Ing pojok lor-kuloning desa Gedhanyung, dadi pinggir kali urute Ngasinan kang sisih dhuwur, cedhak karo kuburan kang kapager tembok mubeng, ana sawijining sumber, dudu sendhang, amarga iya mung prempal-prempul cilik-cilik banget. Pancena ngono banyune bening, nanging gandheng ora kapigunakake apa-apa malah katon reged kecemplungan ing godhong pring lan gayam amarga ing pinggire wetan ana wite gayam gedhe lemu ngrembuyung edhum peteng, njalari sepi singub angker wingit medeni, dhasar cedhak karo baronganing pring ori. Bludaganing banyu kang urut ing srewehan ing lemah padhas iku mili mengisor ngulon mbanjur kemricik tumetes marang ing kali kang pinggirane akeh gesong-gesongane lan gerong-gerongane kang katon jero-jero peteng.
Pinggirane sumber kang jembare watara karo tengah meter pesagi iku ora gasik limit, nanging malah katon rungkud dening ledhung-ledhunging suket sarta piskucing kang padha thukul ana ing kono. Kabeh iku kapara anambahi singubing sesawangan kang mahanani yen panggonan mau arang banget kambah ing uwong. Ing jero sumber akeh bibise, wader cilik-cilik lan precile, ana sing isih wujud cebong kang padha langen sliwar-sliwer campur lan bibit wader-wader mau. Ya mung iku kang ngenggoni utawa nunggu ing sumber ngisor gayam iku.
Miturut wartane wong-wong ing sacedhake kono sumber mau dienggoni ing lelembut, ya kuwi kang lumrahe diarani peri. Nanging aku ora percaya, jalaran yen saka rumangsaku durung tau aku meruhi marang peri kang jumedhul saka ing kono lan prekara iku angel banget anggonku arep mbuktekake ing kasunyatane. Mula sanadyan akeh lan werna-werna banget aku krungu cecritan bab lelembut utawa memedi, uga dhek aku isih bocah kae kerep aku didongengi dening wong tuwa-tuwa bab bocah digondhol wewe lan … ya isih akeh maneh liya-liyane sebangsane iku, nanging aku tetep ora percaya marang ananing lelembut, dhemit, setan, gendruwo, jim, peri, prayangan, thethekan, banaspati, thongthong-sot, kang sok padha nyrawung medeni marang manungsa ing alam donya kaya aku dhewe iki. Nanging … aran ndelalah, apa ya tembung ndaradasihi ngono kae, gandheng karo sumber gayam iki aku dicritani dening kancaku dhewe sing omahe ana kampung Jayengan sajroning kutha Sala, Supama jenenge, mengkene.
Pama iku umur-umurane lagi jajahan sanga likuran taun, pancen barakan karo aku. Dheweke isih jaka, durung omah-omah, nanging wis nyambut gawe dadi tukang dodol karcis ing gedhong biyoskup Fajar, Purbayan. Anuju sawijining bengi, jam rolasan, sawise bubaran biyo¬skup, Pama ngetokake pite arep mulih. Dingaren wektu iku dheweke ora enggal-enggal nyengklak nunggang pit, nanging malah mung dituntun wae karo mlaku sakepenake. Bareng tekan sangareping Bank Negara Indonesia dheweke nglirik mengiwa lan weruh yen ing pinggir dalan ana sawijining putri kang manganggo cara Jawa, nganggo slendhang, nyekel tas plastik rada cilik, ngadeg ijen lingak-linguk sajak nggoleki utawa ngenteni rewange. Rehning jalaran Pama yen mulih kagolong keri dhewe, let watara setengah jam karo budhaling para penonton biyoskup lan sawise ngetung sarta nyetorake dhuwit pepayoning karcis marang kasire, lan saka rumangsane putri mau iya apik tenan rupane, sarwa prasaja pantes dedeg-piadege dalah sapanganggone, mula kanthi pikir: ‘Iya iki putri Sala sejati . . . wis wayah ngene teka isih ana keceran putri siji … bejaning awak, sapa ngerti, dheweke wiwit nyapa-aruh mengkene:
‘Ngentosi sinten ta, Mbak, Panjenengan?’
‘Ngentosi sedherek kula, Ngadiyem,’ wangsulane. ‘Kala wau sanjang menawi ningali biyoskup ing Fajar ngriku.’
‘Ing mangka ingkang sami ningali sampun telas punika, mangke gek ketlisiban . .. lha dalemipun pundi?’
‘Tebih kok, Dhik, njawi kitha .. . ngGedanyung, salering kuburan umum Daksinalaya,’ karo mesem semu rikuh.
‘Menawi ngaten mangga kondur kemawon, kula dherekaken . . . kersa?’ karo nyedhaki mandheg nyedhekoni stanging pite.
‘mBoten! Kula ajrih!’ wangsulane cekak.
‘Ajrih . . . kadospundi ta?’ pandheseke Pama karo rada nyedhak maneh lan nyawang paraiane … ‘waduh, nyata ayooou banget tenan ing atase bocah ndesa, dhasar tanpa cacad .. . lugu, iya iki sing dakkarepake!’
‘Ajrih kaliyan bapak … temtu dipundukani kula mangke, jalaran kala wau mangkatipun sangking griya sareng,’ karo katon rada suntrat polatane.
‘Menawi ngaten rehning tiyang ningali sajakipun inggih sampun telas saestu, pramila prayoginipun mangga kula dherekaken kondur kemawon, ngiras pantes, mbokmanawi mangke pinanggih utawi nglanggar sederek panjenengan punika lajeng kula aturi kondur sesarengan. Kula ugi badhe mantuk piyambak kemawon, katimbang nengga wonten ing riki piyambakan tur tanpa gina sajakipun,’ pangglembuke Pama.
Tanpa wangsulan kenya kang sulistya ing warna mau banjur minger mengidul wiwit lumaku, tangan tengen nggered kenceng ningsetake klambine, tangan kiwa nggawa tas plastik kanggo lembehan, lendreg-lendreg rindhik semu mangu-mangu mudhun saka ing trotowar nugel dalan gedhe kang mengetan marang Pasar Gede, munggah maneh ing trotowar sakulon Bank Rakyat lan Kantor Kawat, mengidul parane. Pama njejeri … mbarengi lumaku karo nuntun pite ing sisih tengene miwiti guneman mengkene: ‘Dipuntepangaken kemawon, inggih Mbak, nami kula Supama.’ Mengo nyawang Pama sedhela kenya iku mangsuli: ‘Inggih … menawi kula Suminten,’ karo mesem bali tumungkul.
Sajroning padha lumaku mau Pama karep mboncengake, kang supaya bisa rikat lakune lan mbokmenawa bisa enggal nututi utawa ketemu karo Ngadiyem, sedulure kang dikira wis ndhisiki mulih mau. Panari iku tansah katulak terus dening Minten, kang suwene-suwe nganti nimbulake gagasan-gagasan kang rupa-rupa lan kang ora-ora ing sajeroning atine si tukang karcis mau. Pama ngrogoh njupuk rokok Menara saler saka ing kantonging clana kang tengen, kaakep lan banjur mak jres … nge-rekake reke kanggo nyumed rokoke. Nalika nyumed ngempakake rokok mau mripate Pama nglirik ngawasake marang raine Minten kang kapadhangan ketaman ing sorote urube rek, jalaran . .. ‘engko gek dudu uwong tenan bocah iki,’ mengkene osiking atine. Bareng wis cetha yen kenya mau temen-temen arai ayu lan sawise rokok kang kaakep bisa tedhas panyumede, reke enggal-enggal dipateni, nanging ora tumuli dikan¬tongi malah diciglokake, marga ’sikile’ apa ya sikiling wong tenan ya … ngko gek sikil jaran?’ thukuling pikirane. Kanti rek kang mentas katibakake kang nuli dikantongi iku Pama weruh yen wanita mau uga mawa sikil lumrah bae. Ewa semono atine kancaku isih tetep kurang mareme.
Wuwuh-wuwuh bareng lakune ngambah ing alun-alun lor lan saben meruhi regemeng njenggerenging wit ringin wanita mau mesti nelakake rada wedine sarana uni ‘hiii’ nyekeli tangane Pama sarta ndhepepel lakune, mula saka soroting lampu-lampu montor, becak lan sepedhah kang padha papagan utawa nglanggar, priya mudha mau bisa nglirik maspadakake marang peperangan bebadaning si wanita ayu iku kanti sakatoge: … endi kang kepadhangan ing sorot, iya ing kono paran tumibaning pandelenge . .. nganti cetha wijang kabeh marang gatra wewangunaning saranduning awak kang mbeneri mepeg weweg ndemenakake mau … satuhu cingak rena sarta lamlaming paningal.
Sakliwating alun-alun, karana isih tetep ing rasa sanggarunggi, saben lakune ngambah dalan kang rada kurang padhang lan sepi saka wis wektu tengah bengi iku, sarta sebab saka anggone kerep dhedhepelan mau, Pama dadi bisa grayangan kanti tangane kang kiwa marang lempeng bangkekan dalah gegere Suminten. Timbuling tindak-tanduk kang kaya mengkene iki sebab dayaning pikir kang ngira yen Minten dudu manungsa, nanging … peri bangsaning badan alusan.
Bareng panitipriksane, iya sing sarana pandeleng uga sing sarana cekel demek grayanging tangan, wus ora bisa nemokake bukti apa-apa si nomnoman kancaku iku lagi gelem percaya yen Minten, wanita kang sulistya ing warna manganggo cara Jawa lan kang dadi kancane bareng lumaku rindhik-rindhikan mau, temen manungsa, uwong, dudu peri bang¬saning lelembut … cekake wis ilang babar-pisan tidha-tidha rangu-ranguning pikir … sirna resik satabet-tabeting sanubarine. Nalika iku lakune tekan kreteg tanggul sakidul kampung Dawung. Tekan sakidul desa Tanjunganom lakune rada suda rikate, marga dalane dadi mudhun, saya sepi lan petenge, saka wis kemput enteking listrik diyaning dalan. Pama, kang dhasare jejaka ndregil nakal lan kekendelane kang nganti ngilangake rasa duga-prayoga sarta kaprayitnaning dhiri, banjur wiwit nyekel tangan tengening Minten, wani nganti . . . lan rada keladuken . . . ngrangkul pundak barang! Nanging lagi bae mak plek tangan tumempel ing pundhak kiwa, dening tembunge si kenya ‘mBok nggih ampun ngoten ta, wong enten margi ngeten, kok!’ karo nggiwar mengiwa sawetara nggonggang lakune, banjur kaeculake maneh, wurung pangrangkule. ‘Teka rada galak lan nyengit temen ya kenya iki,’ mengkono ciptane Pama rada rengu atine.
Embuh saka apa, bareng wis watara jam rolas luwih sethithik, lakune tekan ing kreteg Munyung, atine Pama wiwit kethukulan ing rasa dheg-dhegan wedi maneh, nuli pitakon: ‘Taksih tebih ta, Mbak, griyane saking ngriki?’
‘mBoten, empun celak, kidul niku napa!’ wangsulane. ‘Nika ta, nggen diyan sing ketingal nika menggok ngilen sekedhik,’ karo nudingi sawijining diyan ting ing sisih kidul kang katon saka kono. Gandheng pangertine yen dalan gedhe mengidul banjur mengulon sethithik iku tekan ing kuburan Daksinalaya Gedanyung, atine kancaku dadi wuwuh wedine, mula banjur mogok lan muni mengkene: ‘Waaah inggih nyadhong sakathahing deduka lan nyuwun gunging pangapunten, Mbak, kula kepeksa mboten saged nglajengaken anggen kula ndherekaken tindakipun, kabekta kula sampun kesel sanget. Pramila badhe wangsul mantuk ngriki kemawon, nggih Mbak,’ karo mandheg ana ing satengah-tengahing kreteg. ‘Wah lo dospundi? Rak temtu dipundukani bapak kula mangke. Wong mung kantun celak kemawon kok,’ pandheseke nganti mara ngadeg nyedhak arep-arepan. ‘Nggih .. . ! Napa mboten mesakake kula ta sampeyan? Ingatase cah wedok kok ajeng mang culake ijen ing wanci tengah dalu tur petengan pisan. Ngga ta, lha pripun?’ Estu kok, Mbak, kula nyuwun pamit.’
‘Wong wis kersa ngeterake we . .. kok ora sisan tekan ngomah! Rak ya piye … !’ ketara rada nesu.
‘Nggih mang ngendikakake napa mawon mpun sakersane, nanging kula tetep trimah wangsul ngriki mawon kok, mbak,’ karo nginger mbalik pite dadi ngalor.
‘Wong mung kantun celak men kok mboten gelem tenan ngeterake!’ entek kasabarane wuwuh muringe. ‘Kebangeten ‘tenan sampeyan niku! Ambak wong kok .. . !’ karo ndudut kacu putih saka ing slempitan setagen kang pener weteng sisih rada kiwa nduwur lan banjur kasabetake sendhal-pancing marang raine Pama. Kanggo nangkis sabetan kacu iku jejaka kancaku iki cukup ngeremake mripate karo pisan sedhela bae . . . dadi sakedhepan. Nanging bareng wis byar .. . melek maneh … dadi abang dluwang cahyane, awake gemeter welwelan ngoplok, atine dheg-dhegan miris banget, jalaran Minten si kenya ayu mau bisa ilang ora katon ing sakala iku uga. Cepet Pama mancalake sikile kang kiwa marang pedhale pite kang wis kebeneran mengalor sediya enggal-enggal oncat saka ing kono, nanging pamancading pedhal amung tansah luput-luput bae, nganti genep kaping telu, malah bareng kaping pate mak grobyag . . . tiba. Tanpa nggagas liya-liya maneh banjur age-age krekelan tangi ngedegake pite maneh, nuli cepet kasurung karo mlayu sawetara bae dhisik, pamrihe enggala oncat linggar saka ing papan kono mau … tenan, karepe kelakon!
Bareng wis sawetara sepuluhan meter dohe, dhegdheganing ati, gumetering awak, rasa miris wedine wis rada suda, ewadene isih mawa kesusu, sikil kiwa wis pener mancad pedhal lan mak cengklak . . . tanpa noleh memburi terus mbandhang mengalor arep mulih menyang Jayengan.
Tekan semene wis entek critane Pama mau. Ewa semono aku iya isih tetep ora percaya, jalaran pikirku durung bisa nemokake keterangan lan … malah terus terang bae, pangerti utawa kawruhe prakara iku aku sethithik bae isih durung utawa ora duwe babar pisan. Dadi isih suwung kothong blong! Lha wong mung lagi kandhane bae kok, kudu wis kon percaya! Ora sudi … gemang … wegah aku! Kejaba ta yen wis tau nglakoni dhewe …!!!
[M.T. Suphardi, Putri Sumber Gayam, Sala, 1966]
Jumat, 17 April 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Budaya Jawa
Nembe pun garap sedulur...
ndherek pitepangan![]()
Blog ArchiveTopik
Followers |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar