Jumat, 17 April 2009

A T I

Dakrungu swara tangis sesenggrukan ana ing buriku. Aku wis apal lan ora kaget maneh marang swara kuwi amarga ora mung sepisan iki nanging wis wola-wali. Angger aku nindakake sholat, Watik banjur makmum. Sabubare salam, wanita ayu sing wis limalas taun urip bebarengan karo aku kuwi banjur nyalami lan ngambung tanganku. Luhe ambrol, tangise ora kena diampet.
Wola-wali tangis kuwi dakrungu, wola-wali uga tuwuh rasa trenyuh, tresna, nalangsa, mesakake, anyel, gething, keduwung, lan sewu rasa uleng-ulengan dadi siji ing atiku. Nanging aku ora bisa njabel apa sing dadi putusanku. Putusan sing didhasari ajining dhiri minangka wong lanang lan kepala rumah tangga sing dikiyanati dening bojo, ora bisa luntur dening tangis lan tembung njaluk pangapura sing mesthi kumecap saben nyalami lan ngambung tanganku sabubare sholat.
Katresnan lan tanggung jawab marang bojo lan anak sing sasuwene ini daksok glogok sawutuhe jebul ora ditimbangi dening Watik, wanita sing banget daktresnani, sing dakgadhang dadi ratu ing bale wismaku, sing bisa dadi salah sawijining patuladhan tumrap anak-anakku, sing dakwawas ora duwe cacad ngenani kasetyane marang kulawarga. Jebul geseh, Watik dudu wanita kaya sing dakidham-idhamake. Pranyata Watik wanita sing bisa kanthi gampang menehake tresnane marang wong lanang liya. Atiku lara banget. Atiku dijur-jur dadi mawur. Atiku remuk-remuk dadi bubuk.
Wiwitane pancen kabeh lumaku kanthi becik. Wiwit saka pacaran nganti duwe anak loro, lumaku kaya sing dakidham-idhamake. Karierku uga lancar. Malah saiki wis diangkat dadi kepala cabang ing Yogyakarta.
Ing Yogja aku duwe lingkungan sing becik, tangga teparo uga apik. Aku mapan ana sawijining perumahan elit fasilitas saka perusahaan. Ing perumahan kuwi ora angel anggonku tetepungan karo tangga teparo nanging sing akrab banget kuwi ana telung keluarga, yaiku Pram, pegawe Telkom, omahe adhep-adhepan karo omahku; Irwan, pegawe BCA, omahe sisih tengenku; lan Hartono, dosen salah sawijining universitas swasta, sisih kiwaku.
Kejaba cedhak, tangga adu tritis, aku karo katelune duwe hobi sing padha yaiku bal-balan. Saben ana acara bal-balan ing televisi, embuh kuwi liga domestik Eropa, liga Champion, utawa piala dunia, yen ora ana acara sing wigati mesthi padha nanton bareng.
Yen kabeneran anggone nonton ana ngomahku, Watik sing sabenere uga seneng bal-balan, kanggo abang-abang lambe sinambi ngetokake wedang lan nyamikan, melu rembugan bab bal-balan. Swasana dadi saya gayeng amarga rembugane ora mung bab bal-balan. Neka-neka sing dirembug, malah Hartono tau nawakake dadi dosen marang Watik ing universitase. Aku melu seneng krungu bab kuwi.
Piknik keluarga bareng-bareng uga kerep ditindakake, embuh kuwi menyang njaban Yogja, apa mung ing Yogja. Cekake keakrabane ing antarane patang keluarga kuwi ora beda kaya sedulur. Yen ana bot-repote padha disangga bareng embuh kuwi bab ekonomi apa bab keluargane. Waton kuwi dudu bab sing wadi mesthi dirampungake bareng-bareng. Bab keslametane omah yen kabeneran ditinggal mudhik dipasrahake marang sing ora lelungan.
Nanging wektu keri-keri iki, yen dietung-etung kira-kira luwih saka nem sasian, Hartono ora tau melu nonton bal-balan. Nalika daktakokake marang Pram lan Irwan jare kerep tugas luar dhaerah. Aku maklum, ngerti tugase dosen kuwi ora entheng tur ya ora sethithik, apa maneh jare ngrampungake tugase S3.
Sawijining wektu aku ngerti kledhange Hartono ana ngomahe, banjur dakparani lan daktakoni yagene ora tau nonton bal. Dheweke wangsulan, jare akeh tugas. Gandheng bengine antarane klub favoritku lan favorite tandhing ana semi final piala Champion, Hartono takjak nonton ana ngomahku. Kanthi abot dheweke nyaguhi. Aku banjur ngandhani Pram lan Irwan.
Bengi kuwi swasana tetep gayeng kaya biasane, mung wae Hartono kok sajak ora tentrem atine. Lunggunhe ora jenjem, panyawange ora tumuju marang televisi, sajak-sajake pikirane kagubel perkara sing abot banget. Minangka kanca raket, lan wis dakanggep sedulur, tanpa duwe rasa saru siku Hartono daktakoni, apa perkarane dene katon goreh ngono kuwi. Dheweke mung gedheg, banjur mbalangake panyawange sedhela mandhuwur banjur sedhela mengisor. Tanpa gelem nyawang aku. Irwan lan Pram uga melu takon nanging jawabe padha, mung gedheg. Ah, ya wis ben, yen ora gelem saiki, ya mengko, sesuk utawa kapan mesthi bakal kandha prakara sing ngebot-boti pikirane. Ngono pamupusku.
Ora antara suwe Watik metu ngladekake wedang lan nyamikan saanane. Rampung ngladekake banjur age-age bali memburi.
Bal-balan bubar jam setengah papat. Klub favoritku kalah ing semifinal pertama kasebut. Kanthi ati mangkel amarga klub favoritku kalah, aku nguntabake kanca-kanca.
"Sesuk bakal dakbales, MU mesthi maju final." tembungku marang Hartono.
Bubar nutup lawang ngarep aku age-age tumuju kamar paturon. Dakbukak lawang kamarku alon-alon, semelang yen Watik tangi. Jebul Watik ora turu.
"Nglilir?"
Watik gedheg.
"Tinimbang ijen neng kamar, mbok mau melu nonton bal-balan." tembungku sinambi mapan ing jejere.
Aku banjur crita ngenani Hartono sing nganeh-anehi sikepe. Watik ora wangsulan apa-apa. Biasane Watik antusias yen aku crita ngenani kanca-kanca kuwi. Banjur takon iki-kuwi, menehi panemu iki-kuwi lan sapiturute. Nanging wektu kuwi Watik ora menehi panemu apa-apa. Watik mung meneng, malah banjur nyingkur aku.
Ing sawijining wengi, kaya wengi-wengi sing uwis, sadurunge padha turu, aku karo Watik rembugan apa wae ana ing ngarep tivi. Watik yen ngomongan kemrecek ora kena diselani, sakal meneng, bareng aku genti ngrembug Hartono sing nganti wektu kuwi durung dakmangerteni perkarane. Aku kaget. Watik daksawang kanthi kebak pitakonan. Watik mung ndhingkluk. Nganti sawetara wektu ora ana tembung sing kumecap saka lambene sing tipis. Kanggo ngajerake swasana sing kaku, Watik dakkanthi lan dakrangkul mlebu kamar paturon.
"Mas, aku dakmatur, dakblaka, muga-muga panjenengan bisa nampa kanyatan iki." tembunge Watik sawise padha mapan ing paturon.
Atiku sing kebak pitakonan dadi saya uleng-ulengan dening tandha pitakon. Aku mung meneng, ora wangsulan apa-apa. Kanthi tembung sing abot wetune, Watik crita manawa tau andon tresna klawan Hartono.
O, Gusti. Astaghfirullah.......
"Aku njaluk pangapura, Mas. Aku ora duwe rasa apa-apa marang Hartono, nanging wengi kuwi nalika panjenengan tindak luar daerah, Hartono mrene saperlu nggenahake kesaguhanku dadi dosen. Embuh apa sebabe, setan ngendi sing...”
"Wis ra sah crita!!! Kowe kuwi setane!!!"
Aku mencolot metu saka kamar ngendhani swara-swara setan sing mbrebegi kupingku. Lawang dakbanting sarosane. Aku kepengin mbengok, nanging swaraku mung mandheg ana gurung. Aku kepengin nangis nanging luhku ora bisa wutah. Dhuh, Gusti.
Dina-dina candhake lumaku kaya lumrahe. Ora ana sing istimewa. Warga perumahan padha nindakake pagaweane dhewe-dhewe. Sing pegawe ya megawe manut aturane pamarentah utawa perusahakane, sing sekolah ya sekolah manut peraturane sekolahe, ibu rumah tangga ya megawe manut aturane rumah tanggane, lan sapiturute. Ora ana sing beda. Ora ana sing ngerti marang kedadean sing mentas dakalami. Ora ana sing ngerti manawa talining katresnan sing dakrajut wis pedhot. Ora ana sing ngerti manawa aku klawan Watik wis pepisahan, mlaku ing dalane dhewe-dhewe maneh. Pengadilan Agama wis mutusake manawa talakku marang Watik sah.
Anak-anakku sing saomah uga ora ngerti amarga ing tata lair pancen ora ana sing beda. Aku klawan Watik isih saomah. Ing ngarepe anak-anakku isih dakkatonake tresnaku marang bojo. Yen arep budhal nyambut gawe isih dakaras pipine Watik. Senajan ta kabeh kuwi mau cemplang amarga wis ora kadunungan ruh maneh. Ruhe kabur kabuncang angine gela, remuk kagerus rodha kuciwa.
Sabenere wis dadi komitmenku wiwit awal, manawa aku ora bakal megat bojo, lan njaga supaya bojo ora nggugat cerai marang aku, amarga akibate wis cetha, yaiku anak-anakku sing bakal dadi kurban. Kanyatane jebul seje. Watik wis tindak sedheng. Katresnanku, kasetyanku, lan tanggungjawabku dikiyanati. Aku ora bisa ngapura apa sing wis ditindakake Watik. Dhuh, Gusti, nyuwun pangapunten.
Budhe Sri, maratuw
aku, nate ngendika, "Aji lan Bayu, aja nganti dadi kurban. Jaganen jiwane aja nganti dadi bocah broken home. Yen kowe ora bisa ngapura ibune, karepmu. Aku ora melu cawe-cawe. Kuwi urusanmu karo Watik. Nanging putuku aja kokelokake dosane ibune. Dheweke kuwi getih dagingmu dhewe. Dheweke ora ngerti apa-apa. Tilas bojo ana, nanging yen tilas anak ora ana."
Bener ngendikane Budhe Sri. Persis padha karo pikiranku, mula saka kuwi ing tata lair ing rumah tanggaku ora ana owah-owahan apa-apa. Watik isih tetep nindakake pagaweane ibu rumah tangga, isih nyepakake sarapan kanggo aku lan anak-anakku, ngumbahi, nyetlika sandhangane wong saomah, nyapu lan resik-resik omah, arisan ibu-ibu PKK, lan sapiturute. Nanging Watik ora leladi maneh marang aku. Ora ana sing owah, ora ana sing beda, ora ana sing seje, ora ana sing bubrah, kejaba atiku.
Watik isih nangis, tanganku isih digegem kenceng kaya ora bakal diculake yen lambeku durung kumecap menehi pangapura marang dheweke.
"Tik, aku njaluk pangapura. Aku durung bisa menehi pangapura marang kowe. Dipeksaa kaya ngapa, atiku durung bisa nampa baline atimu ngrenggani atiku. Kowe wis kanthi gampang nglakoni tumindak nistha ing kamarku, ing peturonku. Atiku perih, Tik. Rasane kaya dirajang-rajang nganggo welat."
Watik ambruk ing pangkonku. Tangise saya ndadi. Luhe krasa anget nelesi pupuku. Sirahe daklus kanthi alon. Aku bingung amarga ing atiku isih ana gempilane rasa tresna.
"Saiki sing dipikir masa depane anak-anake wae. Dijaga aja nganti ngerti wadine wong tuwane. Mesakake." tembungku alon pedhot-pedhot, amarga dakrasakake ana sing nyumpeli gurungku.
"Benang kuwi yen wis pedhot, bisaa disambung ya ora bisa wutuh maneh. Meksa ana budhelane sing nuduhake manawa benang kuwi tau pedhot." tembungku maneh sinambi nyekel lengene Watik dakjak metu saka pasalatan.
"Kabeh kareben mlaku apa anane manut kuwasane wektu. Semono uga atiku."

Arih Numboro, Kutha Sala, 2005

Tidak ada komentar:

Posting Komentar