki dhisik dhewe sinten saking ki sanak sing enten mriki niki?’ celathune inspektur Surya nugel rembug ora sabar. ‘Inggih kula, Pak. Tiyang estri wau semaput, kula lajeng minggah mriki,’ wangsulane Adam. ‘Wonten napa kok !terus minggah?’ ‘Lha wong abdi estri punika wau ketingalipun ajrih sanget, mila kula inggih kepengin sumerep punapa ingkang ngengajrihi punika.’ ‘Dados sampeyan dereng ngretos yen badhe manggihi mayit niku?’ ‘Boten nginten babar-pindhah, Pak,’ wangsulane Adam. ‘Lha segawon niku, sinten sing gadhah?’ ‘Inggih kula, Pak,’ ‘Lho, sampeyan rak tamu hotel ta?’ ‘Inggih, pak,’ wangsulane Adam rumangsa ora kepenak. ‘E, ya elok! Tamu nginep hotel kok nggawa kewan kaya ngono. Ya ra, Dhimas?’ celathune pak Surya, setengah njaluk timbangan Handaka. Detektip nonoman iku manthuk mbenerake. ‘Anu, Mas,’ celathune detektip Handaka sumela mumpung bisa nyelani, ‘takkira luwih becik takon-pitakonan iki diurus ana ngisor wae, marga kurang prayoga yen cedhak mayit ngene iki. Risi lho kanggone wong-wong iki.’ ‘Aku rujuk kuwi. Nanging apa ora luwih becik kita priksa dhisik mayit lan kaanan liyane iki?’ ‘Iya. Saiki disetitekake tanpa ngangkat mayit. Mayite mengko ben dipriksa lan diupakara pak Murtihusada. Dene bab mriksa kaanan kene luwih becik ngenteni wong sing ngreti kaanan kene dhek wingi-wingine. Takkira abdi sing semaput iku bisa dikon nyritakake barang-barang apa kang owah. Nanging sarehne saiki dheweke durung bisa, dadi bab mriksa kaanan kene disemayani dhisik.’ Mangkono pamrayogane detektip kuru kuwi. ‘Ya, ya. Mangga ki sanak sedaya mawon sami mandhap. Pancen boten penak omong-omong cedhak mayit,’ ujare inspektur Surya. ‘Apa maneh mayit tanpa sirah ngono,’ detektip Handaka nyambungi. ‘Heh? Tanpa sirah?’ Greg. Kabeh tumoleh marang panggonan mayit, lan nyetitekake pernah sirahe mayit. Persis nggon gulu ketutupan bantalan kursi, dadi saklerapan pancen ora ketara mayit mau wutuh apa ora. Nanging yen disetitek¬ake sedhela wae wong mesti ngreti yen mayit kuwi tanpa sirah. ‘Mayite sinten niku?’ pitakone detektip Handaka marang wong-wong. Nanging ora ana sing mangsuli, marga kabeh tamu hotel kamare padha ana ngisor. Utawa upama ngretia ya isih padha wedi ngaku. Sawise ngulatake kaanan kono sedhela, pak Surya lan detektip Handaka banjur melu mudhun nututi wong-wong liyane. Ana pulisi loro sing tetep dikon njaga ana nduwur. Tekan ngisor kabeh padha diacarani golek papan lungguhan dhewe-dhewe ana meja-kursi sakiwa-tengene kantor hotel. ‘Sing duwe hotel iki endi ta, kok ora muncul? Apa wis ditilpun?’ pitakone inspektur Surya marang para pulisi rerehane sing padha pinatah njaga lan ngulat-ulatake hotel kono. ‘Pak Dimin wonten pawon, Pak, ngupakara tiyang estri ingkang semaput,’ celathune sawijine pulisi jaga. ‘Sing duwe hotel kok pak Dimin! Pak Dimin sapa?’ ‘Ha inggih punika, Pak. Criyosipun pak Dimin ingkang kagungan hotel raden Tejakusuma, manggen wonten loteng.’ ‘We lha yen ngono rak sing dadi kurban kuwi ayake.’ ‘Saged ugi, pak.’ ‘Ketiwasan ane! Ora ana sing kena dijaluki keterangan bab hotel. Kejaba pak … pak sapa mau? Dimin? Sapa sing ngreti bab rerigening hotel iki?’ pitakone inspektur Surya. ‘Anu, pak. Criyosipun pak Dimin ingkang mandhegani bab tamu-tamu hotel punika kapasrahaken raden Jatmika ingkang pidalem wonten Timuran . ..’ ‘Lha ya kuwi sing tak-butuhake! Tilpunen ta! Ngono wae kok ya ndadak ngenteni prentah!’ ‘Inggih, sampun, Pak. Sampun dipunpethuk punika wau.’ Sawise kuwi pak Surya maspadakake tamu-tamu hotel maneh. Adam rada rikuh, marga dheweke katon aneh dhewe tinimbang wong-wong liyane. Dheweke nggawa asu. Gek wong liyane isih pating kriyip mentas tangi turu Adam wis dandan reresik awak dhewe. ‘Sampeyan ajeng budhal teng pundi kok esuk-esuk pun dandan?’ pita¬kone pak Surya. ‘Namung mlampah-mlampah kok, pak. Kula mboten saged tilem wau dalu.’ ‘Ee, boten saged tilem? Ning nggih boten mireng napa-napa?’ ‘Mirenga punika mesthinipun inggih mboten nginten wonten kedadosan kados ngaten, Pak,’ wangsulane Adam. ‘Mireng napa mawon?’ Adam gugup, nanging meksa ora nemu tembung sing setiti: ‘Kula mbo¬ten enget suwanten-suwanten punika kanthi cetha, pak.’ ‘Sampeyan tiyang pundit, ta?’ ‘Asal saking Ngawi, Pak. Nanging sapunika nyambut damel berah won¬ten Jakarta,’ wangsulane Adam. Pemudha cilik sing nganggo kathok cekak angop amba, nganggo nyuwara sajak bosen ditanggap pulisi ngono kuwi. Wong-wong padha noleh marang dheweke, ‘Her, Her!’ aloke mbakyune ngelikake polahe adhine kang kurang tata kuwi. Inspektur Surya endang nyusuli pitakon: ‘Adhik sampeyan niku, jeng?’ ‘Inggih, pak. Nyuwun pangapunten, pak, radi keladuk kirang duga.’ ‘Enggih. Sinten namine?’ ‘Suherwindra, pak.’ ‘Teksih sekolah ta?’ ‘Inggih, pak. Sampun S.M.A., nanging sok kados ngaten punika. Lare sapunika pancen kirang mreduli dhateng tatakrama …’ ‘Lha sampeyan, sinten namine, jeng?’ pitakone pak Surya munggel crita-crita sing kedawan. Kenya iku rada lingsem dipunggel ngono. Dheweke uga lingsem ditakoni jenenge. Lumrah kenya isin nyebut jenenge dhewe. ‘Wiwik, pak,’ suwarane lirih. ‘Sinten? Sing lengkap!’ ‘Wiwik Herawati.’ ‘Saking pundi?’ ‘Saking Malang, pak.’ ‘Perlu napa tindak Sala katik nyipeng hotel napa? Penting sanget napa?’ ‘Adhik libur, pak. Kita kepengin sumerep Tawangmangu. Ing Sala mriki kula boten gadhah sanak lan tepangan. Dados inggih nyipeng ing hotel mawon.’ ‘Yen perlu teng Tawangmangu kok nyipeng hotel mriki? Kok boten pados hotel sing celak setatsiyun bis utawi sepur?’ Kenya iku rada bingung, nanging wekasane ya bisa mangsuli: ‘Pak-lik kula maringi alamat hotel punika, pak.’ ‘Sinten ta, paklike niku?’ ‘Tiyang Malang ugi kok, pak. Nanging rumiyin sampun nate tindak Sala nyipeng mriki. Paklik rumaos remen nyipeng mriki.’ ‘Sampeyan tepang kaliyan tiyang ingkang wonten loteng wau?’ Kenya kuwi saya gugup, mangsuli rada kamisosolen: ‘Bo-boten, pak.’ ‘Estu?’ ‘Saestu, pak.’ “Benjing punapa tindak Tawangmangu niiturut rancangan sampeyan?’ ‘Kala wingi sampun, pak. Nanging kajeng kula mangke dolan mrika malih, margi kala wingi kirang jenak.’ ‘Elo. Lha mbok wingi nyare mrika mawon? Kok prelu timen wongsal-wangsul.’ pak Surya ngganter wae pitakone. ‘Kala wingi boten sangu kemul, pak. Kesupen yen pareden punika asrep. Lan malih kula sampun kelajeng njujug hotel mriki, dados barang-barang kula tilar mriki.’ Inspektur Surya manthuk-manthuk karo nggagas-nggagas. ‘Ning, niki mengke sampeyan boten angsal kesah saking hotel,’ wasana tuture. Banjur tumuju marang wong kabeh: ‘Sedaya mawon boten angsal medal saking hotel mriki dinten niki.’ ‘Nanging, pak, kula kedah nyambut damel. Kula kedah mandhegani pembangunan gedhung balaikota. Kula wonten ngriki dipundhatengaken saking Semarang prelu nyambut damel!’ Sing celathu kaya mengkono kuwi piyayi setengah tuwa sing ngagem piyama biru mau. Inspektur Surya tumoleh: ‘Sampeyan sinten?’ ‘Arsitek pemborong bangunan balaikota ngriki, pak. Harjatanaya nama kula.’ Suwarane Harjatanaya iku sareh lan mantep, mratandhani yen piyayi kuwi bisa mbeda-mbedakake endi sing perlu, ora perlu lan sing wigati. Sikep kang kaya mengkono mau ndadekake pak Surya ngajeni lan ragu-ragu marang prentahe dhewe. ‘Priye iki, dimas?’ inspektur Surya njaluk pamrayogane detektip Handaka. ‘Ora prelu ngurung wong-wong iki ana hotel kene ta, Mas,’ celathune detektip Handaka. Ben padha ngrampungake kuwajibane dhewe-dhewe, anggere mulihe padha mrene rak wis. Anggere pulisi yen butuh bisa ditlacak parane rak wis.’ Banjur bisik-bisik marang pak Surya: ‘Karo maneh, mas, yen kita longgari polahe wong-wong kuwi bisa uga kono ya lena lan obah-mosike wong-wong kuwi bakal nuntun kita marang wadine kadurjanan iki.’ Inspektur Surya manthuk-manthuk ngreti karepe Handaka, nanging uga isih kuwatir, ndulu pitakone sing uga bisik-bisik: ‘Lha mengko gek mlayu durjanane?’ ‘Tak-kira ora, marga, wong-wong iki padha ngreti yen pulisi wis ora luput ing pangincer yen mung nlacak wong-wong iki wae.’ Inspektur Surya banjur ngendika sora: ‘Nah sampeyan mireng piyambak, sampeyan sedaya angsal dolan-dolan, nanging dalu mangke kedah wangsul mriki. Kejawi ta yen kadurjanan niki mengke ndang bisa dirampungi, sampeyan saged ugi bebas kados adat saben.’ Kari pemudha sing bregas iku sing durung keprungu asal-usule. ‘Sampeyan sinten, ki sanak?’ pitakone pak Surya. Sing ditakoni mangsuli, sajak wis sediya wangsulan yen oleh giliran: ‘Nami kula Kusmen, pak. Padamelan kula dagang bikak toko, dados agen sepatu Bata wonten kitha Prabalingga, Jawi Wetan.’ ‘Teng Sala napa nggih ngurus dagangan?’ ‘Boten, pak. Kula prelu ngaso.’ ‘Ngaso kok teng Sala. Napa Sala langkung ayem tinimbang Prabalingga?’ Kusmen rneneng dhisik, mikir-mikir. Nalika celathu pikirane sajak durung terang: ‘Anu, pak. Sala pancen benten kaliyan Prabalingga. Nanging mireng Tawangmangu wau kula inggih lajeng kepengin dhateng Tawang¬mangu. Kula boten gadhah rancangan ingkang mantep pados panggenan kangge ngaso kok, pak.’ ‘Mas Kusmen! Sing ngatos-atos!’ ujare detektip Handaka menthelengi Kusmen. Sing dipenthelengi gragapan. ‘Sampeyan enten ngajenge pulisi lan kesangkut bab kadurjanan. Yen mangsuli ampun angger mongsuli. Sing blaka! Ampun gampang-gampangan anut grubyug rembug bab Tawangmangu!’ ‘Lho mboten anut grubyug kok, mas. Saestu punika. Kula pancen badhe dhateng Tawangmangu enjing punika.’ ‘Anggen sampeyan gadhah rancangan niku rak mboten margi mireng saking criyose jeng Wiwik niku!’ celathune Handaka nuduh. ‘Lho enggih, margi Wiwik kok, mas!’ ‘Napa?’ Kusmen ora endang mbaleni tuture. Dheweke krasa yen ketrucut. ‘Nah,’ ujare Handaka, ’sampeyan mesthi empun tepung jeng Wiwik, ketara njangkar mawon.’ Kusmen ora bisa mangsuli. ‘Kusmen ki lho!’ ujare Wiwik jengkel karo mrengut. ‘Ora apa-apa ta, Wik. Anggere kene ora gepok-senggol karo bab rajapati iki rak wis! Rak lumrah ta, jaka kaya aku tepung karo kenya kaya kowe?’ Saya suwe, bareng wis nyata kawedhar, swarane Kusmen saya krasa seneng. ‘Wiwit dhek napa sampeyan tepung jeng Wiwik?’ inspektur Surya ngetok rembug. ‘Sampun dangu, pak. Saderengipun kula pindhah Prabalingga. Saderengipun kula bikak toko.’ ‘Kusmen, Kusmen! Lancange!’ ujare Wiwik. ‘Kene kudu blaka, Wik, karo pulisi.’ ‘Embuh, embuh! Gething aku!’ ‘Wong tepungan ngoten mawon kok diwadekake ta, jeng?’ celathune inspektur Surya karo rada arep mesem. Wiwik mrengut wae. ‘Maklum, pak. Lha wong semayane mriki sajake inggih boten kasumerapan keng ramane,’ ujare jaka bregas iku karo klecam-klecem. ‘Kusmen! Sembrana kowe! Rumangsamu aku iki wong uculan, nilapake rama prelu nemoni kowe?! Aku suthik ketemu kowe, tak-kandhani! Wong lok ora idhep isin!’ ‘Ho-ha-hem.’ ‘Her! Karepmu ki piye ta? Angop kok diblak wae!’ Suherwindra kethap-kethip wae. Kusmen ora ketara isin dielokake kenya kaya ngono, malah sajak arep mbeda. Weruh solahe kenya kang trengginas mau pak Surya uga banjur mesem. Nalika iku lawange ruwang tengah dibukak uwong, banjur muncul dokter Murtihusada. Rawuhe diiringi juru-rawat lanang loro ngusung tandhu. ‘Terus wae, mas. Ana loteng kana kurbane,’ ngendikane pak Surya. Dhayoh-dhayoh anyar mau banjur terus munggah undhak-undhakan tanpa kesuwen omong-omong lan mompar-mampir guneman liyane. [Suparto Brata, Tanpa Tlacak, Surabaya, 1963] WANITASore iki kanthi ngrasakake rasa perihe ati sing rojah-rajeh, Sri njangkahake sikile tumuju papan sing wis tinamtokake kanggo sapatemon klawan Erni, wanita sing sasuwene iki wis njiret atine Sandi, bojone. Sri kepengin ngrampungake perkara slingkuhe Sandi sadurunge kabeh uwong padha ngerti bab kuwi. Sri perlu njaga jenenge bojone ing sangarepe atasan lan kanca-kanca guru liyane. Bareng ana prekara kasebut Sri lagi ngrasakake kaya ngapa gedhene tresnane marang Sandi lan kulawargane. Mulane Sri rumangsa isin manawa wadi kuwi kewiyak ing ngakeh, banjur padha alok:
Selengkapnya - WANITA
"Guru sing kudune dadi patuladhan, kok malah nindakake kanisthan." "Pak Sandi sing piyayine anteng kaya ngana kae slingkuh?!" "Antenge anteng baya!" "Pak Sandi ngrusak pager ayu." "Pak Sandi...." Isih akeh maneh ukara-ukara sing bakal ngremukake atine. Lan sing baku Sri emoh dimaru. Senajan ta mangkono, ing perangane atine Sri sing ajur isih ana rasa seneng sing sumelip, yaiku Sandi gelem blaka marang dheweke, sadurunge sesambungane klawan Erni kasebut dimengerteni wong akeh. Wektu Sandi mbalakake sesambugane klawan Erni, Sri sakal shock, thenger-thenger, ora bisa kumecap apa-apa. Panone sumrepet, peteng, klemun-klemun. Sri semaput. ***** Sri, wanita sing duwe pawakan lencir kuning kuwi katon bregas lan katon luwih enom saka umure sing wis luwih saka patang puluh taun. Apa maneh manawa dheweke menganggo pakeyan sing warnane sarwa sumringah. Samangsa lumaku klawan anak-anake katon kaya dene mbakyu lan adhi. Nanging yagene Sandi keduga menggok dalan seneng klawan wanita liya? Slingkuh? Pitakon kuwi tansah nothoki atine. Tansah njaluk dibukakake lawang wangsulan kanthi cetha. Kamangka dheweke rumangsa ora tau nguciwani manawa leladi marang bojo. Lan Sandi dhewe sasuwene iki ya ora tau nuduhake tindak-tanduk sing nyubriyani. Marang Tatag lan Tanggon, anak-anake sing saiki padha sekolah ing SMA, tansah nyisihake wektu kanggo dolan utawa nuruti apa kekarepane anak-anake ing sela-selane wektune sing uleng-ulengan gawean. Restoran "Mugi Marem", sing didesain swasana alam sing mapan ing pinggir kutha Wonogiri kuwi ora pati rame kaya adat saben, saengga Sri bisa mbalangake panyawange ing saindenging restoran kanthi bebas. Erni durung katon teka. Sri banjur milih papan sing lesehan, sing mapan ana pojok kidul kulon sing cedhak karo blumbangan, pamrihe kareben muwuhi swasana sing santai lan ora kemrungsung, saengga atine sing tansah goreh lan panas ngalad-alad amarga rasa cemburu, bisa sirep. Lan tundhone anggone rembugan klawan Erni ora dikantheni nepsu. Sabab yen nganti nepsu, ora wurunga wadi kuwi kewiyak ing wong akeh, kamangka bab kuwi ora dikarepake. "Sri." Sri kaget ana swara ngundang jenenge. Sri mengo ngiwa nengen, nanging ora katon ana wong sing ngundangi. Sri bali meneng, nanging pikirane tansah ora jenjem. "Sri, aku ana kene. Ana ngarepmu." Kembang mawar warna jambon sing ditata ing vas kuwi obah alon. Saka kembang kuwi lamat-lamat banjur saya cetha ana wewujudan pawongan sing gedhene udakara satawon madu. Wewujudan kuwi memper Sri. Sri kaget, banjur pitakon: "Kowe sapa?" "Kowe mrene arep ngapa? Apa kowe rumangsa wis bener? Apa sing kokurbanake marang anak bojomu eklas lair batin?" wewujudan kuwi ora wangsulan nanging malah pitakon marang Sri. Sri ora ngira yen bakal oleh pitakonan kaya ngono. Dheweke bingung ora bisa wangsulan apa-apa. Pikirane saya ora karuh-karuwan. Pitakon kuwi wis mbukak wadi sing sasuwene iki disimpen, dibundheli ing thelenging atine. Wekasane Sri mung mlenggong. "Coba, ungaken maneh lelakon sing wis kawuri. Ungaken maneh isine atimu. Apa sing koduweni wis kosuntak, sok glogok sawutuhe kanggo bojo lan anak-anakmu. Apa sing kotindakake kuwi tulus kanggo kulawargamu?" "Rumangsaku ya ora kurang kawigatenku marang bojo lan anak. Kabeh dakwenehake sawutuhe." wangsulane Sri sawise rada sawetara ora kumecap amarga dipleter pitakonan sing melehake dheweke. "Aja nganggo tembung ‘rumangsaku’. Tembung kuwi nduweni teges manut kowe dhewe, ora manut panemune wong liya, utamane manut bojomu lan anak-anakmu. Coba aku daktakon, apa tujuane kowe nyambut gawe?" "Kanggo melu ngrewangi ngentheng-enthengake sanggane Mas Sandi." "Apa ora merga anggonmu seneng lunga saka ngomah lan ngendhani tanggung jawab nggulawenthah anak-anakmu?" Sri mung meneng. Dheweke mbenerake tembunge wewujudan sing memper dheweke kuwi. Dheweke banjur kelingan nalika anake mbarep lagi umur rong taun nate lara panas. Sri dipenging Sandi supaya ora mlebu dhisik. Sri ora gelem. Kanthi pawadan gawean dheweke wangsulan: "Gawean kantor numpuk-numpuk, Mas. Kudu rampung dina iki. Tur maneh mbahe rak ya ana ta." Gandheng Sri nekad mlebu kantor, wusanane Sandi sing ngalah ora mlebu menyang sekolahan, kamangka wektu kuwi ana rapat sing wigati. Ora mung kuwi. Kanthi alesan melu ngrewangi golek tambah kanggo nyukupi butuh, dheweke tega masrahake anake dimong wong liya senajan nalika anake lagi mriyang. Sabenere Sandi ora tau merkarakake bab kuwi. Sandi nrima, ngalah, lan nglenggana. Nanging Sri olehe wangsulan nylekit, nglarani ati. "Yen ora dakrewangi kaya ngene gaji sampeyan apa cukup kanggo makani anakmu. Nalika sampeyan durung nyambut gawe, durung dadi PNS, sing dipangan kuwi apa? Rak ya aku ta sing golek? Kok lali karo biyen. Bareng saiki wis genah gawene wiwit mbatesi olehku nyambut gawe." Ukara-ukara kang kaya mangkono iku kang kanggo sanjata manawa dipenggak Sandi supaya ora mlebu kantor jalaran perkara kang ana gegayutane klawan anak-anake. "Wis, Sri. Ora susah akeh-akeh kowe miyak wadi sing kobundheli lan kosimpen primpen ing atimu. Cukup. Aku wis ngerti kabeh. Saiki aku dakkandha. Anak-anakmu lan bojomu butuh kawigaten lan kasih sayang saka kowe. Dudu dhuwit, dudu bandha. Dadi yen saiki bojomu slingkuh, salahna awakmu dhewe, amarga kowe wis nengenake gaweanmu, ngiwakake kulawargamu. Tundhone saben-saben ana perkara kowe mesthi ngucap: 'yen ora takrewangi kaya ngene urip iki bakal sarwa kecingkrangan'. Kowe wis nyepelekake bojomu. Tresnane Sandi marang kowe lan anak-anakmu ora ana tandhinge. Kowe sing salah panampa. Bareng saiki dheweke slingkuh, piye rasane atimu? Sri, kowe apa ora mesakake marang bojomu. Asil saben sasine kalah akeh klawan kowe, nanging angger ana seling surupe panemu, kowe mesthi nguthik-uthik bab asil kas kayamu. Bojomu kuwi dudu wong lanang sing lumuh. Coba ta, yen awan dheweke mulang lan menehi les, dene yen bengi nganti lingsir wengi dheweke nulis artikel apa crita cekak, senajan arang sing kapacak ana ing kalawarti. Kuwi mujudake lelabuhan sing ora cilik kanggo kulawargane. Nanging anggonmu mbiji Sandi mung saka kaca mata materi. Sri, kowe wis amping-amping tetembungan 'emansipasi', lan uga 'persamaan gender' banjur kowe tega marang anak bojomu. Kamangka anggonmu negesi marang tembung-tembung kuwi salah. Kowe ora ngajeni bojomu. Gondhelana unen-unen kuna: 'swarga nunut, neraka katut'. Kepriyea bae kowe jejere wong wadon. Yen bojomu kajen keringan kowe uga bakal melu kajen, nanging sewalike, yen bojomu nistha kowe uga katut kanisthane bojomu." Sri ora bisa kumecap. Dheweke lenger-lenger. Apa sing diucapake dening wewujudan kuwi kabeh bener. Dheweke wis nglirwakake lan nyepelekake marang Sandi. Panemune sing sasuwene iki dianggep bener, jebul mung saka rumangsane dhewe thok. Dheweke ora nimbang marang atine Sandi. "Wis, Sri, yen kowe wis ngakoni luputmu, ateges kowe wis ngerti yagene Sandi nganti tumindak slingkuh, gandheng tresna klawan Erni ngono kuwi. Lan saiki kowe bisa aweh putusan sing adil ngenani perkara sing nedheng kokadhepi. Wis, saiki aku dakbali maneh menyang thelenging atimu. Karia slamet, Sri." "He, Jeng, aja ngalamun." Sri njola krungu swara sing wis ditepungi. Swarane Sandi. Sakkal raine abang ireng. Sri ora enggal-enggal mengo, nanging malah njegreg kaya patung. Pikirane cawuh antarane kaelokan sing mentas kelakon klawan rasa wedi lan isin manawa kekarepane menyang restoran iki sing saperlu sapatemon klawan Erni dimangerteni dening Sandi. Sabab Sri pancen ora kandha marang Sandi manawa bakal sapatemon klawan Erni saperlu ngrampungake perkara siji kuwi. Saiki wis kebacut. Sandi wis kebacut ngerti marang dheweke sing ijen ana ing restoran iki. Nanging dheweke durung yakin manawa Sandi ngerti marang kekakrepane. Sapama Sandi ngerti, iki malah mujudake kesempatan kanggo nuduhake rasa tresnane marang Sandi. Kanggo nuduhake manawa atine tetep kukuh lan kenceng manawa Sandi ora kena dimeliki wong wadon liya kejaba dheweke. Lan wiwit dina iki uga, sawise dheweke sapatemon klawan pawongan sing nyalawadi sing tuwuh saka telenging atine, dheweke bakal luwih nggatekake marang Sandi lan anak-anake. Dheweke bakal ngajeni marang bojone. "Jeng, yagene mung meneng? Ana apa?" ucape Sandi sinambi lungguh njejeri Sri sing panggah ora obah. "Ora sah nyalahke sapa-sapa. Jeng Sri ora sah goreh mikir bab olehku slingkuh." ucape Sandi sinambi mesem. "Mas. Kersa njenengan kuwi piye? Njenengan ngendika yen sesambungan tresna klawan Jeng Erni. Lha, kok aku kon meneng bae kuwi piye. Aku kuwi sisihanmu, Mas. Mosok kon nglilakake bojone mbagi tresnane klawan wanita liya? Wong wadon ngendi sing bisa nglakoni?" Sri wiwit emosi. Kanthi kebak sih lan tresna Sandi tumuli ngrangkul Sri. "Ora sah samar ngenani katresnanku marang sliramu. Tresnaku ora bakal dakbagi klawan wanita liya kejaba mung kanggo sliramu lan anak-anakku. Kanggo kulawargaku." "Ora percaya!" tembunge Sri mbantah sinambi ngupaya nguwali ruketane Sandi. Senajan ta mangkono ana rasa bungah sumelip ing atine. Sri ngerti watak wantune sing lanang. Sandi sasuwene iki pancen ora tau goroh yen omongan. "Mosok ora percaya ta, Jeng?" pitakone Sandi sinambi nguculi rangkulane. "Erni kuwi tokoh fiktif sing dakcipta. Nomor hand phone sing kok hubungi kuwi duweke Mbak Yayuk. Iki kabeh sing gawe aku." "Mbak Yayuk-e dhewe?! Budhe Yayuk?! Terus kersa njenengan apa, Mas?" "Ben kepenak olehe rembugan, saiki ngalih ing papan kana." Sandi menyat sinambi nyekel tangane Sri. Sing diajak mung manut. Sri kaget ngerti papan sing dituju kuwi papan sing wis ditata kanthi becik lan rapi. Ing meja wis cumepak wedang lan snack. Direnggani kembang mawar lan lilin. Saya maneh ing tengahe meja ana kue tart cilik mawa tulisan: "Selamat Ulang Tahun ke 15 Perkawinan Kita". Ngerti kaanan kaya ngono kuwi mripate banjur kaca-kaca. Sri ora kuwawa maneh mbendung luh kabagyan lan katresnan. Wusanane luh kuwi ambrol nelesi pipine. Sandi banjur dirangkul kanthi kebak sih. Dening Arih Numboro, Wonogiri, September Ceria 2005.
Langganan:
Postingan (Atom)
Budaya Jawa
Nembe pun garap sedulur...
ndherek pitepangan![]()
Blog ArchiveTopik
Followers |