Wis ana rong dina iki aku ana ing kutha Ngayojakarta, perlu jagong manten. Mantene mitraku tunggal jawatan, Raden Suparta, inspektur pulisi saka Muntilan, oleh Rara Tisnawati, putrane Raden Penewu Ranusuganda, ing kampung Tegalpanggung.
Ketemuning manten diramekake nganggo nanggap wayang kulit. Tamune akeh, nganti tarube meh ora kamot. Apa maneh sing padha nonton, wah akehe ora karu-karuwan, nganti padhet, mblabar tekan dalan gedhe. Dhasar dhalange pancen wis kondhang apike, mula ora anggumunake banget yen nganti semono akehe sing padha nonton. Aku dhewe ya nganti ngebyar. Lungguhku ana sakburine kelir, dadi cetha menyang critane. Lakone Bagawan Mintaraga.Bareng wayang wis bubar aku nembe krasa ngantuk lan kesel, mulane aku banjur mlebu ing kamar pasedhiyanku, turu kepati. Jam telu awan aku nembe tangi, ya rumangsa katog banget. Benere dina iku aku arep terus mulih menyang Magelang, nanging banjur dicandhet dening man¬tene sekaliyan supaya bali bareng sesuk-esuk. Aku nuruti. Tekade wong enggonku nyuwun pamit isih rong dina maneh, dadi isih ana tempoku.
Sorene mas Suparta serimbit pada merlokake sowan menyang daleme para pamiline sing putri, perlu pamitan, nanging aku ora melu, sengadi arep ana perlu liya lan arep nyatakake bengine Malioboro, kang jarene wis kondhang tekan endi-endi. Mula bareng mas Suparta sekaliyan wis tindak aku banjur dandan, terus lunga menyang Malioboro, ngiras-ngirus karo tuku bonekah kanggo ngoleh-olehi adhiku sing isih cilik dhewe, putrane pak cilik sing dak-pondhoki. Bareng wis oleh aku mbanjurake mlaku-mlaku, karo nyawang pasawangan kang rame.
Mula nyata, Malioboro pancen rame banget, ing sadalan-dalan tansah kebak wong. Mengkono uga untabing tetunggangan, ora ana pedhote, ngalor-ngidul pating sliri pirang-pirang, motor, andhong, becak lan sepedha, wis ora kena dietung. Tujune peraturan lalu-lintas wis becik, mula arang ana kacilakan.
Toko-toko padha katon padhet kebak wong sing lagi padha blanja, nganti ora kena dipiyak. Mangka ing wektu iku wis tanggal 13, teka ramene isih nganti kaya ngono, mendah yen pinuju tanggal nom, mangsane para kaum buruh padha gajihan, kaya ngapa ramene. Aku dhewe mung tansah sumlengeren weruh untabing wong sing kaya ngono mau. Sarehning niyatku mung butuh mlaku-mlaku, mula aku terus ngalor. Tekan tetegan sepur Tugu aku mandheg, awit kebener lagi ana sepur teka. Mengkono uga tetunggangan pada mandheg kabeh, dawane nganti ana 1 km. dhewe. Bareng teteg sepur wis dibukak aku nerusake lakuku ngalor terus. Niyatku arep tekan tugu, banjur bali, mampir Kedaulatan Rakyat arep nemoni mitraku mas Teguh sing dadi wartawan ana kono, yen ketemu.
Nanging bareng lakuku tekan sangareping gedhong biyoskup ‘Ratih’ aku mandheg, awit aku gumun weruh untabing wong sing arep padha nonton biyoskup nganti semono akehe. Sangareping gedhong kebak, jejel riyel, apa maneh sangareping loket, sing unit karcis nganti dawa banget, banjur menggok bali maneh, nganti mujudake leter S.
Ing bengi kuwi sing diputer film ‘Niagara’, sawijining karakter film role Joseph Cotten lan Marilyn Monroe, kang aksine pancen bisa gawe kepencuting sing nonton. Mula ora nggumunake yen untabing wong nganti semono akehe.
Apa maneh bareng weruh gambar reklamene sing dipasang ana sanga¬reping lawang, mesthi akeh sing padha kepencut, awit gambare pancen rada ‘luar biasa’, mung kena kanggo umur 17 taun sapandhuwur. Aku dhewe, sing niyate mung arep mlaku-mlaku, bareng weruh kaya mengkono atiku teka banjur melu kesengsem, kepengin nonton. Mulane aku banjur menggok, arep golek karcis. Nanging kepriye enggonku bakal bisa oleh karcis, awit sing urut wis dawa banget. Mula niyatku yen ora oleh karcis ya arep trima nglenthung mulih, katimbang tuku karcis ana cathutan, kang regane wis tikel tekuk, tur nglanggar larangan pisan. Pancen ing wektu iku tukang cathut karcis akeh banget, pating sliwer ngalor-ngidul, ngetan-ngulon, karo nawakake karcise kanthi dhedhelikan kuwatir konangan pulisi. Ewadene meksa isih akeh sing gelem tuku, nganti tukang cathut karcis mau katon kendel, lan enggone ngundgakake regane sakepenake dgewe bae, ora trima mung mundgak, nanging malah tikel loro utawa telu saka reganing karcis sing resmi.
Sarehning sesak lan ora ana pangarep-arepe enggonku bisa nonton, aku banjur ndeleng gambar reklamene kang dumunung ana etalage. Lagi enak-enak enggonku ndeleng, dumadakan pundhakku ana sing njawil. Bareng dak-toleh jebule mitraku lawas, mas Ngubaeni, kanca sekolah pulisi nalika ana Sukabumi, kang saiki wis dadi inspektur pulisi kaya aku, dheweke ana Bantul, aku ana Magelang.
‘Suwe ra jejamu, jamu maneh ngombe setrup. Suwe ra ketemu, temu maneh ana ngarep biskup. Arep mriksani apa, dhik As?’ pitakone mitraku karo ngepuk-ngepuk gegerku.
‘O … tibane mas Ngub. Sugeng, Mas?’ wangsulanku karo gumuyu.
‘Kuru-kuru, Dhik.’
‘Kuru-kuru? Kurugan daging, ya?’
‘Iya, dhik. Arep nonton apa piye?’
‘He … eh niyate, yen oleh karcis.’
‘E, yen ngono tiba begja kowe, dhik. Iki lho, aku duwe karcis.’
‘Tenan apa piye, Mas? Apa karcise turah?’
‘Yen turahe ngono ya ora, wong mung siji thil iki. Niyatku mau ya arep nonton, ning banjur dadakan ana susulan saka Bantul, aku dikon bali, awit ana perlu penting. Kebeneran banget aku bisa ketemu sliramu, Dhik.’
‘O … ngono ta. Yen ngono begjaku.’
‘Iya, dhik. Lha sliramu karo sapa?’
‘Ijen bae kok, Mas.’
‘Rak isih tetep ana Magelang ta, Dhik?’
‘Isih, mas.’
‘Yen ngono ayo mampir pisan, wong wis cedhak ngene, karo maneh mbakyumu ya wis kangen.’
‘Matur nuwun, Mas, liya dina bae mengko dak-perlokake sowan mrana, wong iki mau aku mentas jagong manten je.’
‘Sapa sing dadi manten, Dhik?’
‘Mas Suparta, kanca inspektur saka Muntilan.’
‘O, apa dhik Parta, bocah Kroya kae sing awake lemu ginuk-ginuk?’
‘Iya bener, mas.’
‘O ya sukur. Ya wis ya, dhik, aku selak kesusu. Galo wis dienteni jip ana dalan kae. Enya iki karcise.’
‘Trima kasih, Mas. Enya iki ijole duwit karcis.’
‘Wis ora susah, Dhik. Mung kaya ngono bae teka arep diganti, tur kaya karo sapa!’
‘Ya matur kesuwun banget lho, Mas. Selamat berpisah, dan selamat bekerja.’
Mas Ngubaeni mung gumuyu, banjur terus lunga, marani jipe. Bareng aku wis nampani karcis, lan nomering kursi nomer 12, aku banjur mlebu ing gedhong biyoskup, kang wis kebak. Aku banjur milang-miling, nggoleki pernahing kursiku. Nanging sepira kagetku bareng weruh kursiku mau wis ana sing nglungguhi, lan kiwa-tengene wis kebak priyayi putri thok. Aku rada rikuh lan isin, awit mundhak dikira sing ora-ora. Ananging kepriye maneh, wong bab iki wis dadi aturane gedhong biyoskup kono: saben penonton oleh nomer kursi, perlune ora rebutan lan kanggo njaga tata-tentrem ing jero gedhong kono. Mulane aku banjur marani dununging kursiku mau, kang wis dilenggahi priyayi putri rada sepuh, kang saka pangiraku kleru enggone lenggah, awit sandhinge kursi nomer 13 kosong, lan kursi nomer 14 dilungguhi sawijining kenya rok biru kang rupane sulistya banget. Mak pyur panonku konang-konang bareng tempuk padha nyawange. Atiku trataban. Kanthi ngati-ati lan trapsila aku banjur pitakon karo priyayi putri mau mengkene: ‘Bu, mbokmenawi panjenengan klentu anggenipun lenggah, awit kursi punika, nomer 12, kursi kula.’
Priyayi putri mau rada kaget, banjur ngawasake aku. Kanti mesem banjur mangsuli mengkene:
‘O … inggih leres, Nak. Panjenengan boten klentu. Dados punika kursi panjenengan, ta? Yen ngaten keleresan. Tukar kemawon inggih, Nak, awit kula ajrih kaliyan nomering kursi kula punika, nomer 13. Rak kersa ta, Nak?’ ngendikane karo nudingi nomering kursi, nomer 13. Weruh kaya mengkono aku mesem. Geli atiku dene ana nomer bae teka diwedeni.
‘O … mekaten ta, Bu? Inggih kenging,’ wangsulanku karo sajak rikuh, awit weruh sing nglungguhi kursi nomer 14 mau putri, mula aku durung wani lungguh. Mbokmenawa priyayi mau ngerti batinku, tandhane banjur ngendika maneh:
‘Sampun rikah-rikuh, Nak. Lare estri punika anak kula piyambak. Mangga ta, enggal lenggah.’
Krungu wangsulan kang kaya mengkono aku saya gumun banget, awit ora ngira yen kenya rok biru mau putrane lan teka banjur tega temen, dene putrane mau kok ditegakake dikon lungguh jejer karo aku, wong sing durung nate diweruhi, mung jalaran merga saka wedi karo nomer 13 bae. Apa tumon?
Atiku tambah saya ora kepenak, rikuh, ya dheg-dhegan, awit kenya rok biru mau banjur mbalang liring karo aku. Adhuh .. . eseme gawe kuwuring panonku, gawe tab-tabaning jiwaku.
‘Mangga ta, Nak, lenggah. Sampun nggalih pakewed,’ mengkono ngendi¬kane priyayi sepuh mau sepisan maneh bareng weruh aku isih ngadeg.
‘Inggih, Bu.’
Gelem ora gelem aku kepeksa banjur lungguh ing jejere kenya rok biru mau. Dadi enggonku lungguh mau diapit-apit ibu lan putrine. Lungguhku tansah ora bisa jenjem. Atiku tansah goreh bae, awit jiwaku tansah kagodha dening kasulistyane kenya rok biru mau, kang ayune pancen tanpa tandhing. Apa maneh bareng aku ketaman eseme kenya mau kang diincrit-incrit, adhuh … mati awakku. Awakku krasa lemes bules, dhadhaku geter terus, karo tumungkul. Ing sajroning aku tumungkul mripatku tansah nglirik, nyawang kenya mau, mula aku banjur ngerti cetha wela-wela menyang citrane kenya mau, kang ayune nyata mulus temenan, ora ana cacade. Dedeg-piadege pideksa, pawakane gilig wutuh, rada ramping tur singset. Pakulitane kuning nemu giring, rai bunder, ati-atine ngudhup turi, nylekenthik, alis njlirit ireng menges-menges. Mripate gilar-gilar, lindri-lindri, irung ngrungih amerit, lambe tipis ciyut angembang blimbing, maya-maya abang, kaya gambaran pinulas. Andheng-andhenge gedhe samrica, dumunung ana sacedhaking irung sisih kiwa, muwuhi pantese lan manise. Saya maneh yen pinuju mesem, bisa gawe gemes, sajak kaya nantang menyang sing lagi nyawang. Apa maneh bareng aku nglirik rerengganing dhadhane, kang ana gununge sakembaran, atiku saya gonjing miring, angles, imanku kaya ora kuwat. Adhuh … !
Kenya rok biru mau umur-umurane bangsaning 22 taunan. Kasulistyane kenya mau nyata gawe gonjinging jiwaku, dhadhaku tansah sirsiran ora leren-leren. Salawase aku urip, ya nembe sepisan ji iki, atiku ketaman ing rasa kang kaya mengkono mau. Atiku nandhang wuyung, nandhang brangta asmara.
‘Ah, apa iki dayaning nomer 13 kang nyata gawe apes, kaya pangandikane priyayi putri mau? Mula teka bener, akeh wong sing wedi karo nomer 13, awit jarene nomer sing siyal, sing apes. Apa aku iki ya bakal nemoni siyal? Kiraku teka bener, buktine aku banjur nandhang kasmaran kaya ngene iki. Gek omahe ngendi kenya iki, ya?’ mengkono gagasanku karo tumungkul.
Mbokmenawa ora mung aku dhewe kang ketaman rasa kaya mengkono mau. Kenya rok biru sandhingku ya semono uga ayake, awit lungguhe uga banjur ora bisa jenjem lan sedhela-sedhela tansah katon ambekane kang munggah medhun, karo tansah nglirik aku, banjur tumungkul, sajak isin. Tujune bab iki ora ana sing weruh. Lan ora suwe biyoskup wiwit main. Ing jero gedhong malih dadi peteng. Sing katon mung soroting gambar kang tumuju menyang kelir.
Wosing crita biyoskup mau anggambarake lelakone sawijining wong jejodhoan. Sing lanang banget tresnane karo sing wadon, kosok-baline sing wadon tresnane mung lamisan, dhemen laku sedheng karo wong liya. Kawusanane nuwuhake lelakon kang nyedhihake banget. Sing wadon nganti diprajaya dening sing lanang, lan sing lanang dhewe uga banjur mati nunggang prau, praune rusak, wusana banjur kagawa dening ilining banyu kang tekan grojogan Niagara kang jero banget. Nonah Marilyn Monroe sing dadi rol nyonyah Roos, bojone tuwan Loomis (Joseph Gotten), aksine pancen ‘boleh’ banget. Satindak-tanduke tansah digawe aksi, ya lakune, ya ‘tingkahe. Mula nganti akeh para penonton sing pada marem lan melu kesengsem. Nanging kosok-baline kenya rok biru sandhingku lungguh mau ora mengkono. Nalikane weruh aksine Marilyn Monroe mau malah banjur ora gelem ndelengake, sajak malah isin lan ewa, mratandhani yen kenya rok biru mau wanita sing luhur bebudene. Nalika weruh nyonyah Roos arep diprajaya sing lanang ana puncaking menara kang dhuwur banget cedhak grojogan Niagara, kenya rok biru mau ya ora mentala atine, ora tahan ndeleng lelakon kang gawe ngeresing ati. Saking wedi lan sedhihe nganti dheweke lali. Bareng-bareng karo gumlethaking awake nyonyah Roos sing wis mati jalaran diprajaya sing lanang dheweke terus nyekeli tanganku kenceng, sajak wedi, tangane krasa gumeter. Aku kaget weruh tanganku dicekeli kenceng. Mbok-menawa kagetku gawe elinge kenya iku, tandhane banjur uwal panyekele lan sajak isin, tumungkul.
Lumering tangane kenya rok biru mau tansah nggrantes ing atiku, krasa alus, gawe getering awakku sekojur. Kedhering tangane krasa gumrining temenan, mahanani brangtaning jiwaku. Adhuh, kaniaya temen!
Bareng jam sanga kliwat seprapat biyoskup wis bubar. Aku weruh cetha wela-wela yen rupane kenya rok biru mau dadi pucet banget, kaya wong mentas nandhang lara bae. Dheweke bola-bali tansah mandeng aku kang ana burine. Sarehning sing nonton akeh mula metune ya rekasa. Kanggone aku malah kebeneran banget, bisa nyawang saka buri kanthi mat banget. Apa maneh bareng metune ngrekasa aku jejer rapet karo dheweke, rasaning atiku saya les-lesan banget. Sinome mobat-mabit kena angin kitiran, rumangsaku kaya lagi awe-awe menyang jiwaku. Eman banget dene aku durung tepung. Rekane mono ya arep nepungake, nanging atiku sing ora wani, cangkem kaya kinunci. Satemah aku mung meneng bae, karo ngelus dhadhaku. Potonganing awake kang gilig ramping lan singset mau saya gawe kepencuting atiku. Adhuh … ana bocah ayu teka kaya ngono!
Bareng tekan njaba wong loro mau terus mlaku bae. Batinku, tiwas kebeneran, awit nedya arep dak-etutake nganti tekan omahe. Mulane lakuku ya dak-rindhikake, kira-kira mung let limang meteran ngono. Kenya mau wangune ya ngerti yen lakune tansah dak-etutake, tandhane bola-bali banjur noleh, kang saya gawe kumepyuring jiwaku.
Lakune wong loro mau terus ngidul. Bareng tekan sangareping hotel Garuda wong loro mau terus mlebu mrono. Mak jegagik aku mandheg, ora wani ngetutake maneh, kuwatir yen dikira arep nyembranani. Saiki aku nembe ngerti cetha yen kenya rok biru mau dudu wong Ngayoja. Genah wong saka manca, saka ngendi aku ora ngerti. Mung bae aku duwe pangira-ira yen wong mau wong Banyumas, awit nalika padha guneman tansah dak-rungokake, dhialeke cara Banyumasan.
Nganti rada suwe enggonku ngadeg ana sangareping hotel kono. Atiku mandheg-mangu lan kuwur, awit jiwaku kaya-kaya tansah ngetutake lakune kenya rok biru kang mlebu menyang hotel. Benere aku arep ndeleng buku tamu, nanging bareng dak-rasa tindakku kurang patut, mula aku banjur trima mulih nglenthung, karo semplah atiku.
Tekan Tegalpanggung aku terus mapan turu. Kebeneran mas Parta sekaliyan durung kondur. Bengi iku aku ditari mangan dening ibune Rara Tisnawati, nanging aku ora gelem, sengadi yen mentas disuguh kanca, mulane aku terus tutup kamar. Nganti bengi aku ora bisa turu. Atiku tansah merem-melek bae, awit tansah isih ton-tonen kenya rok biru bae kang tansah gawe gandrunging jiwaku. Dilali-lali tansah saya ngranuhi, saya gawe tambahing brangtaku. Wewayangane tansah cumithak ing panonku ora bisa ilang. Adhuh … jiwaku sambat-sambat, nganti ora rinasa aku banjur ura-ura lirih, tembange pangkur, wewarahe ibu cilikku:
Wonten candraning wanita,
kang susila anor-raga ing krami,
sedheng dedegipun,
renyah wicaranira,
rikma wenes amemak angembang bakung,
wimba ananggal sepisan,
netra njahit Hyep alindri.
Iku prayoga ginarwa,
bekti laki mbangun turut sakapti,
aran ‘Sendhang-Sanga’ yeku,
pantes kinarya garwa,
gung sihira lan gung rejekinipun,
awetan wanita ika,
tentrem lan ayeman ati.
Adhuh, apa iya bener temenan tegese tembang iku? Mangka yen ndulu menyang candrane kenya rok biru mau teka ngepleki temen karo tembang mau, geseha ya mung sethithik banget. Yen nyata bener kaya mengkono mesti bakal begja kemayangan banget sing bakal mengku kenya mau. Adhuh … awak, awak! Apa aku bisa kelakon mengku kenya rok biru iku? Mangka kenal bae durung, mengkono uga ora ngerti omahe pisan. Ah teka nglengkara temen pikirku iki, anggandrungi wong sing durung diweruhi ing sakabehane. Tiwas-tuwas temen!
[Any Asmara, Grombolan Nomer 13, Surabaya, 1956]
Jumat, 17 April 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Budaya Jawa
Nembe pun garap sedulur...
ndherek pitepangan![]()
Blog ArchiveTopik
Followers |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar