Jumat, 17 April 2009

WANITA

Sore iki kanthi ngrasakake rasa perihe ati sing rojah-rajeh, Sri njangkahake sikile tumuju papan sing wis tinamtokake kanggo sapatemon klawan Erni, wanita sing sasuwene iki wis njiret atine Sandi, bojone. Sri kepengin ngrampungake perkara slingkuhe Sandi sadurunge kabeh uwong padha ngerti bab kuwi. Sri perlu njaga jenenge bojone ing sangarepe atasan lan kanca-kanca guru liyane. Bareng ana prekara kasebut Sri lagi ngrasakake kaya ngapa gedhene tresnane marang Sandi lan kulawargane. Mulane Sri rumangsa isin manawa wadi kuwi kewiyak ing ngakeh, banjur padha alok:
"Guru sing kudune dadi patuladhan, kok malah nindakake kanisthan."
"Pak Sandi sing piyayine anteng kaya ngana kae slingkuh?!"
"Antenge anteng baya!"
"Pak Sandi ngrusak pager ayu."
"Pak Sandi...."
Isih akeh maneh ukara-ukara sing bakal ngremukake atine. Lan sing baku Sri emoh dimaru. Senajan ta mangkono, ing perangane atine Sri sing ajur isih ana rasa seneng sing sumelip, yaiku Sandi gelem blaka marang dheweke, sadurunge sesambungane klawan Erni kasebut dimengerteni wong akeh. Wektu Sandi mbalakake sesambugane klawan Erni, Sri sakal shock, thenger-thenger, ora bisa kumecap apa-apa. Panone sumrepet, peteng, klemun-klemun. Sri semaput.
*****
Sri, wanita sing duwe pawakan lencir kuning kuwi katon bregas lan katon luwih enom saka umure sing wis luwih saka patang puluh taun. Apa maneh manawa dheweke menganggo pakeyan sing warnane sarwa sumringah. Samangsa lumaku klawan anak-anake katon kaya dene mbakyu lan adhi. Nanging yagene Sandi keduga menggok dalan seneng klawan wanita liya? Slingkuh? Pitakon kuwi tansah nothoki atine. Tansah njaluk dibukakake lawang wangsulan kanthi cetha. Kamangka dheweke rumangsa ora tau nguciwani manawa leladi marang bojo. Lan Sandi dhewe sasuwene iki ya ora tau nuduhake tindak-tanduk sing nyubriyani. Marang Tatag lan Tanggon, anak-anake sing saiki padha sekolah ing SMA, tansah nyisihake wektu kanggo dolan utawa nuruti apa kekarepane anak-anake ing sela-selane wektune sing uleng-ulengan gawean.
Restoran "Mugi Marem", sing didesain swasana alam sing mapan ing pinggir kutha Wonogiri kuwi ora pati rame kaya adat saben, saengga Sri bisa mbalangake panyawange ing saindenging restoran kanthi bebas. Erni durung katon teka. Sri banjur milih papan sing lesehan, sing mapan ana pojok kidul kulon sing cedhak karo blumbangan, pamrihe kareben muwuhi swasana sing santai lan ora kemrungsung, saengga atine sing tansah goreh lan panas ngalad-alad amarga rasa cemburu, bisa sirep. Lan tundhone anggone rembugan klawan Erni ora dikantheni nepsu. Sabab yen nganti nepsu, ora wurunga wadi kuwi kewiyak ing wong akeh, kamangka bab kuwi ora dikarepake.
"Sri."
Sri kaget ana swara ngundang jenenge. Sri mengo ngiwa nengen, nanging ora katon ana wong sing ngundangi. Sri bali meneng, nanging pikirane tansah ora jenjem.
"Sri, aku ana kene. Ana ngarepmu."
Kembang mawar warna jambon sing ditata ing vas kuwi obah alon. Saka kembang kuwi lamat-lamat banjur saya cetha ana wewujudan pawongan sing gedhene udakara satawon madu. Wewujudan kuwi memper Sri.
Sri kaget, banjur pitakon: "Kowe sapa?"
"Kowe mrene arep ngapa? Apa kowe rumangsa wis bener? Apa sing kokurbanake marang anak bojomu eklas lair batin?" wewujudan kuwi ora wangsulan nanging malah pitakon marang Sri.
Sri ora ngira yen bakal oleh pitakonan kaya ngono. Dheweke bingung ora bisa wangsulan apa-apa. Pikirane saya ora karuh-karuwan. Pitakon kuwi wis mbukak wadi sing sasuwene iki disimpen, dibundheli ing thelenging atine. Wekasane Sri mung mlenggong.
"Coba, ungaken maneh lelakon sing wis kawuri. Ungaken maneh isine atimu. Apa sing koduweni wis kosuntak, sok glogok sawutuhe kanggo bojo lan anak-anakmu. Apa sing kotindakake kuwi tulus kanggo kulawargamu?"
"Rumangsaku ya ora kurang kawigatenku marang bojo lan anak. Kabeh dakwenehake sawutuhe." wangsulane Sri sawise rada sawetara ora kumecap amarga dipleter pitakonan sing melehake dheweke.
"Aja nganggo tembung ‘rumangsaku’. Tembung kuwi nduweni teges manut kowe dhewe, ora manut panemune wong liya, utamane manut bojomu lan anak-anakmu. Coba aku daktakon, apa tujuane kowe nyambut gawe?"
"Kanggo melu ngrewangi ngentheng-enthengake sanggane Mas Sandi."
"Apa ora merga anggonmu seneng lunga saka ngomah lan ngendhani tanggung jawab nggulawenthah anak-anakmu?"
Sri mung meneng. Dheweke mbenerake tembunge wewujudan sing memper dheweke kuwi. Dheweke banjur kelingan nalika anake mbarep lagi umur rong taun nate lara panas. Sri dipenging Sandi supaya ora mlebu dhisik. Sri ora gelem. Kanthi pawadan gawean dheweke wangsulan:
"Gawean kantor numpuk-numpuk, Mas. Kudu rampung dina iki. Tur maneh mbahe rak ya ana ta."
Gandheng Sri nekad mlebu kantor, wusanane Sandi sing ngalah ora mlebu menyang sekolahan, kamangka wektu kuwi ana rapat sing wigati.
Ora mung kuwi. Kanthi alesan melu ngrewangi golek tambah kanggo nyukupi butuh, dheweke tega masrahake anake dimong wong liya senajan nalika anake lagi mriyang. Sabenere Sandi ora tau merkarakake bab kuwi. Sandi nrima, ngalah, lan nglenggana. Nanging Sri olehe wangsulan nylekit, nglarani ati.
"Yen ora dakrewangi kaya ngene gaji sampeyan apa cukup kanggo makani anakmu. Nalika sampeyan durung nyambut gawe, durung dadi PNS, sing dipangan kuwi apa? Rak ya aku ta sing golek? Kok lali karo biyen. Bareng saiki wis genah gawene wiwit mbatesi olehku nyambut gawe."
Ukara-ukara kang kaya mangkono iku kang kanggo sanjata manawa dipenggak Sandi supaya ora mlebu kantor jalaran perkara kang ana gegayutane klawan anak-anake.
"Wis, Sri. Ora susah akeh-akeh kowe miyak wadi sing kobundheli lan kosimpen primpen ing atimu. Cukup. Aku wis ngerti kabeh. Saiki aku dakkandha. Anak-anakmu lan bojomu butuh kawigaten lan kasih sayang saka kowe. Dudu dhuwit, dudu bandha. Dadi yen saiki bojomu slingkuh, salahna awakmu dhewe, amarga kowe wis nengenake gaweanmu, ngiwakake kulawargamu. Tundhone saben-saben ana perkara kowe mesthi ngucap: 'yen ora takrewangi kaya ngene urip iki bakal sarwa kecingkrangan'. Kowe wis nyepelekake bojomu. Tresnane Sandi marang kowe lan anak-anakmu ora ana tandhinge. Kowe sing salah panampa. Bareng saiki dheweke slingkuh, piye rasane atimu?
Sri, kowe apa ora mesakake marang bojomu. Asil saben sasine kalah akeh klawan kowe, nanging angger ana seling surupe panemu, kowe mesthi nguthik-uthik bab asil kas kayamu.
Bojomu kuwi dudu wong lanang sing lumuh. Coba ta, yen awan dheweke mulang lan menehi les, dene yen bengi nganti lingsir wengi dheweke nulis artikel apa crita cekak, senajan arang sing kapacak ana ing kalawarti. Kuwi mujudake lelabuhan sing ora cilik kanggo kulawargane. Nanging anggonmu mbiji Sandi mung saka kaca mata materi.
Sri, kowe wis amping-amping tetembungan 'emansipasi', lan uga 'persamaan gender' banjur kowe tega marang anak bojomu. Kamangka anggonmu negesi marang tembung-tembung kuwi salah. Kowe ora ngajeni bojomu. Gondhelana unen-unen kuna: 'swarga nunut, neraka katut'. Kepriyea bae kowe jejere wong wadon. Yen bojomu kajen keringan kowe uga bakal melu kajen, nanging sewalike, yen bojomu nistha kowe uga katut kanisthane bojomu."
Sri ora bisa kumecap. Dheweke lenger-lenger. Apa sing diucapake dening wewujudan kuwi kabeh bener. Dheweke wis nglirwakake lan nyepelekake marang Sandi. Panemune sing sasuwene iki dianggep bener, jebul mung saka rumangsane dhewe thok. Dheweke ora nimbang marang atine Sandi.
"Wis, Sri, yen kowe wis ngakoni luputmu, ateges kowe wis ngerti yagene Sandi nganti tumindak slingkuh, gandheng tresna klawan Erni ngono kuwi. Lan saiki kowe bisa aweh putusan sing adil ngenani perkara sing nedheng kokadhepi. Wis, saiki aku dakbali maneh menyang thelenging atimu. Karia slamet, Sri."
"He, Jeng, aja ngalamun."
Sri njola krungu swara sing wis ditepungi. Swarane Sandi. Sakkal raine abang ireng. Sri ora enggal-enggal mengo, nanging malah njegreg kaya patung. Pikirane cawuh antarane kaelokan sing mentas kelakon klawan rasa wedi lan isin manawa kekarepane menyang restoran iki sing saperlu sapatemon klawan Erni dimangerteni dening Sandi. Sabab Sri pancen ora kandha marang Sandi manawa bakal sapatemon klawan Erni saperlu ngrampungake perkara siji kuwi.
Saiki wis kebacut. Sandi wis kebacut ngerti marang dheweke sing ijen ana ing restoran iki. Nanging dheweke durung yakin manawa Sandi ngerti marang kekakrepane. Sapama Sandi ngerti, iki malah mujudake kesempatan kanggo nuduhake rasa tresnane marang Sandi. Kanggo nuduhake manawa atine tetep kukuh lan kenceng manawa Sandi ora kena dimeliki wong wadon liya kejaba dheweke. Lan wiwit dina iki uga, sawise dheweke sapatemon klawan pawongan sing nyalawadi sing tuwuh saka telenging atine, dheweke bakal luwih nggatekake marang Sandi lan anak-anake. Dheweke bakal ngajeni marang bojone.
"Jeng, yagene mung meneng? Ana apa?" ucape Sandi sinambi lungguh njejeri Sri sing panggah ora obah.
"Ora sah nyalahke sapa-sapa. Jeng Sri ora sah goreh mikir bab olehku slingkuh." ucape Sandi sinambi mesem.
"Mas. Kersa njenengan kuwi piye? Njenengan ngendika yen sesambungan tresna klawan Jeng Erni. Lha, kok aku kon meneng bae kuwi piye. Aku kuwi sisihanmu, Mas. Mosok kon nglilakake bojone mbagi tresnane klawan wanita liya? Wong wadon ngendi sing bisa nglakoni?"
Sri wiwit emosi. Kanthi kebak sih lan tresna Sandi tumuli ngrangkul Sri.
"Ora sah samar ngenani katresnanku marang sliramu. Tresnaku ora bakal dakbagi klawan wanita liya kejaba mung kanggo sliramu lan anak-anakku. Kanggo kulawargaku."
"Ora percaya!" tembunge Sri mbantah sinambi ngupaya nguwali ruketane Sandi. Senajan ta mangkono ana rasa bungah sumelip ing atine. Sri ngerti watak wantune sing lanang. Sandi sasuwene iki pancen ora tau goroh yen omongan.
"Mosok ora percaya ta, Jeng?" pitakone Sandi sinambi nguculi rangkulane. "Erni kuwi tokoh fiktif sing dakcipta. Nomor hand phone sing kok hubungi kuwi duweke Mbak Yayuk. Iki kabeh sing gawe aku."
"Mbak Yayuk-e dhewe?! Budhe Yayuk?! Terus kersa njenengan apa, Mas?"
"Ben kepenak olehe rembugan, saiki ngalih ing papan kana."
Sandi menyat sinambi nyekel tangane Sri. Sing diajak mung manut.
Sri kaget ngerti papan sing dituju kuwi papan sing wis ditata kanthi becik lan rapi. Ing meja wis cumepak wedang lan snack. Direnggani kembang mawar lan lilin. Saya maneh ing tengahe meja ana kue tart cilik mawa tulisan: "Selamat Ulang Tahun ke 15 Perkawinan Kita". Ngerti kaanan kaya ngono kuwi mripate banjur kaca-kaca. Sri ora kuwawa maneh mbendung luh kabagyan lan katresnan. Wusanane luh kuwi ambrol nelesi pipine. Sandi banjur dirangkul kanthi kebak sih.
Dening Arih Numboro, Wonogiri, September Ceria 2005.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar