Jumat, 17 April 2009

MELIK NGGENDHONG LALI

Toko mas “Kencana” didegake ana ing punthuk cilik. Ing sakiwa tengene ora ana wewangunan liyane kejaba omahe kang duwe toko. Kuwi bae mapan rada kapernah buri. Ing sakiwa tengene wangunan omah lan toko dientha petamanan kang endah. Wit-witan maneka warna ditandur kanggo ngrenggani taman. Ing kono uga diwangun balumbang kang diingoni iwak mas lan koi. Ing pojok balumbang diwangun grojogan kang banyune tansah mili. Lemah kang kanggo ngedegake wewangunan kuwi pancen amba banget.
Esuk mau, udakara jam pitu, nalika para pegawene lagi padha mbukak lawang toko, dumadakan saka perangan dhuwur toko kuwi ana kukus kumelun. Banjur ora antara suwe toko mas kuwi kobong. Geni ngalad-alad gedhe banget. Para pegawene padha age-age golek slamet dhewe-dhewe. Semono uga Sesupe lan Sangsangan, juragane toko mas “Kencana”. Para dagang kang lagi sengkut nata papan dagangane uga banjur ninggal pakaryane saperlu nyawang geni kang kaya ora sabaene. Jatisari geger.
Sesupe dheleg-dheleg lungguh ana ngisor wit asem. Awake disendhekake ing wit kang dumunung ana ing sangarepe tokone kuwi. Geni kang ngalad-alad ngobong toko mas kuwi mung disawang. Sangsangan uga amung nyawang toko mas kang gedhe dhewe ing kuthane kang saya suwe saya ora wujud. Wong-wong pasar kang padha ninggal dagangane kang maune padha bakal aweh pitulungan nyirep geni, uga banjur melu-melu nyawang kridhane bathara agni. Ora ana kang ngerti apa kang ana ing njero pikire Sesupe. Yagene dheweke ora ngupaya nyirep geni kanggo nylametake bandhane.
Toko mas kuwi diwangun nganggo bandha kang dikumpulake mbaka sethithik. Diwiwiti saka anggone Sesupe dol tinuku mas ing pinggir dalan ing wetan Pasar Klewer. Dheweke makarya kaya mangkono jalaran dheweke duwe panemu mangkene: mas-masan kuwi mujudake barang kang disenengi sadhengah wong, wiwit wong ora duwe nganti wong sugih, wiwit jaman kuna nganti jaman saiki. Dadi angger isih ana wong ateges isih ana pangan kanggone dheweke.
Ganti dina, ganti minggu, ganti sasi, ganti taun. Rejekine tansah lumintu. Kaskayane saya wuwuh. Dhasar dheweke mujudake nom-noman kang gemi, nastiti, lan ngati-ati, mula rejeki kuwi mbaka sethithik dicelengi. Kejaba kuwi, dheweke ora tau cidra marang para pawongan kang padha dodolan marang dheweke. Mas apik dikandhakake apik, ala dikandahake ala. Anggone ngregani uga dijumbuhkane karo reregan mas kang lumaku wektu kuwi. Kanthi mangkono njalari sangsaya akeh pawongan kang padha dodolan marang Sesupe.
Sesupe duwe gegadhangan, yakuwi sadurunge rabi kudu wis bisa tuku lemah lan mangun toko mas. Lan kanyatane dheweke klakon mujudake gegadhangane. Lemah kang mapan ing sangarepe pasar ing kutha kalairane, Jatisari, duweke anak turune Demang Jatisari, klakon dituku. Lan banjur didegi toko.
Jatisari mujudake kutha cilik nanging reja. Bab kuwi bisa didelok saka rejane pasar Jatisari. Ing saben dina Pon lan Kliwon pasaran. Akeh para among dagang saka jaban kutha kang padha teka mrono. Pawongan desa ing wewengkon Jatisari padha teka saprelu dodolan ulu pametune tegal sawahe. Sesawangan ramene pasar Jatisari kang kaya mangkono kuwi kena dimesthekake ing saben dina pasaran.
Toko mas “Kencana” duweke Sesupe ora kalah ramene. Mesthi uyel-uyelan dening pawongan kang padha dodolan utawa tetukon mas-masan. Nanging bedane, rejane ing toko mas “Kencana” ora ngemungake ing dina pasaran, ing saben dinane toko kuwi ora tau sepi wong.
Pawongan desa ing wewengkon Jatisari padha duwe panemu manawa nyelengi luwih becik awujud mas-masan tinimbang awujud dhuwit. Kejaba bisa dianggo rerenggan ing awak kang bisa njalari gandhes kang padha nganggo, regane mas manut munggah mudhune reregan mas-masan ing donya. Saumpana dodolan kebener rega dhuwur, bisa oleh bathi. Dene yen ora, ya wis bathi nganggo. Ngono panemune. Apa maneh toko mas “Kencana” nyedhiyakake mas-masan kang regane maneka warna, wiwit mas kang murah dhewe nganti kang larang. Dadi saben pawongan bisa duwe penganggon mas-masan senajan mung nggawa dhuwit sethithik. Kejaba kuwi, saben dina mesthi bukak, senajan ta dina Minggu utawa dina prei liyane. Kanthi mangkono samangsa-mangsa butuh dhuwit kang kudu kanthi dodolan mas-masan mesthi klakon mulih nyekel dhuwit. Para pawongan padha kandha yen toko mas “Kencana”: kena dijagakake kanggo butuh.
_*_*_*_
Dina Jemuwah Pon. Wancine wis jam 11 awan. Mesjid gedhe Jatisari wis ngumandhangake ayat suci Al Qur’an. Toko wis arep ditutup sawatara sajrone jemuwahan. Ing antarane pawongan kang padha arep dol tinuku mas-masan, ana sawenehing pawongan kang ndhesel-ndhesel saperlu bisa tekan ngarep mepet etalase. Wong-wong kang wegah didheseli padha celathu:
“Mbok ora ndhesel-ndhesel ngono kuwi ta, Lik.”
“Kabeh ki ya padha butuhe. Yen antri ngono geneya?”
Dicelathoni mangkono, pawongan tuwa kuwi ora ngglape babar pisan. Dheweke tetep ngupaya bisane mepet etalase. Polahe wong-wong kang padha suk-sukan lan swarane wong padha grejegan kuwi narik kawigatene Sesupe kang ana ing meja kasir. Sesupe banjur menyat tumuju etalase. Dheweke kepengin ngerti apa sebabe wong-wong ing tokone kuwi padha udreg-udregan.
Pawongan tuwa kuwi isih ngupaya bisane maju, nanging dening liyane dialang-alangi dalane. Malah ana sawenehing pawongan kang kasil diliwati, nyandhak klambine pawongan tuwa kuwi banjur nggeret bali mundur. Sing digeret tiba jekangkangan.
Kanthi rekasa pawongan kuwi krengkang-krengkang tangi.
“Mang paringi mergi. Kajenge majeng ngriki.” guneme Sesupe bareng mangerteni kedadeyan mangkono kuwi.
Pawongan kuwi kasil tekan ngarep. Sesupe kaget, dheweke ora pangling marang pawongan kang rambute isih ireng senajan kulite wis padha kisut.
“Njenengan rak mbah Kersa ta?” pitakone Sesupe ngyakinake marang pandulune.
“Enggih.” wangsulane pawongan tuwa kuwi cekak.
Sesupe banjur gupuh anggone mbagekake marang mbah Kersa. Mbah Kersa diajak menyang omah kang mapan ing saburine tokone. Mbah Kersa kuwi salah sijine anak turune Demang Jatisari kang saiki mapan ana ing desa Sindura ing perenge gunung Sindura, salore kutha Jatisari. Ing wektu iki kang isih manggon ing tanah leluhure mung kari turune mbah Kersa. Turune Demang Jatisari liyane wis padha lunga bara ing Jakarta lan uga ing Sumatra.
“Kok kadingaren panjenengan rawuh ngriki. Enten napa, mbah?” pitakone Sesupe sawise bage-binage sawetara. Pitakon kuwi sabenere mung kanggo abang-abang lambe, jalaran dheweke wis ngerti kekarepane mbah Kersa yakuwi mesthi bakal dodolan barang warisane Demang Jatisari. Kaya ing wektu-wektu kepungkur, mbah Kersa uga dodolan pusaka kademangan kang awujud keris lan tumbak.
“Ngene, lho, nak. Aku ki wingi disambati putuku sing ana nJakartah. Dheweke butuh dhuwit kanggo nambakke wong tuwane sing lara. Apa slirane bisa aweh pitulungan?”
Sesupe ora kaget maneh klawan guneme mbah Kersa kaya mangkono. Ukara kasebut uga nate kawetu nalika dodolan pusaka kademangan. Mula kanthi sajak arep aweh pitulungan sarana nyilihi dhuwit, Sesupe wangsulan kanthi rasa sakepenake.
“Ingggih, mbah, saged. Manawi badhe dipun ampil, nika kula gadhah simpenan boten ketang sekedhik.”
“Ora, nak. Aku ora arep nyilih dhuwit. Apa maneh njaluk.”
“Lha, lajeng, kajeng sampeyan pripun?” pitakone Sesupe ethok-ethok ora ngerti, senajan atine wiwit bungah jalaran pangirane bakal bener.
“Iki aku nggawa barang. Apa slirane bisa ngregani?”
Tenan. Pangirane Sesupe ora geseh. Mbah Kersa ngulungake epek satimange. Sesupe kaget weruh barang kuwi. Epek kuwi digawe saka bludru kang alus banget. Untu walang kang ngrenggani digawe saka benang mas. Timange uga saka mas, direnggangi inten gedhene sajempolan tangan cacah papat kang dipapanane ing ngisor, dhuwur, kiwa lan tengen banjur direnggani inten kang gedhene sadhele kang rentep ing sapinggire nganti ngebaki timang.
Sesupe bungah banget weruh barang kuwi. Dheweke bakal seneng saupama bisa nduweni barang kuna tinggalane Demang Jatisari. Kanthi mangkono ateges apa kang diduweni Demang Jatisari kala samana saperangan gedhe bisa dadi duweke. Sesupe ngguya-ngguyu. Atine bungah banget. Barang kuwi kudu bisa dadi duweke kanthi rega sing murah banget, adoh saka rega samesthine. Dheweke naksir, lemah pekarangan satokone mas pisan ora cukup kanggo mbayar epek timang kuwi.
“Piye, nak. Bisa aweh pambiyantu apa ora? Iki aku butuh temenan. Kanggo nututi nyawa nak. Tulungana ya, nak!”
Sesupe ngulungkake barang kuwi marang mbah Kersa sinambi gedheg.
“Putuku mbutuhake dhuwit satus yuta. Apa slirane bisa mbayar satus seket wae. Mengko sing seket daknggo jagan samangsa-mangsa yen ana butuh.”
Sesupe gedheg senajan atine lunjak-lunjak jalaran saka bungahe krungu rega kang ditawakake mbah Kersa.
“Lha, pira, nak? Mongsok, rega semono ra tekan?”
“Saestu, mbah, dereng dugi.” wangsulane Sesupe.
“Ya, wis bayaren satus ngono wae.”
“Pitu gangsal yen pareng.” panganyange Sesupe sinambi menyat tumuju lemari brankas. Dhuwit atusan ewon satekem diwetokake saka njeron brankas.
“Ya, aja semono, ta, nak. Yen ora satus, ora tak wenehke.”
“Nggih, pun. Ngga, niki artane.”
Mbah Kersa manthuk sinambi mesem kalegan.
Dina kuwi, Jemuwah Pon. Sesupe klakon nduweni barang tinggalane Demang Jatisari sing pengajine padha karo pengajine kutha Jatisari.
_*_*_*_
Sesupe isih dheleg-dheleg semendhe ing wit asem. Panyawange kosong. Rasa susah, getun, lan keduwung jalaran kelangan bandha sing dilumpukake mbaka sethithik sansaya nggandhuli atine. Kaya-kaya pengarep-arepe antek bareng karo enteke tokone.
“Wong bagus, apa kowe nate nindakake pakaryan kang nerak angger-angger kabecikan?” pitakone sawenehing pawongan kang dumadakan ngadeg ana ing sisihe.
Sesupe kaget krungu pitakonan kaya mangkono kuwi. Dheweke banjur nyawang marang pernahe kang takon. Sesupe sansaya kaget bareng weruh sapa kang ngadeg ing sisihe kuwi. Pawongan sepuh kang manganggo sarwa prasaja kuwi banjur dirangkul sukune kanthi kenceng sinambi nangis sesenggrukan.
“Kyai ….”
“Wis, wong bagus. Ora sah digetuni. Kabeh wis kelakon. Saiki wangsulana pitakonku mau. Apa bener kowe wis nindakake pakaryan kang nerak angger-angger kabecikan kaya kang nate dak tuturake marang kowe nalika samana.” guneme Kyai Zuhri sinambi ngelus-elus sirahe Sesupe.
Sesupe durung wangsulan. Dheweke isih mbacutake anggone nangis. Sikile gurune isih dirangkul kanthi kenceng. Kaya-kaya ora bakal diculake.
Sakehe pawongan kang ing wektu kuwi padha kamitenggengen nyawang urube geni kang wiwit cilik uga padha kaget mengerteni Sesupe kang dumadakan nangis sesenggrukan sinambi ngrangkul wit asem. Ing pamikire wong sapasar: Sesupe edan jalaran ora kuwat nampa kanyatan kaya mangkono.
Sesupe banjur ngadeg, jumangkah ninggalake papan kuwi tumuju marang tokone kang mung kawi awu. Lakune gloyoran. Sangsangan lan uga wong sapasar mung padha nyawang apa kang ditindakake Sesupe.
“Kyai, rumaos kula, kula boten nate nilar angger-angger. Ingkang wajib lan ingkang sunnah tansah kula tindakaken ing saben dintenipun. Rumaos kula boten wonten ingkang kula singkiri setunggal-setunggala.”
Kyai Zuhri mung mesem. Pangrangkule marang muride kang kinasih saya dikencengi jalaran sikile Sesupe sansaya ora kuwat nyangga awake.
“Kyai, punapa wonten ingkang dereng kula tindakaken?”
“Ora, wong bagus. Kabeh wis kotindakake. Sing wajib lan sing sunnah. Kalebu uga kowe wis nindakake sing nerak angger-angger kabecikan.”
“Kyai, kula nyuwun pangapunten. Kula nindakaken perkawis punapa?”
“Kowe kelingan Pak Kersa? Dheweke tau dodolan apa marang kowe?”
Sesupe ngendhegake lakune. Dheweke banjur ngrangkul Kyai Zuhri. Kenceng pangrukete. Dheweke bali nangis sesenggrukan, banjur matur: “Inggih, Kyai, piyambakipun nate sesadean epek satimangipun ingkang tinretes mas barleyan.”
“Koregani kanthi samesthine rega apa ora?”
Sesupe ora wangsulan. Anggone ngrangkul Kyai Zuhri sansaya kenceng. Tangise uga sansaya seru. Nanging tangise dumadakan meneng. Pangrukete uga sansaya kendho, banjur tiba nglumpruk ing satengahe ratan sangarepe pasar Jatisari.
Sala, wanci subuh 11 Besar 1940

BIODATA PENGARANG

Arih Numboro, lair ing Desa Wiroko, Kecamatan Tirtomoyo, Kabupaten Wonogiri, ing dina Kemis Kliwon, 13 Januari 1966. Makarya minangka guru basa Jawa ing SMP Negeri 2 Kismantoro Wonogiri wiwit taun 2005. Sadurunge kuwi nate dari guru ing saperangan SMP swasta ing Sala.
Ora nate sekolah ing bangku TK. SD karampungake ing taun 1979, SMP ing taun 1982, lan SMA ing taun 1985. Nate ngrasakake kuliah ing IKIP Veteran Sukoharjo (saiki Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo) ing taun 1985/1986. Rumangsa salah jurusan jalaran ora kepengin dadi guru, ing taun 1986 mlebu ing UNS jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Lulus taun 1991. Sajrone limang taun nganggur jalaran ora ana pagawean kang cocog karo karepe. Ing taun 1996 “kepeksa” mulang ing salah sawijine SMP swasta ing Sala. Wiwit wektu kuwi dheweke ngrasakake nikmate dadi guru.
Seneng maca basa Jawa kang awujud apa bae wiwit cilik, nanging miwiti nulis nalika ngancik bangku kuliah. Ora akeh tulisan kang diasilake, jalaran pancen dheweke ora produktif. Tulisan kang awujud rekan (fiksi) kabeh nggunakake basa Jawa, dene tulisan kang awujud artikel ditulis nganggo basa Indonesia lan basa Jawa. Nganti ing wektu iki durung bisa mujudake gegadhangane yakuwi gawe buku kumpulan cerkak, kumpulan dongeng, kumpulan geguritan lan bisa ndadekake salah sawijine muride dadi pengarang Jawa.
Ing wektu iki karo sisihane, Suratmi; lan anake cacah loro lanang kabeh, Paksi Danurdara lan Narottama Tyas Samodra; mapan ing Kp. Gendingan Rt. 04/XIV, Jebres, Surakarta. [Dening Arih Numboro]

Tidak ada komentar:

Posting Komentar