Jumat, 17 April 2009

Rajapati

Adam ora ngreti pira suwene ngadeg njegreg mengkono iku, nanging ora suwe uwong-uwong tamu hotel liyane uga nusul munggah loteng. Sing sepisan uwong setengah tuwa, manganggo piyama biru wis lawas. Banjur nom-noman loro lanang wadon. Nitik praupane sajak sedulur, sing tuwa wadon, kenya umur-umuran rolikur ngono; sing enom isih katon bocah, apa maneh manganggo kathok cekak. Tamu sing nusul keri dhewe pemudha nom-noman, bregas rupane lan ora gugupan, malah kepara seneng sembranan, ndugal. Iki mau kabeh tamu-tamu sing nginep hotel Suralaya kono bengi kuwi.
‘Weh, rajapejah punika,’ celathune wong sing nganggo piyama biru. ‘Ngatos-atos tindak-tanduk kita, sampun grusa-grusu. Langkung sae kita ngentosi pulisi rumiyin, sampun nindakaken punapa-punapa. Segawonipun sinten punika?’
Wong sing bisa guneman lancar sajake mung piyayi piyama biru kuwi. Liya-liyane bareng weruh kaanane wong mati kang gumlethak ngisor kursi kuwi padha cep meneng kabeh. Kenya kang kasebut mau nutupi raine lan njaluk sendhen adhine. Dene adhine, pemudha sing kathokan cekak kuwi, mung bisa kethap-kethip lan bolak-balik ngulu idu, ngilangi girise. Pemudha bregas sijine, sanadyan uga ketara melu kaget weruh mayit gumlethak iku, sajake ora patia maelu. Kanggone pemudha kuwi luwih gati ngawasake solahe kenya mau tinimbang liyane. Dheweke uga ora bisa kumecap apa-apa.
‘Segawon kula,’ wangsulane Adam kanthi rekasa. ‘Langkung sae dipunsingkiraken saking ngriku.’
Sarana ngati-ati Adam narik taline Mopi sing kleweran. Mopi ginjal-ginjal, karepe emoh ditarik ngadoh, nanging kepeksa nurut, marga Adam ngukuhi panarike.
Ora watara suwe ana pulisi loro teka, uga sanalika munggah loteng lan mlenggong sedhela weruh sikil ngececeng cedhak kursi iku. Nanging pulisi sijine enggal eling kuwajibane, mula enggal celathu marang kancane: ‘Kang Daliman! Tilpunen inspektur Surya, kang.’ ‘Kowe wae, Ji. Aku tak njaga kene,’ wangsulane pulisi Daliman. Pulisi Taji mudhun nggoleki tilpun. ‘Ki sanak kabeh aja padha ngowahi barang-barang kang sumeleh ana kene,’ celathune Daliman kang satemene wis ora perlu maneh, marga tamu-tamu hotel kuwi wis padha ngreti patrape dhewe-dhewe.
Ing ngisor pulisi Taji tilpun: ‘Hallo, pak Surya? Ami, Pak, agen pulisi Taji lapur. Wonten rajapejah. Inggih. Wonten hotel Sura … Suradira, eh … Suralaya, Ngapeman. Inggih, tiyang jaler, Pak. Kirang terang punika, Pak. Kita namung manggihi mayitipun. Punapa? Inggih. Inggih, dereng ewah kinten kula. O, inggih, inggih, mangke kula prentahaken mekaten. Sinten, pak? Handaka? O, dhetektip Handaka? Dereng, Pak. Inggih. Dados Panjenengan tilpun piyambak? Sinten, Pak? Dokter? Griya sakit inggih, Pak? O, inggih, inggih. Mangke kula padosanipun nomer tilpunipun.’
Sawise kuwi Taji banjur ngolak-alik buku notese, nuli tilpun maneh, nerangake marang dokter Murtihusada, dokter bagian prekara kriminil, larah-larahe kaanan hotel. Pulisi Taji banjur munggah maneh. ‘Piye, Ji? pitakone Daliman.
‘Dikon ngenteni sedhela. Pak Surya ndang rawuh karo komplote.’ ‘Sapa ta?’
‘Detektip Handaka. Sajrone ngenteni kene dikon ngawas-awasi. Guneman karo wong-wong-wae ora pareng.’
‘Percaya aku, Pak Surya pancen bangsa ora gelem keter lan emoh ketrucut yen nandangi prekara kaya ngene,’ wangsulane Daliman.
Inspektur Surya teka, nggawa bala. Kejaba pulisi-pulisi kang pinatah njaga sakiwa-tengene hotel, diangkah aja ngetarani, uga dikancani piyayi nom-noman kuru, ora merbawani, nanging ngawaki.
Inspektur Surya dhewe wis suwe ngasta ing kepulisian babagan kriminil. Uga yuswane wis ngemping pensiyun, nanging asmane taun kepungkur dadi kalok marga mbongkar prekara kecu ing Lawean. Dene piyayi kuru sing ngancani kuwi wong sing kerep urun pikir marang pulisi bab miyak wadine kadurjanan. Kanggone tlatah Jawa Tengah asmane wis dudu wong liya maneh, yaiku kang karan detektip Handaka.
‘Ora ana sing owah iki, ya?’ ngendikane pak Surya wiwit mriksa. Kabeh padha ngiyani.
‘Pripun? Sinten sing meruhi dhisik?’ pitakone pak Surya nganggo basa krama andhap. Sawise padha plingukan sedhela, Adam enggal ngacung kaya patrape bocah sekolah.
‘Anu, pak. Babu hotel, eh abdi hotel, ingkang ngonangi rumiyin. Piyambakipun jelih-jelih lajeng mandhap, semaput. Saged ugi dipunupakara tukang kebon wonten ngandhap …’ ‘Lha sing minggah mriki dhisik dhewe sinten saking ki sanak sing enten mriki niki?’ celathune inspektur Surya nugel rembug ora sabar. ‘Inggih kula, Pak. Tiyang estri wau semaput, kula lajeng minggah mriki,’ wangsulane Adam. ‘Wonten napa kok !terus minggah?’
‘Lha wong abdi estri punika wau ketingalipun ajrih sanget, mila kula inggih kepengin sumerep punapa ingkang ngengajrihi punika.’ ‘Dados sampeyan dereng ngretos yen badhe manggihi mayit niku?’ ‘Boten nginten babar-pindhah, Pak,’ wangsulane Adam. ‘Lha segawon niku, sinten sing gadhah?’ ‘Inggih kula, Pak,’ ‘Lho, sampeyan rak tamu hotel ta?’ ‘Inggih, pak,’ wangsulane Adam rumangsa ora kepenak. ‘E, ya elok! Tamu nginep hotel kok nggawa kewan kaya ngono. Ya ra, Dhimas?’ celathune pak Surya, setengah njaluk timbangan Handaka. Detektip nonoman iku manthuk mbenerake.
‘Anu, Mas,’ celathune detektip Handaka sumela mumpung bisa nyelani, ‘takkira luwih becik takon-pitakonan iki diurus ana ngisor wae, marga kurang prayoga yen cedhak mayit ngene iki. Risi lho kanggone wong-wong iki.’
‘Aku rujuk kuwi. Nanging apa ora luwih becik kita priksa dhisik mayit lan kaanan liyane iki?’
‘Iya. Saiki disetitekake tanpa ngangkat mayit. Mayite mengko ben dipriksa lan diupakara pak Murtihusada. Dene bab mriksa kaanan kene luwih becik ngenteni wong sing ngreti kaanan kene dhek wingi-wingine. Takkira abdi sing semaput iku bisa dikon nyritakake barang-barang apa kang owah. Nanging sarehne saiki dheweke durung bisa, dadi bab mriksa kaanan kene disemayani dhisik.’ Mangkono pamrayogane detektip kuru kuwi.
‘Ya, ya. Mangga ki sanak sedaya mawon sami mandhap. Pancen boten penak omong-omong cedhak mayit,’ ujare inspektur Surya. ‘Apa maneh mayit tanpa sirah ngono,’ detektip Handaka nyambungi. ‘Heh? Tanpa sirah?’
Greg. Kabeh tumoleh marang panggonan mayit, lan nyetitekake pernah sirahe mayit. Persis nggon gulu ketutupan bantalan kursi, dadi saklerapan pancen ora ketara mayit mau wutuh apa ora. Nanging yen disetitek¬ake sedhela wae wong mesti ngreti yen mayit kuwi tanpa sirah. ‘Mayite sinten niku?’ pitakone detektip Handaka marang wong-wong. Nanging ora ana sing mangsuli, marga kabeh tamu hotel kamare padha ana ngisor. Utawa upama ngretia ya isih padha wedi ngaku. Sawise ngulatake kaanan kono sedhela, pak Surya lan detektip Handaka banjur melu mudhun nututi wong-wong liyane. Ana pulisi loro sing tetep dikon njaga ana nduwur. Tekan ngisor kabeh padha diacarani golek papan lungguhan dhewe-dhewe ana meja-kursi sakiwa-tengene kantor hotel.
‘Sing duwe hotel iki endi ta, kok ora muncul? Apa wis ditilpun?’ pitakone inspektur Surya marang para pulisi rerehane sing padha pinatah njaga lan ngulat-ulatake hotel kono.
‘Pak Dimin wonten pawon, Pak, ngupakara tiyang estri ingkang semaput,’ celathune sawijine pulisi jaga. ‘Sing duwe hotel kok pak Dimin! Pak Dimin sapa?’ ‘Ha inggih punika, Pak. Criyosipun pak Dimin ingkang kagungan hotel raden Tejakusuma, manggen wonten loteng.’ ‘We lha yen ngono rak sing dadi kurban kuwi ayake.’ ‘Saged ugi, pak.’
‘Ketiwasan ane! Ora ana sing kena dijaluki keterangan bab hotel. Kejaba pak … pak sapa mau? Dimin? Sapa sing ngreti bab rerigening hotel iki?’ pitakone inspektur Surya.
‘Anu, pak. Criyosipun pak Dimin ingkang mandhegani bab tamu-tamu hotel punika kapasrahaken raden Jatmika ingkang pidalem wonten Timuran . ..’
‘Lha ya kuwi sing tak-butuhake! Tilpunen ta! Ngono wae kok ya ndadak ngenteni prentah!’ ‘Inggih, sampun, Pak. Sampun dipunpethuk punika wau.’
Sawise kuwi pak Surya maspadakake tamu-tamu hotel maneh. Adam rada rikuh, marga dheweke katon aneh dhewe tinimbang wong-wong liyane. Dheweke nggawa asu. Gek wong liyane isih pating kriyip mentas tangi turu Adam wis dandan reresik awak dhewe.
‘Sampeyan ajeng budhal teng pundi kok esuk-esuk pun dandan?’ pita¬kone pak Surya.
‘Namung mlampah-mlampah kok, pak. Kula mboten saged tilem wau dalu.’
‘Ee, boten saged tilem? Ning nggih boten mireng napa-napa?’ ‘Mirenga punika mesthinipun inggih mboten nginten wonten kedadosan kados ngaten, Pak,’ wangsulane Adam. ‘Mireng napa mawon?’
Adam gugup, nanging meksa ora nemu tembung sing setiti: ‘Kula mbo¬ten enget suwanten-suwanten punika kanthi cetha, pak.’ ‘Sampeyan tiyang pundit, ta?’
‘Asal saking Ngawi, Pak. Nanging sapunika nyambut damel berah won¬ten Jakarta,’ wangsulane Adam. Pemudha cilik sing nganggo kathok cekak angop amba, nganggo nyuwara sajak bosen ditanggap pulisi ngono kuwi. Wong-wong padha noleh marang dheweke,
‘Her, Her!’ aloke mbakyune ngelikake polahe adhine kang kurang tata kuwi. Inspektur Surya endang nyusuli pitakon: ‘Adhik sampeyan niku, jeng?’
‘Inggih, pak. Nyuwun pangapunten, pak, radi keladuk kirang duga.’ ‘Enggih. Sinten namine?’ ‘Suherwindra, pak.’ ‘Teksih sekolah ta?’
‘Inggih, pak. Sampun S.M.A., nanging sok kados ngaten punika. Lare sapunika pancen kirang mreduli dhateng tatakrama …’ ‘Lha sampeyan, sinten namine, jeng?’ pitakone pak Surya munggel crita-crita sing kedawan. Kenya iku rada lingsem dipunggel ngono. Dheweke uga lingsem ditakoni jenenge. Lumrah kenya isin nyebut jenenge dhewe. ‘Wiwik, pak,’ suwarane lirih. ‘Sinten? Sing lengkap!’ ‘Wiwik Herawati.’ ‘Saking pundi?’ ‘Saking Malang, pak.’
‘Perlu napa tindak Sala katik nyipeng hotel napa? Penting sanget napa?’ ‘Adhik libur, pak. Kita kepengin sumerep Tawangmangu. Ing Sala mriki kula boten gadhah sanak lan tepangan. Dados inggih nyipeng ing hotel mawon.’
‘Yen perlu teng Tawangmangu kok nyipeng hotel mriki? Kok boten pados hotel sing celak setatsiyun bis utawi sepur?’
Kenya iku rada bingung, nanging wekasane ya bisa mangsuli: ‘Pak-lik kula maringi alamat hotel punika, pak.’ ‘Sinten ta, paklike niku?’
‘Tiyang Malang ugi kok, pak. Nanging rumiyin sampun nate tindak Sala nyipeng mriki. Paklik rumaos remen nyipeng mriki.’ ‘Sampeyan tepang kaliyan tiyang ingkang wonten loteng wau?’ Kenya kuwi saya gugup, mangsuli rada kamisosolen: ‘Bo-boten, pak.’ ‘Estu?’ ‘Saestu, pak.’
“Benjing punapa tindak Tawangmangu niiturut rancangan sampeyan?’ ‘Kala wingi sampun, pak. Nanging kajeng kula mangke dolan mrika malih, margi kala wingi kirang jenak.’
‘Elo. Lha mbok wingi nyare mrika mawon? Kok prelu timen wongsal-wangsul.’ pak Surya ngganter wae pitakone. ‘Kala wingi boten sangu kemul, pak. Kesupen yen pareden punika asrep.
Lan malih kula sampun kelajeng njujug hotel mriki, dados barang-barang kula tilar mriki.’
Inspektur Surya manthuk-manthuk karo nggagas-nggagas.
‘Ning, niki mengke sampeyan boten angsal kesah saking hotel,’ wasana
tuture. Banjur tumuju marang wong kabeh: ‘Sedaya mawon boten
angsal medal saking hotel mriki dinten niki.’
‘Nanging, pak, kula kedah nyambut damel. Kula kedah mandhegani pembangunan gedhung balaikota. Kula wonten ngriki dipundhatengaken saking Semarang prelu nyambut damel!’ Sing celathu kaya mengkono kuwi piyayi setengah tuwa sing ngagem piyama biru mau. Inspektur Surya tumoleh: ‘Sampeyan sinten?’
‘Arsitek pemborong bangunan balaikota ngriki, pak. Harjatanaya nama kula.’ Suwarane Harjatanaya iku sareh lan mantep, mratandhani yen piyayi kuwi bisa mbeda-mbedakake endi sing perlu, ora perlu lan sing wigati. Sikep kang kaya mengkono mau ndadekake pak Surya ngajeni lan ragu-ragu marang prentahe dhewe.
‘Priye iki, dimas?’ inspektur Surya njaluk pamrayogane detektip Handaka.
‘Ora prelu ngurung wong-wong iki ana hotel kene ta, Mas,’ celathune detektip Handaka. Ben padha ngrampungake kuwajibane dhewe-dhewe, anggere mulihe padha mrene rak wis. Anggere pulisi yen butuh bisa ditlacak parane rak wis.’ Banjur bisik-bisik marang pak Surya: ‘Karo maneh, mas, yen kita longgari polahe wong-wong kuwi bisa uga kono ya lena lan obah-mosike wong-wong kuwi bakal nuntun kita marang wadine kadurjanan iki.’
Inspektur Surya manthuk-manthuk ngreti karepe Handaka, nanging uga isih kuwatir, ndulu pitakone sing uga bisik-bisik: ‘Lha mengko gek mlayu durjanane?’
‘Tak-kira ora, marga, wong-wong iki padha ngreti yen pulisi wis ora luput ing pangincer yen mung nlacak wong-wong iki wae.’
Inspektur Surya banjur ngendika sora: ‘Nah sampeyan mireng piyambak, sampeyan sedaya angsal dolan-dolan, nanging dalu mangke kedah wangsul mriki. Kejawi ta yen kadurjanan niki mengke ndang bisa dirampungi, sampeyan saged ugi bebas kados adat saben.’
Kari pemudha sing bregas iku sing durung keprungu asal-usule. ‘Sampeyan sinten, ki sanak?’ pitakone pak Surya.
Sing ditakoni mangsuli, sajak wis sediya wangsulan yen oleh giliran: ‘Nami kula Kusmen, pak. Padamelan kula dagang bikak toko, dados agen sepatu Bata wonten kitha Prabalingga, Jawi Wetan.’ ‘Teng Sala napa nggih ngurus dagangan?’ ‘Boten, pak. Kula prelu ngaso.’
‘Ngaso kok teng Sala. Napa Sala langkung ayem tinimbang Prabalingga?’
Kusmen rneneng dhisik, mikir-mikir. Nalika celathu pikirane sajak durung terang: ‘Anu, pak. Sala pancen benten kaliyan Prabalingga. Nanging mireng Tawangmangu wau kula inggih lajeng kepengin dhateng Tawang¬mangu. Kula boten gadhah rancangan ingkang mantep pados panggenan kangge ngaso kok, pak.’
‘Mas Kusmen! Sing ngatos-atos!’ ujare detektip Handaka menthelengi Kusmen. Sing dipenthelengi gragapan.
‘Sampeyan enten ngajenge pulisi lan kesangkut bab kadurjanan. Yen mangsuli ampun angger mongsuli. Sing blaka! Ampun gampang-gampangan anut grubyug rembug bab Tawangmangu!’
‘Lho mboten anut grubyug kok, mas. Saestu punika. Kula pancen badhe dhateng Tawangmangu enjing punika.’
‘Anggen sampeyan gadhah rancangan niku rak mboten margi mireng saking criyose jeng Wiwik niku!’ celathune Handaka nuduh. ‘Lho enggih, margi Wiwik kok, mas!’ ‘Napa?’
Kusmen ora endang mbaleni tuture. Dheweke krasa yen ketrucut. ‘Nah,’ ujare Handaka, ’sampeyan mesthi empun tepung jeng Wiwik, ketara njangkar mawon.’ Kusmen ora bisa mangsuli.
‘Kusmen ki lho!’ ujare Wiwik jengkel karo mrengut. ‘Ora apa-apa ta, Wik. Anggere kene ora gepok-senggol karo bab rajapati iki rak wis! Rak lumrah ta, jaka kaya aku tepung karo kenya kaya kowe?’ Saya suwe, bareng wis nyata kawedhar, swarane Kusmen saya krasa seneng.
‘Wiwit dhek napa sampeyan tepung jeng Wiwik?’ inspektur Surya ngetok rembug.
‘Sampun dangu, pak. Saderengipun kula pindhah Prabalingga. Saderengipun kula bikak toko.’
‘Kusmen, Kusmen! Lancange!’ ujare Wiwik. ‘Kene kudu blaka, Wik, karo pulisi.’ ‘Embuh, embuh! Gething aku!’
‘Wong tepungan ngoten mawon kok diwadekake ta, jeng?’ celathune inspektur Surya karo rada arep mesem. Wiwik mrengut wae. ‘Maklum, pak. Lha wong semayane mriki sajake inggih boten kasumerapan keng ramane,’ ujare jaka bregas iku karo klecam-klecem. ‘Kusmen! Sembrana kowe! Rumangsamu aku iki wong uculan, nilapake rama prelu nemoni kowe?! Aku suthik ketemu kowe, tak-kandhani! Wong
lok ora idhep isin!’
‘Ho-ha-hem.’
‘Her! Karepmu ki piye ta? Angop kok diblak wae!’
Suherwindra kethap-kethip wae. Kusmen ora ketara isin dielokake kenya
kaya ngono, malah sajak arep mbeda. Weruh solahe kenya kang trengginas mau pak Surya uga banjur mesem.
Nalika iku lawange ruwang tengah dibukak uwong, banjur muncul dokter Murtihusada. Rawuhe diiringi juru-rawat lanang loro ngusung tandhu.
‘Terus wae, mas. Ana loteng kana kurbane,’ ngendikane pak Surya. Dhayoh-dhayoh anyar mau banjur terus munggah undhak-undhakan tanpa kesuwen omong-omong lan mompar-mampir guneman liyane. [Suparto Brata, Tanpa Tlacak, Surabaya, 1963]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar