Sabtu, 18 April 2009

Pak Rebo

Jenenge Pak Rebo, uripe ana ing desa, pegawean saben dinane nggarap sawah lan pategalan. Dheweke pancen rada aneh, yaiku yen weruh uler wedine ora mekakat, ngungkuli weruh gendruwo, patuta ngono nganti semaput.
Sore iku Pak Rebo lagi leyeh-leyeh ana lincak karo udud lintingan klepas-klepus, ngiras nglerenake awake sawise sedina muput macul ing sawah. Tanggane sing omahe wetan kali mara lan undang-undang akon mara mengko bengi saperlu kenduren nylameti selapanan anake.
Temenan, bubar isak Pak Rebo budhal nekani undhangane tanggane. Tekan ngenggon wis akeh tangga-tangga sing padha ngepung ambengan. Sawise Pak Modin rampung olehe ngujubake banjur padha didumi godhong kanggo wadhah sega salawuhe. Pak Rebo agahan tandang cak-cek njerengi godhong tanpa nganggo ewuh pakewuh.
Dumadakan Pak Rebo weruh ing godhong ana ulere nglenggirik mulat-mulet. Marga saka gila lan wedine, Pak Rebo agahan menyat karo mbuwang godhong sing ana tangane. Banjur lumayu sipat kuping tanpa eling nrajang metu tengah-tengah kepungan. Ambeng sarta lawuhe bubar ora karuan, pating bececer morak-marik, sikil loro gluprut sega. Tekan ngomah napase krenggosan, praupane pucet.
Kanca-kancane sidane mulih nglenthung ora sida nggawa panganan. Padha nguman-uman tingkahe Pak Rebo mau, malah ana sing ngarani yen Pak Rebo iku duwe lara edan taunan. Nanging uga ana pawongan kang mudheng marang lagehane Pak Rebo, banjur aweh tutur yen Pak Rebo iku pancen keladuk gila yen weruh uler. Wong-wong banjur padha ngapura marang tingkahe Pak Rebo, nanging uga ana sing batine ngancam bakal males ukum.
Let sawatara dina Pak Rebo dijaluki tulung tanggane dikon mrithili kacang brol, kalebu Pak Sura, wong kang duwe niyat ngancam ala marang Pak Rebo, amarga prakara kenduren wingenane.
Pak Rebo sengkud olehe nyambutgawe, nyenengake sing njaluk tulung. Tandange cekat-ceket sarta ora wigah-wigih, prelune supaya enggal rampung gawehane. Mulane sadhela bae tenggok kang diadhep wus kebak. Pak Rebo nuli calathu, "Aku wis oleh satenggok," tangane karo ngacung nudingi kancane lunggoh, sing jenenge Pak Sura.
Atine Pak Sura panas, isin, batine tansah ngontog-ontog, amarga nyambutgawene kalah karo Pak Rebo. Pak Sura anggone mrithili kacang karo lingak-linguk mbokmanawa ketemu uler, kewan kang banget diwedeni dening Pak Rebo. Dumadakan tangane Pak Sura andemek uler mak kenul, wusana mak ceg, uler agahan dicekel lan diuncalake menyang pangkone Pak Rebo.
Pak Rebo anjumbul, kalawan ora emut tenggoke dijunjung lan dikabrukake sakayange ing sirahe Pak Sura. Pak Rebo nuli lumayu sipat kuping, anjumbul-jumbul, bengok-bengok ngundang sing wadon. "Hi, hi...kathok... kathokku...!" bola-bali mung mangkono iku kang diucapake. Mbok Rebo wis ngreti, enggal bae metu ngomah, ulere banjur jinupuk terus binuwang tiba adoh.
Mbok Rebo amecucu, pleca-plecu alise nganti tepung, dene ana wong kang sembranane kepati-pati, ora tepa-tepa, gawe dolanan marang wong tuwa. Pak Rebo isih nyethuthuk, lambene biru kecu, rai katon pucet kaya wong mati, ambekane kempas-kempus, dene anake lanang weruh mung malompong.
Genti critane Pak Sura. Sauwise sirahe dikabruk tenggok, dilus-elus amarga menyonyo karasa lara, isih katambah ditutuh lan disalahake dening wong akeh kang ana ing kono. Malah ana sing calathu, "Tujune sing digawa Pak Rebo mung tenggok, upama mau ngepasi nyekel arit, mesthi gundhulmu klakon adus getih, sida ana titir gobyog".
Wis cuthel dongenge, coba bocah-bocah rasakena sajroning atimu, yen senengane ambebeda iku kadhangkala pungkasane ora becik, mula sing padha duwe duga prayoga.
[R. Joko Lelono]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar