Lakune disengkakake, daya-daya enggala tekan ngomah. Merga, kejaba wektune wis mburu, lire sedhela engkas wis meh manjing Magrib, uga ana warta sing kudu ditekakake marang Kyai. Warta iki yektine dudu kabar anyar tumrap Kyai Idris. Wong kabar sepisanan bab sing gegayutan karo iki dheweke krungu uga saka Kyai Idris mau. Ming bae, dhek semana isih capet-capet, durung jablas temenan. Dhawuhe Kyai Idris marang para murid-muride: “Anu lo, le, ing samengko Pamarentah wus ngidinake marang aku kabeh, para umat Islam, yasa barisan mirunggan, jenenge “Hizbu”llah”, tegese “Prajuriting Pangeran” . ..” Dhek semana Iskak ya melu ngrungokake. Wong dheweke kapinujon ana kono. Ming bae nalika kuwi dheweke durung ngreti temenan, apa prelune lan apa paedahe Barisan Hizbu”llah kuwi. Mula bareng Kyai Idris ndangu, sapa ing antarane para santrine sing kepengin ngleboni Barisan Hizbu”llah, dheweke ora ngacungake utawa ora mangsuli.
Lha iki mau dheweke mentas Jumuwahan saka mesjid. Adat sabene yen sembahyang Jumuwah ya neng langgare Kyai Idris kono, bebarengan karo santri pirang-pirang, kancane nunggal sapasuwitan. Mung bae iki mau diutus Kyai rnenyang kutha, tetuku bab kapreluane pesantren kono karo ana urusan uga sing gegayutan karo kantor Si babagan Sumuka (agama).
Mula dheweke sing kapiji dening Kyai dadi duta, kuwi kejaba Iskak pancen bocah sing mrojol dhewe mungguh ing kapinteran sarta kalantipane ing antarane para santri-santrine Kyai Idris, dheweke kuwi uga kena diarani sing pinter sesrawungan dhewe. Nyang sapa-sapa bisa ngladeni. Pinter momong atine liyan. Watake tatag teteg. Nyang panggedhe ora kidang ora kidung, nanging isih netepi tata-kramane.
Iya merga saka watake kang kaya mengkono mau, Kyai Idris dalah kanca-kancane padha asih marang dheweke. Malah-malah, saka kepengine Kyai Idris nuduhake sihe, Iskak katari, apa sekira gelem dadi kakange Mujayanah, putrane Kyai Idris sing wuragil. Iskak sumanggem. Lha banjur kelakon Iskak bakal dadi putra mantune Kyai. Kyai saya wuwuh tresnane. Yen ngelingi anggone bakal dadi penganten, Iskak gojag-gajeg arep medharake isining atine marang Kyai Idris. Apa sakira rila yen dheweke lunga saka kono, ninggal pesantren, prelu …
Iskak isih kelingan cetha apa sing dikutbahake dening mas ketib aneng
mesjid mau. Tetembungane mas ketib sing cetha wela-wela, ngegla,
tansah cumithak ana ing angen-angen. Wong anggone ngrungokake Iskak
ya nganti njinggleng temenan. Dheweke rumangsa begja banget Jumuwahan ing mesjid mau.
Sarampunge urusane ana kantor Si, ndadak wis awan. Upama terus mulih. wis mesthi kasepe yen arep sembahyang Jumuwah. Hya wis Jumuwahan neng kutha bae. Ngono pamikire.
Kutbahe mas ketib iki mau gegayutan karo anane Barisan Hizbu”llah kuwi. Kanthi gamblang dicethak-cethakake, apa ta gunane Barisan Hizbu¬“llah kuwi, lan kepriye carane sarta sapa sing bisa ketampa mlebu dadi warganing Barisan Prajuriting Pangeran mau. Tumrap para nomnoman Muslimin, sing ginadhuhan kekuwatan cukup utawa bisa nyukupi sarat-sarate wong dadi prajurit, diprayogakake nyathetake jenenge marang bebadan kang kapatah ngurus bab iki.
Mas ketib dhawuh, iya ing wektu saiki kuwi mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktekake marang donya yen umate Nabi Muhammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur aneng mesjid karo mikir ngetungi tasbeh bae, nanging yen ana kapreluan sing mbutuhake awake, ora ming awake bae, dalasan jiwane pisan, uga ora eman nyorohake.
Mas ketib banjur nyebut-nyebut asmane para satriya Islam dhek jamane Kangjeng Nabi biyen. Ana Anas bin Nadir, ana Sa”ad bin Mu”az, lan liya-liyane maneh. Malah ingkang paman Kangjeng Rasul, Sayidina Hamzah, kuwi uga prajurit peng-pengan jare. Yen wong Jawa ngarani Sayidina Hamzah mau, Raden Amir Ambyah, apa Raden Jayeng Palugon, apa Wong Agung Menak.
Para sakabat-sakabat dalah pandhereke Kangjeng Nabi mau kanthi gumolonging ati lan rila legawa padha ngurbanake jiwa raga, bandha donya branane pisan kanggo kapreluane agamaning Pangeran, kanggo ngluhurake agama dalem Gusti Allah.
Dhek jaman semana mungsuhe Islam para wong kapir saka golongan Kures lan wong-wong sing musyrik. Kabeh mau padha arep ngalang-alangi rancaging lakune agama Islam. Padha ngudi amrih agamane Pangeran mau cures, ilang saka bumi kene. Wong-wong Muslimin tansah dikuya-kuya, dingel-ngel anggone arep nindakake parentahing agamane. Mula, cobaning Pangeran marang umate Nabi Muhammad ora uwis-uwis. Ora biyen ora saiki! Tansah ana bae. Ora leren-leren. Mula wong Islam didadar temenan dening Gusti.
Yen dhek biyen wong Islam ngadhepake kaum Kures lan golongane wong sing padha musyrik, ing samengko, iya jaman saiki iki, kaum Muslimin ayun-ayunan karo bangsa Amerika lan Inggris dalah sakancuhane pisan.
Yen disatitekake temenan, tindake negara loro mau ana ing Asia, panggonan kita nglakoni ngibadah iki, presasat ngepleki tindake kaum sing arep ngalang-alangi ajuning agamane Pangeran dhek jaman Jahiliyah biyen.
Karepe Amerika lan Inggris kuwi, arep dadi bendarane wong-wong Asia kene. Sawise kuwi, uga arep gawe ilange agama kaprecayane wong-wong kene kabeh. Mesthine ya ora terang-terangan. Saka sethithik, sarana tindak sing alus, sing remit banget.
Pametuning bumi, bandhaning buwana Asia, arep diusung, digawa mulih menyang negarane dhewe kana. Kekuwataning rokhanine bangsa Asia uga arep dipeper.
Dadi wose bae, wong-wong Asia kuwi njaba njero, lair batine arep digawe mati. Mati sajroning urip kae.
Wah, isih akeh maneh kutbahe mas ketib. Dene minangka panutuping kandha, mas ketib mrayogakake supaya para nom-noman Musli¬min padha bebarengan ngayati pagawean iki, nyatetake jenenge kanggo barisan Hizbu”llah, dadi Prajuriting Pangeran, tukang njaga asmane Gusti Allah, aja nganti disawiyah dening wong kapir.
Kutbahe mas ketib mau dening Iskak dilebokake ati temenan. Sajake dheweke kebuka atine. Iskak kepengin dadi Prajuriting Pangeran, mbelani agamane, niru tindake para sakabat-sakabat dhek jaman biyen.
Iya warta iki sing arep ditekakake marang ngarsane Kyai Idris. Dhe¬weke arep nyuwun pamit karo nyuwun pangestu marang Kyai. Mulane anggone mlaku kesusu, daya-daya enggal tekan ngomah.
Lakune wis tekan ngarep pamulangan S.G.L. Dadi ngidul sethithik, banjur menggok ngiwa, wis tekan desane, desa Kuningan, iya panggonane pesantren kuwi.
Tanpa kajarag, Iskak ndeleng mengulon, tumenga menduwur. Srengengene wis meh angslup. Katon alon banget. Sajak ketara abot arep ninggal bumi. Ketara durung taneg anggone ndeleng kaendahaning jagat saisine kabeh. Katon anggone owel. Apa Iskak uga bakal owel ninggal papan padunungane? Apa Iskak krasa abot ninggal Kyai, kaya-dene pengrasane srengenge abot arep pepisahan karo bumi? Sawah ing kiwane dalan kapinujon kebak pari. Gagange tumiyung, sajak kabotan isi, kena siliring angin kresak-kresek kaya tangising kenya mingseg-mingseg marga tininggal dening jaka kekasihe …
Apa Mujayanah mengko uga bakal mingseg-mingseg, nangis ngaru-hara yen dipamiti?
Kabeh mau tansah dadi gagasane Iskak. Nanging bareng kelingan tembunge mas ketib: “Ya saiki iki, mangsa sing apik banget tumrap para mudha Islam kanggo mbuktekake marang donya yen umate Nabi Mu¬hammad s.a.w. kuwi ora ming pinter tafakur aneng mesjid karo dikir ngitungi tasbeh bae,” dheweke tetep arep ngugemi andemaning atine: arep mlebu Barisan Hizbu”llah. Arep njaga kasuciane agamane sarta kahurmataning tanah wutah getihe.
Lakune disengkakake. Arep nyuwun pamit…
[Soebagijo LN., Pandji Pustaka No. 6, Maret 1945]
Jumat, 17 April 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Budaya Jawa
Nembe pun garap sedulur...
ndherek pitepangan![]()
Blog ArchiveTopik
Followers |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar