Warni panggah ana ngarep kaca pangilon, senajan anggone dandan wis rampung. Saka rumangsane isih ana sing kurang. Bali ditaliti maneh mbaka siji perangane awake wiwit saka pucuk rambut nganti pucuk driji. Ora, wis ora ana sing kurang. Wis apik, pantes lan ora nguciwani. Senajan wis suwe ora macak nganggo kebayak ngono kuwi nanging nyatane tangane isih prigel nggunakake ubarampene make up lan masang sanggul uga nganggo jarik. Ora maido pancene biyen dheweke nate dadi asisten perias kondhang ing kuthane.
Warni pangling marang wewayangane sing kacetha ing ngarep kaca. Dheweke pangling marang awake dhewe. Kanthi penganggon kaya ngono kuwi dheweke katon luwih enom tinimbang umure. Pancen ayu tenan, mula nalika isih prawan akeh jaka sing padha ngayunake. Sing beja kemayangan Praptono. Pemudha sing prasaja kuwi sing dipilih dening Warni minangka pelabuhaning tresnane. Nganti seprene anggone jejodhoan tansah rukun. Malah ing dina iki dheweke bakal ngijabake anake wadon mbarep.
Sadurunge ninggalake papan kuwi, Warni bali mandeng wewayangane ing kaca banjur ngucap: “Warni, dina iki dina sing wigati kanggo mbukak sejarah sing wis kawuri. Apa kowe wani kandha marang Praptono lan anakmu wadon, ngenani wadi sing kosimpen suwene selawe taun?”
Wewayangan ing kaca kuwi banjur surem cahyane. Mripate sing blalak-blalak kuwi sanalika kembeng-kembeng luh.
“Pancen abot, Warni, nanging kowe kudu bisa kandha. Mesakake anakmu wadon. Dheweke kudu ngerti sapa sejatine bapake. Praptono ora sah manawa maleni Ayu. Dheweke dudu bapake.”
“Aku wedi. Aku ora wani kandha.”
“Kowe kudu wani kandha apa sing sabenere wis kelakon. Yen ora, ateges kowe wis njlomprongake anakmu wadon marang naraka. Omah-omah kuwi gedhe tanggung jawabe. Ora mung ing donya, nanging akerat uga. Aja koanggep gampang.”
“Aku wedi. Swasana kabagyan iki bakal ilang manawa aku mblakakake wadi kuwi. Aku mesakake Ayu yen nganti ngerti Mas Praptono dudu bapake. Mendah kuciwane atine. Atine bakal tatu.”
“Ora. Kowe tetep kudu wani blaka ngenani wadi kuwi. Yen ora saiki kapan maneh. Mumpung durung kebacut kedawa-dawa. Eling, Ayu kuwi anakmu. Aja koelokake dosamu.”
Wewayangane Warni ing kaca kuwi mung bisa ndhingkluk sinambi nangis ngguguk. Dheweke rumangsa keduwung nglakoni tumindak sedheng kala semana sing banjur nuwuhake wiji ing rahime.
Jatmiko, pemudha gegantilaning atine sing digadhang-gadhang bisa mbangun bale wisma kanthi kebak kabagyan, jebul dudu manungsa kang duwe watak satriya. Sawise ngisep manising madune Warni, Jatmiko banjur lunga ora genah parane.
Warni bingung kaya wong edan. Ing saben papan, ing saben panggonan kang kulina dianggo dolan Jatmiko diparani. Anggone ngggoleki Jatmiko paribasane godhong mlumah dikurebake, godhong mangkurep dilumahake. Nanging asile nihil. Jatmiko ilang kaya diuntal bumi.
Kanthi ati kang mbambung, Warni mutusake lunga menyang daleme embahe ing Sukodono. Sekolahe kang lagi kelas loro SMA ditinggalake. Dheweke metu saka olehe sekolah. Bab kuwi ndadekeke kontrang-kantringe wong tuwane sakloron. Nanging Warni tetep mopo ora gelem mbacutake sekolah, senajan diarih-arih nganti kaya ngapa tetep ora gelem bali menyang Sala. Wusanane wong tuwane ngalah.
Kanggo mbuwang tilas ngenani Jatmiko, Warni sesambungan tresna klawan Praptono, pemudha desa sing lugu tur sholeh, kang banjur dibacutake ningkahan. Bab siji iki wong tuwane Warni kepeksa ngalah maneh.
Pancen cepet kaya kilat. Pancen disengaja anggone sesambungan klawan Praptono nganti ningkahan suwene tanpa etungan sasi. Istingarah mung siji, mbuwang tilase Jatmiko.
“Jeng, wis rampung apa durung. Kae lho, wis dienteni.” guneme Praptono sinambi nothok lawang.
Warni kaget banjur age-age ngusapi luh kang ndlewer ing pipine. Sinambi mbenakake make up kang rusak amarga luh, Warni wangsulan: “Iya, Mas, sedhela maneh. Iki wis rampung kok.”
“Ya wis. Takenteni neng ngarepan ya.”
“Eh, Mas. Ayu panjenengan jak mrene. Aku kepengin kandha sethithik. Cepet ya, Mas!” dumadakan guneme Warni canthas kaya oleh kekuwatan anyar. Ora ana rasa wedi, ora ana rasa isin kaya kang dirasakake mau.
Ora antara suwe lawang kamar dithothok lirih saka njaba.
“Ora takkancing.” wangsulane Warni.
Praptono lan Ayu mlebu kamar. Nyawang bojo lan anake mlebu kamar, Warni bali lemes maneh, ora duwe daya maneh. Jantunge saya rosa anggone ndhodhogi dhadhane. Rasane kaya arep mbledhos. Dhadhane ampeg. Ambegane seseg. Warni age-age menyat saka anggone lungguh banjur nubruk lan ngrangkul kekarone sinambi nangis ngguguk.
Praptono lan Ayu padha bingunge. Dheweke ora ngerti marang tumindake Warni.
Ah, mesthi mung saka anggone seneng, ngono batine kekarone.
Nganti sawetara Warni anggone ngrangkul anak bojone ngono kuwi. Sawise rada lerem anggone nangis, Warni banjur nglungguhake kekarone ing dhipan, dene Warni lungguh ing kursi riase.
“Mas Prap lan kowe, Ayu. Aku takkandha sethithik, muga-muga bab iki ora ndadekake kuciwane ati lan banjur nuwuhake rasa gething marang aku.” guneme Warni sajak abot amarga ing dhadhane kaya ketindhihan watu sing gedhe.
Warni meneng. Dheweke durung bisa mbacutake anggone guneman. Ambegane ditata supaya aring lan ora kemrungsung. Bola-bali dheweke ngunjal ambegan. Praptono lan Ayu mung meneng sinambi ngentha-entha apa sing bakal dikandhakake Warni.
“Ndhuk, rungokna ya, aku takmatur marang bapakmu.”
Ayu manthuk alon, senajan katon sareh nanging ing atine ketuwuhan rasa bingung amarga sikepe ibune sing wiwit katon nyalawadi.
“Mas, sadurunge aku matur, aku njaluk pangapura ya.”
Praptono manthuk sinambi mesem.
“Sasuwene iki aku nyimpen wadi sing panjenengan ora pirsa.”
Praupane Ayu sakal malih mbrabak, atine saya goreh bareng krungu guneme ibune ngono kuwi. Nanging Praptono tetep katon sabar lan sareh. Dheweke sajak wis sumadya nampa apa bae sing bakal kelakon. Praupane tetep nyunarake cahya adhem.
“Mas, aku njaluk pangapura ya, amarga selawase iki aku wis ngapusi panjenengan. Aku ora mblakakake wewadi sing sumimpen ing atiku. Kanthi mangkono, selawase iki uga panjenengan mesthi mbiji marang aku yen aku iki wanita sing apik lan tuhu marang panjenengan.”
Kamar bali sepi, kaku. Sing keprungu mung swarane ambegane katelune. Ramene wong sing padha rewang ing njaba ora bisa ngajerake swasana ing kamar kuwi.
“Mas.” guneme Warni cekak. Luhe wiwit mili nelesi pipi. Sajak ora kuwat nggembol wadi isining ati, Warni banjur nubruk pangkone Praptono sinambi nangis ngguguk.
Mangerteni kaanan kaya mangkono kuwi Ayu sangsaya bingung. Dheweke mung njegreg kaya tugu amarga ora ngerti apa wewadi sing sumimpen ing atine ibune.
Praptono kanthi sareh lan sabar ngelus bahune Warni sinambi guneman: “Jeng, suntaken kabeh rasa sing ngganjel ing atimu. Ora sah ana sing ditutup-tutupi. Ora-orane aku bakal nesu utawa gela. Saumpama bener sliramu luput, wis dakapura sadurunge sliramu njalauk pangapura. Sliramu kuwi bojoku, sisihanku, dadi kabeh sing kosangga ya mesthi dadi sangganku uga.”
Ya sikep sing kaya ngono kuwi sing ndadekake Warni saya tresna marang Praptono, nanging uga ndadekake rasa dosa sing saya gedhe marang Praptono.
“Mas, aku takmatur, ya.” guneme Warni lirih sawise bisa ngendhaleni emosine. Panyawange ngener mripate Praptono sing sorote adhem lan nentremake kuwi.
Praptono manthuk alon sinambi mesem. Luh sing isih kumembeng ing mripate Warni diusapi alon kenthi kebak asih. Ayu sing nyawang lelakon kuwi dadi trenyuh atine. Ing batin Ayu kandha: “Semono gedhene tresnane bapake marang ibune.”
“Mas, sejatine Ayu kuwi dudu putramu.”
“Ibu!” tembunge Ayu sora. Dheweke ora percaya marang guneme ibune sing mentas dirungu.
“Saestu, Bu, kula sanes putranipun Bapak?!”
Warni manthuk alon.
Ayu banjur nutupi raine nganggo epek-epeke. Dheweke nangis.
“Wis, wis. Kabeh wis kelakon. Kabeh lelakon iki ana sing ngatur. Awake dhewe sadrema nglakoni.” guneme Praptono sareh sinambi nglungguhake Warni ing sandhinge lan banjur ngrangkul Ayu kanthi kebak asih.
Krungu tembung mangkono Ayu kaget, luwih-luwih Warni. Lelorone mbatin, yagene Praptono ora nesu babar pisan krungu pengakune Warni.
“Jeng, mangertia. Sejatine aku wis ngerti marang wewadi iki ora antara suwe sawise kita ningkahan biyen. Pancen dakjarag aku ora nguthik-uthik lelakonmu biyene, sabab aku nedya nampa sliramu apa anane tur sawutuhe.”
“Oh....” Warni ora bisa kumecap. Tangise sansaya ndadi.
“Wis, jeng, wis. Ayo gek enggal metu. Galo wis dienteni Pak Naib.”
Warni age-age ngusapi luh sing kaya banjir nelesi pipine.
Ayu mandeng Praptono. Dheweke ora enggal ngadeg saka papan kuwi. Dheweke sajak njaluk pepesthen ngenani apa sing dikandakake Warni, ibune.
Praptono mung mesem sinambi manthuk.
“Oh....”
(Arih Numboro)
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Budaya Jawa
Nembe pun garap sedulur...
ndherek pitepangan![]()
Blog ArchiveTopik
Followers |
Tidak ada komentar:
Posting Komentar