Ana sawijining jago, awake katon gagah pidegsa, wulune gilap nyenengake sing nyawang, sikile pengkuh isih katambah jalu dawa-dawa nandhakake kasektene. Nanging jago mau duweni watak kang gumedhe, rumangsane wis kayadene kewan pinunjul sing ngerti samubarang rembug lan weruh sakehing pakewuh. Yen pinuju bangun esuk ajeg nyuwara beg beg beg kukuruyuk... beg beg beg kukuruyuk... duwe teges nggugah wong turu supaya padha enggal tangi, dipenging ngalepus turu, jeneng ora ilok, amarga wis wayahe wong tumandang nyambutgawe.
Anggepe jago mau, sapa bae ora kena nyundhul, rumasa yen dheweke iku sawijining kewan kang anggegirisi, kabeh kudu wedi menyang si jago. Watake kang kaya mangkono mau ndadekake kewan liyane padha mlorok, amarga ora seneng marang tingkah lan watake si jago.
Kewan sing banget mesgul atine yakuwi si kucing. Awit ya si kucing kang saben dinane kumpul amarga padha-padha suwita dadi klangenaning bendara. Sajake si jago banget anggone anglelanangi, tingkahe tansah ngewak-ewakake dupeh lagi cinaket ing bendara. Kelakuwane si jago mau andadekake atine si kucing nepsu banget, ing njero batine tansah ngigit-igit marang si jago.
Nuju ing wayah esuk kebeneran si kucing kepethuk si jago pinuju ana latar nalika lagi ngaring-aring awake. Kucing agahan mara kethumuk-kethumuk karo saradan ambekos. Jago weruh patrape kucing kang kaya mangkono mau banjur anjingkat mundur karo calathu :
"Kewan ora weruh ngedur, teka-teka kok nincingake kuping, mengko tak thothol endhasmu pisan sida sambat embok-embok!"
Kucing alon mangsuli, "Aku ora maido karo ucapmu, dhasare kowe pancen kewan kang kementhus, yen kowe wani nothol aku wo.. sida takbekuk gulumu klakon ceklek mangsa anjaluka banyu, iwakmu mopol digodhog."
Kucing mbacutake rembuge, "Nanging jago, karepku gonku mrene kiyi ora niyat ngajak padu, mung yen dhangan atimu aku arep takon sathithik, genea kowe gumendhung, tur padha-padha dadi ingoning bendara."
Jago mung manthuk-manthuk, diselani ngablakake swiwine lan kaluruk, wusana mangsuli, nanging ucape banget ngewakake ati:
"Kowe kuwi kewan kang busuk dhapurmu, bisamu mung ngeyang-ngeyong, kowe rak iya weruh dhewe, gaweyanku beda karu buruh, rina wengi awakku mung dilelinthing bendara prelune arep diedu, nganggo toh kang ora sathithik, amarga kekuwatanku sepisan bae durung tau nguciwakake bendara, yen diedu mesthi menange. Dene yen bengi aku tungguk, ora kendhat aku tansah kluruk, kang ateges melek anyabawa bengi, tur saben wayah esuk aku mesthi anggugah wong turu banjur mubeng nganglangi kebon."
Kucing ambekis seru," Calathumu mau mung supaya digugu, diarani kewan kang pinunjul, nanging lugune ucapmu mau kliru banget. Ngertia jago, uripmu iku mung dadi lakon, rugokna tak tutur supaya kowe aja kaduk olehe nglantur. Mungguhe kowe kuwi, dadi jago rumasa digegedhug lan dibotohi dening uwong, o, aku malah banget welas mesakake, kok cubluk lan bodho banget watekanmu kuwi, dadi kewan gampang diengkuk-engkuk, dikon tarung karo kerabatmu dhewe bangsa jago, menanga mung digeguyu tur labuhmu ora bakal katon. Bok ya nyawang wulumu nganti entek brundhul pating kalencir, brutumu nganti menthungul nglenga ketok meling-meling. Lelakonmu ngono mau, apa yen jeneng watak labuh awak dhewe nganti kaya gombal pating sranthil. Iku isih durung yen wis nemoni pantoging lelakon, titenana yen awakmu uwis ora kukuh, ora wurung dipasrahke pak kaum supaya ndongani gulumu, sreh gurih tur anyir mopol dagingmu... wong-wong banjur lap-lep kari ngemplok. Beda karo uripku, mung narima satibaning pandum, mula uwong menyang aku bange asih, tur aku bisa anjaga tikus sing dadi satruning uwong."
Krungu ucape kucing, jago banget serik atine, banjur nyauri, "Jenenganmu bae kucing, yen kelimpe bendara mesthi metu watakmu sing tansah calimut. wirang isin rada adoh, mulane drajatmu tansah endhek trima ngambus-ambus. Urip kok mung trima dipyur-pyuri, mula atimu ora seneng weruh uripku kang katon mopyor kepenak."
Kucing mangsuli. "Embuh, durung mesthi kowe apa aku sing uripe mung trima nenempil."
Jago saya nepsu, kucing banjur dikabruk sakayange, kucing mbengok ngeoong... banjur mlayu
Ananging rembug mau suwe-suwe dadi kasunyatan. Yakuwi bareng si jago umure tuwa, wulune brindhil, lan ora kuwat diedu. Sidane si jago dicekel lan digawa menyang omahe pak kaum, gulune dikon nyembeleh saperlu dinggo lawuh, awit wis ora ana gunane maneh yen diingu, tiwas ngentekake pakan.
Kucing rumangsa unggul, pambadhene biyen klakon numusi temenan, nyata banget yen janma manungsa kuwi tegele ngluwihi, kucing kawetu unine, "pancen angel ngawula manungsa."
Si kucing tansah nyekukruk, polatane katon ngantuk, mung irunge tansah mambu slenthang-slenthing, yaiku ambune ingkung jago sing iwake wis mopol. Ingkung ketok diusung lan diseleh ana dhuwur meja. Amarga wetenge ngelih, sanalika kucing banjur liru pikir, bareng kelimpe banjur mak clurut... cewel, ingkunge sida digondhol mlayu.
Dilalah ana sing weruh, banjur ambengok," Ingkunge digondhol kucing...!" Si kucing banjur diuber-uber bendarane nganti dhengkelen, amarga saking anyele wusana si kucing dibedhil dhoor..., sanalika kucing amrekungkung gumlethak mati ngenggon.
Wosing dongeng mau mangkene, mungguhing wong sing ngawula iku kadhangkala rebutan sih saka bendarane, nanging durung mesthi yen tulus, tinemune malah bisa kosok-balen, padha-padha nemu bilahi. [R. Joko Lelono]
Sabtu, 18 April 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Budaya Jawa
Nembe pun garap sedulur...
ndherek pitepangan![]()
Blog ArchiveTopik
Followers |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar