Kamis, 16 April 2009

Bektine Subekti

Subekti. Jenenge mung telung kecapan. Ujaring kandha, asma kinarya japa
Mesthi bae bapake nduwe pengajap supaya Subekti ing tembe bekti marang wong tuwa, nusa bangsa lan agamane.
Wewatekane Subekti lembah manah. Praupane katon padhang sumringah. Mbokmenawa jalaran saka tabete anggone sregep ngibadah. Ewasemono, dheweke klebu sawijining wong sing durung nemu kabegjan. Mengkono panganggeping ngakeh, kulawarga apa maneh bapake. Ingatase sarjana, durung oleh kalodhangan cekel gawe sing jumbuh karo titele.
Pancen, Subekti iku sarjana, nanging dheweke ora kengguh marang pangiming-iming bab pegaweyan sing jare mapan lan njanjekake. Sing digoleki ora neka-neka. Watone halal lan becik. Kamangka dheweke anake wong nduwe, lan sedulur-sedulure ya wis padha cekel gawe. Keconggah banget menawa mung mbiyantu nglunyokake bab ketrimane pagaweyan ing instansi sing teles. Akeh sing padha ngojok-ojoki, ngrimuk supaya dheweke gelem kaya wong liya-liyane. Amarga golek pegaweyan wektu iki angele ora jamak.
Saben-saben swara sing ajeg keprungu, sing ora liya saka para sedulure yakuwi, ”Apa kowe mung trima neng omah, wong ya nyatane nggembol ijasah.” Suwara mangkono kuwi mung dijarke bae, kaya dene liwate angin.
Ora kurang-kurang anggone para sedulure ngandhani Bekti supaya enggal nglamar pegaweyan kantor. Apa maneh yen pinuju usum pendhaptaran Calon Pegawai Negeri Sipil (CPNS), mesthi Bekti dikirimi potokopen pengumumane.
Pinuju mbakyune sing ana Jakarta teka, nyoba ngrimuk Subekti.
”Dhik, Bapak ki wis sepuh, karodene gerahe asring kumat. Mbok aja nambah-nambahi penandhange. Sing dipikir ki kari kowe. Mbok kowe kuwi ora sah semuci-suci. Jaman saiki golek gaweyan nek ra ana lunyon-lunyone mokal klakon. Mbakyumu saguh nek mung ngatrol kowe.”
”mBak..., mBak. Yen aku niyat ngono kuwi rak wis biyen-biyen. Ning aku babar blas ra nduwe niyat sing kaya ngono. Watone ora nglanggar sarengate agama, aku wis marem.”
”Bola-bali sing kok nggo alesan kok kuwi-kuwi bae. Ukuranmu mesthi swarga-nraka, halal-haram. O alah, Le, Le.... Sing haram bae angel kok rekasa golek sing halal. Kaya kojahe kyai bae. Saiki-saiki, mbesuk-mbesuk! Hla nek ngono carane, sing kok pangan njur apa? Apa kowe ora mikir masa depan? Nggagas golek bojo, bakal ngopeni anak!”
”mBak, yen aku, prekara kaya ngono iku pancen sing nomer siji. Urip neng donya iki pancen mung sepisan. Nanging kauripan langgeng sawise mati yen ora diudi saka saiki, njur sangune apa yen ora kabecikan? Selagine sing halal bae isih ana, kena apa golek sing haram?!”
Cep klakep. Wong loro padha meneng kaya orong-orong kepidak, najan ora ana sebab liya sing nyaru anggone padha guneman. Sabanjure Subekti nyambung omongane kanthi sareh.
”mBak, aku iki sing penting gelem lan tetep nyambut gawe. Takkira luwih utama wong sing gelem tetep nyambut gawe tinimbang wong sing nduwe pegaweyan tetep, ning lumuh megawe. Coba, dupeh saben sasi wis diblanja, wayah nyambut gawe isih kober mrana-mrana. Neng ruangan tansah ibut le maca koran. Apa maneh sing hobi Internetan, mbukaki gambar porno wis dadi pakulinan.”
”Apa ya kabeh ngono?”
”Ora, mBak. Aku ora nggebyah uyah. Neng iki wis dadi wadining umum. Selagine arep ngleboni pegaweyan bae nganti cucul dhuwit yutan rupiyah. Apa ya terus dadi jaminan, nek le ngecakke gaweyan mesthi tenanan. Racak-racake rak ya golek pulihan, yen bisa bathen pisan, ya ta?!”
”Lha, buktine?!”
”Kancaku dhewe. Dheweke cerita tlesih tanpa taktakoni luwih dhisik. Pamrihe pancen supaya aku ketarik kaya sing wis dilakoni dheweke.”
”Hla nek kowe, jajal, apa mung cukup nulis-nulis bae terus kokkirimke neng majalah sing oplahe ora sepiraa?”
”Alhamdulillah, nyatane aku rak ora njagakake Bapak lan sedulur-sedulur.”
”Ya wis lah, yen karepmu ngono. Aku rak mung netepi jejering tuwa. Wis wajibe ngandhani adhine.”
”Ya, mBak. Matur nuwun.”
Bareng lan lakuning wektu, Bapake nggone nandhang lara stroke saya nemen. Sedulur-sedulure Subekti sing jarene wis sukses neng paran, arang-arang nyambangi Bapake. Sing kerep teka mung kiriman dhuwite. Nanging sing dikarepake Bapake dudu kuwi. Sajake Bapake wiwit nglenggana menawa anake lanang sing biyen dianggep ora nurut marang wong tuwa, nyatane becik atine. Ngerti marang wong tuwa. Katitik saka wetuning luh sing saben-saben tumetes, nelakake trenyuh marang bebudene anake.
Sapa maneh yen ora Bekti sing saben dina mangsakake, ndulang, nyirami lan ngresiki sukere bapake. Cik ben krasan menawa ana sing padha tilik, ora jijik lan wigah-wigih, swasana omah uga katon temata resik.
Ora ngira yen ing kono kedunungan wong lara. Malah Bekti uga asring macakake Alquran lan pertalan utawa terjemahane ing cedhakke bapake. Kaya-kaya lara sing disandhang dadi ilang. Gumanti tumetesing ayat-ayat suci sing gawe anyesing sanubari.
Batine bapake ngucap.
”Dhuh Gusti Allah Ingkang Murbeng Dumadi, mugi sakit ingkang kula sandhang punika ndadosaken pangleburing dosa-dosa kawula. Saha anak-anak kawula mugi Paduka dadosna lare ingkang soleh.”Dina-dina pungkasan, ya mung Bekti sing tansah ngancani bapake, lan sawetara tangga teparo apadene jemaah mesjid gilir gumanti padha sanja lan asung puji pandonga. Nganti tumekaning janji, Bapake klakon bisa ngeja kalimat tauhid asmaning Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi. ::Totok Yasmiran::


Versi Word bisa download disini

1 komentar: